Blogger Widgets Sinau Basa Jawa bereng Hanif Rahma: Esai Basa Jawa

Rabu, 09 Oktober 2013

Esai Basa Jawa



 Moral Wong Indonesia Mrihatinake

Moral wong Indonesia saiki saya mrihatinake. Saiki, akeh wong-wong sing ora gatekake marang tindak-tanduke. Ora mung wong gedhe sing tindak tanduke kurang trep, nanging uga bocah cilik. Akeh bocah cilik sing ora duwe tata krama. Jaman biyen, yen bocah ketemu marang wong sing luwih tuwa, mesthine padha ngurmati. Bocah uga mlakune rada bungkuk yen liwat ing ngarepe wong sing luwih tuwa. Nanging sakiki beda, bocah yen liwat ngarepe sing luwih tuwa, teka liwat wae, malah ora permisi barang.
Tumindak bocah sing mengkono kuwi kudune dadi prihatine wong tuwa. Wong tuwa kudu luwih gatekake marang anake. Wong tuwa kudune ngajari tata krama marang anake kawit cilik. Bocah uga aja dimanjakake nalika isih cilik. Wong tuwa jaman sakiki kerepe ngekeki apa wae kang dipengeni anake. Tumindak iki pancen becik, nanging uga ora bener. Bisa wae anak dadi kurangajar marang wong tuwane.
Kabeh wong tuwa mesthine pengen bisa nyukupi kabeh kang dadi butuhe anak. Nanging wong tuwa sakiki kurang bisa milih endi sing kudune diwenehake marang anak lan endi kang kudune durung oleh dicekel bocah. Contone wae kaya handphone, laptop, iped, kang sakiki padha dicekel dening bocah cilik. Bocah pancen perlu dimangerteni dening barang-barang elektronik, nanging wong tuwa kudune ngerti kapan wayahe bocah nyekel barang-barang elektronik mau. Bocah kudu diawasi, dadi gaweane ora mung dolanan nanging uga gelem sinau.
 Wong tuwa sing banget anggone nyukupi butuhe anak, mesthi dadekake anak ora wedi marang wong tuwane. Kepriye anak bisa ngurmati wong tuwane yen sakiki wong tuwa wae malah wedi marang anake dhewe? Pancen kuwalik, kudune anak sing wedi marang wong tuwa, nanging sakiki malah wong tuwa sing wedi marang anake. Yen mengkono, mesthine wong tuwa bakal kuwalahan anggone ngajari tata krama marang anak. Wong tuwa kudune ngajari tata krama kawit bocah isih cilik, dadi gedhene ora kurangajar karo wong tuwane.
Ngajari tata krama marang anak ora mung dadi tanggung jawab kanggo wong tuwa sing nang ngomah, nanging uga dadi tanggung jawabe guru ing sekolah. Guru kudune menehi conto kang apik kanggo muride. Nanging, ya kuwi mau, pancen moral wong Indonesia iki wis luntur. Sakiki guru sing kudune dadi panutan kanggo muride wae tumindake uga kurangajar. Wis akeh pawarta kang ngomongake tumindak para pendhidhik sing adoh saka moral sing bener.
Guru sing kudune ngajari tata krama marang muride malah tumindak ala. Contone wae, ana guru kang selingkuh karo karyawan liya. Uga ana padha dene guru kang selingkuh. Conto liyane, ana guru kang merkosa muride dhewe ora mung siji nanging nganti welasan. Yen tumindak para pendhidhik wae kaya mangkono, piye moral wong Indonesia bisa apik?
Kabeh wong kudune bisa gatekake tindak-tanduke dhewe-dhewe. Aja nganti tumindake kuwi nyilakani wong liya. Aja nganti tumindake uga nglarani atine wong liya. Yen tumindake dhewe wis apik, mesthine ning masyarakat uga bisa apik lan bisa menehi conto kanggo wong liya. Kabeh kuwi pancen saka awake dhewe, hudu saka wong liya.


Uwuh Kang Numpuk
Indonesia kalebu negara kang subur. Nanging, akeh masalah kang diadhepi dening Indonesia. Masalah mau ora mung masalah pemerintahan, nanging uga masalah lingkungan. Masalah kang kudu digatekake dening masyarakat yaiku uwuh. Kawit jaman biyen nganti sakiki, masalah uwuh iki pancen ora bisa dirampungake.
Masalah uwuh iki asale ya saka wong-wong kang ora gatekake marang lingkungane. Isih akeh wong kang buwang uwuh sak karepe dhewe. Wong sakiki, anggepane yen mung buwang bungkus permen wae ora dadi masalah. Ananging, wong-wong mau ora padha mikir, yen saben menite ana wong atusan kang buwang bungkus permen, mesthine negara iki isine ya mung tumpukan uwuh wae.
Masalah uwuh iki kudune dadi perhatiane kabeh warga Indonesia. Masyarakat aja mung nyalahake pemerintah yen pemerintah durung bisa ngatasi uwuh kang saya numpuk. Masyarakat kudune bisa introspeksi dhiri sakdurunge nyalahake wong liya. Yen masyarakat pengen negara iki bebas saka uwuh, kudune masyarakat gelem jaga lingkungane. Cara kang paling gampang kang bisa dilakoni yaiku buwang uwuh ing panggonan kang wis ana.
Masalah uwuh iki bisa diatasi kanthi maneka warna. Cara sing sederhana yaiku ngelengake yen ana wong liya kang buwang sampah sak karepe dhewe. Yen wong kang dielengake mau ora gatekake, awake dhewe uga bisa jupuk uwuh mau banjur lebokake ing panggonane. Uwuh uga ana sing bisa di daur ulang dadi apa wae. Nyatane sakiki wis akeh wong sing padha gawe tas saka bungkus jajanan utawa bungkus detergen. Sakliyane bisa dadi lahan kanggo golek dhuwit, cara iki uga bisa kanggo ngurangi uwuh kang ana ing cedhake dhewe. Cara iki mesthine ora mung nguntungake kanggo awake dhewe, nanging uga nguntungake kanggo lingkungan.
Cara liya kanggo ngatasi uwuh yaiku nganggo tas blanja dhewe. Iki tujuwane kanggo ngurangi anane uwuh plastik. Apa maneh uwuh plastik ora bisa bosok yen ana lemah. Yen awake dhewe gawa dhewe tas blanja nalika lagi blanja, mesthine awake dhewe ora butuhake plastik maneh. Nganggo cara iki, awake dhewe wis melu biyantu anggone ngatasi masalah uwuh.
Uwuh pancen ora bisa diilangake kabeh, nanging paling ora awake dhewe bisa ngurangi anane uwuh. Yen awake dhewe tumindak ala marang lingkungan, mesthine lingkungan bakal menehi balesan kang uga ala. Nanging, yen awake dhewe gelem peduli marang lingkungan, mesthine lingkungan bakal menehi timbal balik kang apik. Mula saka kuwi, awake dhewe kudu bisa jaga lingkungan ing sakiwa tengene dhewe. Yen lingkungan ing cedhake dhewe resik, mesthine awake dhewe uga bakal ngrasa penak.
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar