Blogger Widgets Sinau Basa Jawa bereng Hanif Rahma: Oktober 2013

Rabu, 09 Oktober 2013

Esai Basa Jawa



 Moral Wong Indonesia Mrihatinake

Moral wong Indonesia saiki saya mrihatinake. Saiki, akeh wong-wong sing ora gatekake marang tindak-tanduke. Ora mung wong gedhe sing tindak tanduke kurang trep, nanging uga bocah cilik. Akeh bocah cilik sing ora duwe tata krama. Jaman biyen, yen bocah ketemu marang wong sing luwih tuwa, mesthine padha ngurmati. Bocah uga mlakune rada bungkuk yen liwat ing ngarepe wong sing luwih tuwa. Nanging sakiki beda, bocah yen liwat ngarepe sing luwih tuwa, teka liwat wae, malah ora permisi barang.
Tumindak bocah sing mengkono kuwi kudune dadi prihatine wong tuwa. Wong tuwa kudu luwih gatekake marang anake. Wong tuwa kudune ngajari tata krama marang anake kawit cilik. Bocah uga aja dimanjakake nalika isih cilik. Wong tuwa jaman sakiki kerepe ngekeki apa wae kang dipengeni anake. Tumindak iki pancen becik, nanging uga ora bener. Bisa wae anak dadi kurangajar marang wong tuwane.
Kabeh wong tuwa mesthine pengen bisa nyukupi kabeh kang dadi butuhe anak. Nanging wong tuwa sakiki kurang bisa milih endi sing kudune diwenehake marang anak lan endi kang kudune durung oleh dicekel bocah. Contone wae kaya handphone, laptop, iped, kang sakiki padha dicekel dening bocah cilik. Bocah pancen perlu dimangerteni dening barang-barang elektronik, nanging wong tuwa kudune ngerti kapan wayahe bocah nyekel barang-barang elektronik mau. Bocah kudu diawasi, dadi gaweane ora mung dolanan nanging uga gelem sinau.
 Wong tuwa sing banget anggone nyukupi butuhe anak, mesthi dadekake anak ora wedi marang wong tuwane. Kepriye anak bisa ngurmati wong tuwane yen sakiki wong tuwa wae malah wedi marang anake dhewe? Pancen kuwalik, kudune anak sing wedi marang wong tuwa, nanging sakiki malah wong tuwa sing wedi marang anake. Yen mengkono, mesthine wong tuwa bakal kuwalahan anggone ngajari tata krama marang anak. Wong tuwa kudune ngajari tata krama kawit bocah isih cilik, dadi gedhene ora kurangajar karo wong tuwane.
Ngajari tata krama marang anak ora mung dadi tanggung jawab kanggo wong tuwa sing nang ngomah, nanging uga dadi tanggung jawabe guru ing sekolah. Guru kudune menehi conto kang apik kanggo muride. Nanging, ya kuwi mau, pancen moral wong Indonesia iki wis luntur. Sakiki guru sing kudune dadi panutan kanggo muride wae tumindake uga kurangajar. Wis akeh pawarta kang ngomongake tumindak para pendhidhik sing adoh saka moral sing bener.
Guru sing kudune ngajari tata krama marang muride malah tumindak ala. Contone wae, ana guru kang selingkuh karo karyawan liya. Uga ana padha dene guru kang selingkuh. Conto liyane, ana guru kang merkosa muride dhewe ora mung siji nanging nganti welasan. Yen tumindak para pendhidhik wae kaya mangkono, piye moral wong Indonesia bisa apik?
Kabeh wong kudune bisa gatekake tindak-tanduke dhewe-dhewe. Aja nganti tumindake kuwi nyilakani wong liya. Aja nganti tumindake uga nglarani atine wong liya. Yen tumindake dhewe wis apik, mesthine ning masyarakat uga bisa apik lan bisa menehi conto kanggo wong liya. Kabeh kuwi pancen saka awake dhewe, hudu saka wong liya.


