Blogger Widgets Sinau Basa Jawa bereng Hanif Rahma: Sinau Gawe tembang

Rabu, 18 September 2013

Sinau Gawe tembang


Asmarandana
Golek ilmu iku penting
Kanggo kepinteran awak
Mula aja nyepelekke
Marang ilmu kang manfangat
Supaya ra kuciwa
Golekana akeh ilmu
Muga mengko dadi guna

Durma
Kita kudu bekti marang ibu bapak
Durhaka aja nganti
Mulyakke wong tuwa
Jaminan mlebu surga
Anak iku kudu bekti
Menawi isa
Dadia cah gemati


Dandhang gula
Urip iki saderma nglampahi
Wis cinathet kang Maha Kawasa
Kudu mikir akhirate
Nyembah Gusti Kang Agung
Iku syarat amlebu swargi
Supaya ra sengsara
Dadia wong jujur
Mulya donya lan akhirat
Mula aja nganti nglanggar printah Gusti
Supaya bisa beja

Sinom
Aja namung golek bandha
Ana donya mung ping siji
Urip iki sauntara
Mesthi rusak bumi iki
Bakalan nemu mati
Ra ana kang bisa nulung
Kajaba amal kita
Mula dadia wong becik
Supaya mlebu surga

Tidak ada komentar:

Posting Komentar