Uwuh Kang Numpuk
Indonesia kalebu negara kang subur. Nanging, akeh masalah kang diadhepi dening Indonesia. Masalah mau ora mung masalah pemerintahan, nanging uga masalah lingkungan. Masalah kang kudu digatekake dening masyarakat yaiku uwuh. Kawit jaman biyen nganti sakiki, masalah uwuh iki pancen ora bisa dirampungake.
Masalah uwuh iki asale ya saka wong-wong kang ora gatekake marang lingkungane. Isih akeh wong kang buwang uwuh sak karepe dhewe. Wong sakiki, anggepane yen mung buwang bungkus permen wae ora dadi masalah. Ananging, wong-wong mau ora padha mikir, yen saben menite ana wong atusan kang buwang bungkus permen, mesthine negara iki isine ya mung tumpukan uwuh wae.
Masalah uwuh iki kudune dadi perhatiane kabeh warga Indonesia. Masyarakat aja mung nyalahake pemerintah yen pemerintah durung bisa ngatasi uwuh kang saya numpuk. Masyarakat kudune bisa introspeksi dhiri sakdurunge nyalahake wong liya. Yen masyarakat pengen negara iki bebas saka uwuh, kudune masyarakat gelem jaga lingkungane. Cara kang paling gampang kang bisa dilakoni yaiku buwang uwuh ing panggonan kang wis ana.
Masalah uwuh iki bisa diatasi kanthi maneka warna. Cara sing sederhana yaiku ngelengake yen ana wong liya kang buwang sampah sak karepe dhewe. Yen wong kang dielengake mau ora gatekake, awake dhewe uga bisa jupuk uwuh mau banjur lebokake ing panggonane. Uwuh uga ana sing bisa di daur ulang dadi apa wae. Nyatane sakiki wis akeh wong sing padha gawe tas saka bungkus jajanan utawa bungkus detergen. Sakliyane bisa dadi lahan kanggo golek dhuwit, cara iki uga bisa kanggo ngurangi uwuh kang ana ing cedhake dhewe. Cara iki mesthine ora mung nguntungake kanggo awake dhewe, nanging uga nguntungake kanggo lingkungan.
Cara liya kanggo ngatasi uwuh yaiku nganggo tas blanja dhewe. Iki tujuwane kanggo ngurangi anane uwuh plastik. Apa maneh uwuh plastik ora bisa bosok yen ana lemah. Yen awake dhewe gawa dhewe tas blanja nalika lagi blanja, mesthine awake dhewe ora butuhake plastik maneh. Nganggo cara iki, awake dhewe wis melu biyantu anggone ngatasi masalah uwuh.
Uwuh pancen ora bisa diilangake kabeh, nanging paling ora awake dhewe bisa ngurangi anane uwuh. Yen awake dhewe tumindak ala marang lingkungan, mesthine lingkungan bakal menehi balesan kang uga ala. Nanging, yen awake dhewe gelem peduli marang lingkungan, mesthine lingkungan bakal menehi timbal balik kang apik. Mula saka kuwi, awake dhewe kudu bisa jaga lingkungan ing sakiwa tengene dhewe. Yen lingkungan ing cedhake dhewe resik, mesthine awake dhewe uga bakal ngrasa penak.
 

Senin, 07 Oktober 2013

Sinau Gawe Ukara


Ngoko lugu
1.      Adhiku lagi adus.
2.      Aku lunga sekolah bareng kancaku.
3.      Omahku lan sinchan cerak jalaran mung sadesa.
4.      Siti durung garap tugas matematika, dadi ora oleh melu pelajaran Pak Tono.
5.      Aku ketemu kanca SD nalika ing fotokopian.
6.      Anisa tuku buku akeh ing gramedia, dadi aku diwenehi siji.
7.      Atine susi lagi lara jalaran ditinggal pacare.
8.      Yen dolan omahe kakek, aku turu ing amben.
9.      Bab apa wae bisa digawe PKM.
10.  Joni ora gelem mangkat ning Solo jalaran adoh
11.  Ing Magelang, yen bengi utawa esuk, hawane adhem.
12.  Sania tuku sandhal anyar sing bentuke apik-apik.
13.  Nalika ulangan ekonomi, soale angel-angel.
14.  Yundari yen numpak motor alon banget.
15.  Yen ana ing dalan rame, aja banter-banter.
16.  Aku bali sekolah gasik jalaran lagi ujian.
17.  Ani bisa gawe roti maneka warna.
18.  Lulu lan Lili pancen kembar, nanging sifate beda.
19.  Aku durung cetha naika diterangake bab morfologi.
20.  Kali ing desaku pancen cethek, nanging banyune buthek.
21.  Dina iki aku durung nyapu omah, dadi jubine isih ngeres.
22.  Dina Ahad iki, aku arep delok film ning bioskop bareng kanca-kanca.
23.  Adhiku ora gelem mangan jalaran ora seneng lawuhe.
24.  Aku ora bisa mlaku jalaran lara sikile.
25.  Adhiku ora gelem sekolah yen ora ditukokake tas anyar.

Ngoko alus
1.      Mbak Nuris arep tindak endi?
2.      Mas Yoni dhahar karo apa, kok ketoke  enak?
3.      Kangmasku duwe putra lucu banget.
4.      Mbak Nita hurung kondur saka Pemalang, paling kondure dina Ahad.
5.      Mas langit lagi mirsani garapan Fisikaku.
6.      Mas Toni ora rawuh dina iki, paling sesuk rawuh.
7.      Sirahe Mbak Atin lagi lara jalaran kejedhug lawang.
8.      Iki isih jawoh Mbak Lana, mendhing kondur sesuk wae, sakiki nginep kene.
9.      Aku dipundukani Ibu, jalaran aku ora gelem sinau.
10.  Mbak Nina lagi siram nalika aku arep mangkat sekolah.

Krama lugu
1.      Kula mangkeh wangsul jam sedasa Bu.
2.      Wau dalu kula boten saged tilem
3.      Kula badhe tumbas buku wonten pasar johar.
4.      Kula boten sios ngampil buku Mbak Ratna
5.      Mbak Beti menyang Jogja dinten Senin tabuh pitu enjing.

Krama inggil
1.      Bapak badhe tindak Semarang dinten Jumat nitih sepedha motor.
2.      Ibu boten tindak peken jalaran Simbah saweg gerah waja.
3.      Dinten menika, Pak Dwija dhawuhi murid-murid supados reresik kelas.
4.      Ratih badhe nyuwun pirsa dhumateng Pak Rudi ngengeni bab fonologi.
5.      Ustadzah laily boten saged rawuh dinten Ahad ngajeng jalaran badhe tindakan.
6.      Bu naini saweg madosi kunci motor ingkang ical wonten sekolahan.
7.      Mangkeh sonten Bapak kalian Ibu badhe sowan wonten griyanipun Abah Tantoni.
8.      Simbah Putri badhe kondur Magelang dipundherekaken Mas Yusuf.
9.      Siyang menika tasih jawoh, Ibu boten estu tindak peken kaliyan Rofi.
10.  Kula boten wantun Bu menawi piyambakan dhateng griyanipun Wo Srini.

Rabu, 02 Oktober 2013

Daftar Tembung Padanan Bahasa Jawa




no
tembung ngoko
tembung krama
tembung krama inggil
tembung serapan
1
akeh

kathah
Alhamdulillah
2
apa

menapa
bantal
3
ati

manah
download
4
amben

amben
fotokopi
5
adoh

tebih
internet
6
adhem

adhem
komputer
7
anyar

anyar
magh
8
anak

putra
motor
9
angel

angel
ramadhan
10
alon

alon
upload
11
banter

santer

12
bali
wangsul
kondur

13
bisa

saged/waged

14
bareng

sareng

15
beda

benten

16
cetha

cetha

17
cedhak

caket

18
cethek

cethek

19
cekel

cepeng

20
dadi

dados

21
durung

dereng

22
delok
ningali
mirsani

23
enak

eco

24
entuk

angsal

25
entek

telas

26
elek

boten sae

27
gawe

damel

28
gampang

gampil

29
gelem

purun

30
guru

dwija

31
isih

tasih

32
isin

wirang

33
iki

menika

34
ilang

ical

35
jeneng

asma

36
jengkel

jengkel

37
jarit

nyamping

38
kudu

kedah

39
kurang

kirang

40
kesel

kesel

41
kanca

rencang

42
kowe

jenengan

43
ketok

ketingal

44
kesed

kesed

45
karep

karep

46
karo

kalian

47
Lagi

Saweg

48
larang

awis

49
lanang

jaler

50
lemah

siti

51
luru

pados

52
leren

mandhap

53
lara
sakit
gerah

54
loro

kalih

55
mangan

dhahar

56
medhit

medhit

57
mangkat
menyang
tindak

58
mengko

mangkih

59
mlarat

mlarat

60
mudhun

mandhap

61
mulih
wangsul
kondur

62
murah

mirah

63
nesu

duka

64
ngombe

ngunjuk

65
ngantuk

ngantuk

66
ora

boten

67
oleh

angsal

68
padha

sami

69
pasar

peken

70
rasa

raos

71
rusak

risak

72
rana

mrika

73
rene

mriki

74
sinau

sinau

75
sregep

sregep

76
sida
sios
estu

77
sikil
samparan
suku

78
suwe

suwe

79
susah

susah

80
sithik

sekedhik

81
sebel

sebel

82
sugih

sugih

83
slonjor

slonjor

84
sapa

sinten

85
simbah

simbah

86
turu
tilem
sare

87
tuku
tumbas
mundhut

88
teka
dhateng
rawuh

89
tembung

tembung

90
untu

waja

91
udan

jawoh

92
utawa

utawi

93
wis

sampun

94
weruh

pirsa

95
wegah

boten purun

96
wae

mawon

97
wani

wantun

98
yen
menawa
menawi

99
ya
nggih
inggih

100
yekti

yektos