Blogger Widgets Sinau Basa Jawa bereng Hanif Rahma: Pidhato

Kamis, 26 Desember 2013

Pidhato


Pidhato yaiku ngomong ana ing sangarepe wong akeh lan duwe maksud sing gumathok.
Ancase pidhato:
1. Kanggo aweh kawruh utawa seserepan marag wong liya.
2. Kanggo aweh kasenengan marang wong kang ngrungokake/ hiburan.
3. Kanggo sesuluh/ ajak-ajak/ ngajak kang ngrungokake supaya gelem tumindak kaya kang diandharake pamedhar.
Perkara kang kurang becik nalika pidhato, yaiku:
1. Sikap awak kang kurang prayoga: ngadek nganggo sikil siji, lendhehan papan ngomong/ mimbar, ngadek kanthi sikil kang rapet utawa kekamban, ora nggatekake papan panggonan.
2. Owah-owahane ulat/ pasuryan kang kurang becik: Ngguyu kang digawe-gawe, mbesengut, gugup.
3. Obahe awak kang kurang becik: Obahe awak ora jumbuh karo sing diomongke, ngukur kuping utawa rambut, nglebokake tangan ing sak clana, kerep nonton cathetan utawa dhuwur.
 
Cara nggawe pidhato:
1. Nemtokake tema atau topik.
2. Nemtokake ancas utawa tujuan.
3. Ngumpulake bahan.
4. Gawe cengkorongane (kerangka).
Urut-urutan naskah teks pidato :

1.      Pambuka

a.       Salam

Tuladha: Assalamualaikum Wr Wb

b.      Atur pakurmatan

Tuladha: Inagkang dahat kinurmatan Bapak Kepala sekolah, ingkang kula tresnani kanca-kanca…

c.       Atur Puja Puji Syukur

Tuladha: Langkung rumiyin mangga sareng-sareng ngunjukaken puja puji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang sampun maringi kanikmatan dhumateng kita sadaya.
2.     
Isi Pidhato

Tuladha: Wonten ing mriki keparenga kula matur ....


3.      Panutup

a.       Ringkesan isi pidhato

b.      Atur panyuwun pangapura

Tuladha: Cekap semanten anggen kula matur, mbok manawi wonten lepat kula nyuwun pangapura.

c.       Salam Panutup

Tuladha Pidhato
Assalamualaikum Wr Wb

Sugeng sonten Bapak saha Ibu Guru ingkang kinurmatan, sugeng sonten kanca-kanca ingkang kula tresnani. Sonten menika kula badhe ngandharaken “Papan Murwat tumrap kang Kasoran” ingkang nate dipunserat kaliyan Bapa Sucipto Hadi Purnomo.

Menang, sinten wonten mriki ingkang boten kepingin? Mesthi sedaya kepengin nggayuh kamenangan. Mila, boten mokal menawi kathah ingkang linuwih siyaga nampi kamenangan tinimbang lila legawa narima kekalahan. Ananging, sejatosipun kabudayan Jawa, mliginipun ingkang ginelar wonten sejarah, boten wonten ingkang paring asung piwulang mungguh kepripun supados tansah siyaga narima kanyatan pait wau.

Saking catetan sejarah, kathah tiyang ingkang migunakaken perang nalika ngrebutaken panguwasa. Kepara paten-pinaten sampun dados cara ingkang limrah. Saengga, nalika wonten perkawis, linuwih asring dipunrantosaken kanthi adu katiyasan sarta kajuligan. Puwantenipun, mesthi wonten pihak ingkang menang ugi wonten ingkang kasoran.

Kajawi namung ngrekadaya supados kamenangan wau saged dipunkukuhi, tumrap ingkang menang, kados boten wonten perkawis malih. Ananging, kangge tiyang ingkang kalah, limrahipun gadhah pamanggih menawi tetandhingan wau dereng rantos. Mila kathah rekadaya saged tinempuh kangge nebus njareming manah ibaratipun balas dendam. Sebab, kathah ingkang nganggep kekalahan wau boten minangka kanyatan ingkang dipunadhepi ugi dipuntampi kanthi lila legawa. Pratandha menika menawi boten gampil anggenipun narima kekalahan.


Menawi sadhar bilih tiyang ingkang kalah saged males, mila racakipun tumrap ingkang kalah boten wonten ampunan. Kekalahan, jroning paprangan, limrahipun lajeng kapungkasan dening oncating nyawa ingkang kasoran.


Tuladhanipun, wonten jagad pewayangan, nalika perang brubuh Alengka, inggih Rahwana kasoran yudanipun mungsuh Rama kaliyan bala wanara, ngantos nemahi tiwas. Ananging, yitmanipun Rahwana boten narima. Mila wonten jaman salajengipun, yitmanipun Rahwana ngrekadaya supados saged males kekalahanipun marang titisanipun Rama.


Saengga, kita saged mangertosi menawi oncating nyawa pihak-pihak ingkang kalah, pranyata dereng dados jaminan menawi perkawis wau sampun tuntas. Sebab, tasih wonten pingget kaliyan seriking ati utawi saged dipunarani dendam kesumat, ingkang tansah ngrembaka wonten jajanipun putra wayah jalaran boten saged nampi kekalahan wau.


Salajengipun, menapa boten wonten tepa palupi mungguh kepripun anggenipun nampi kekalahan kanthi prawira?


Kehriyen, wonten tuladha nalika Sumantri nantang ratu gustinipun, Prabu Harjunasasrabau adu katiyasan.  Nalika semana, Sumantri kalah. Nanging sang nata kepranan dening satriya menika. Semanten ugi Sumantri, kajaba saged nampi kekalahan, perang tandhing wau dados pancatan anggenipun suwita boten sanggarunggi malih. Tuladha menawi ingkang menang kaliyan ingkang kalah saged nglenggana ugi nampi kanyatan.


RM Sasrakartono ugi paring sabdatama ingkang kawentar, inggih menika “menang tanpa ngasorake”. Piwulang wau asung sasmita menawi menang menika boten menapa-menapa. Lajeng menang ingkang linuwih sampurna inggih menika menang tanpa ngasoraken, saengga ingkang kalah boten rumangsa kasoran. Kanthi mekaten, ingkang kasoran saged angsal papan ingkang murwat.


Sanajan kekalahan tansah nuwuhaken raos getir, boten ateges kemenangan tansah damel kabungahan sarta kabagyan. Tuladhanipun Pandhawa. Pungkasanipun Baratayuda, kulawarga Pandhu linuwih unggul, lajeng kulawarga Kuru kasoran, kepara katumpes tapis tanpa tilas. Nanging kanyatan Yudhistira kaliyan adhi-adhinipun namung saged ngranggeh kamenangan ingkang sepi.


Menawi wonten paribasan Indonesia inggih menika “menang jadi arang, kalah jadi abu”. Sejatosipun, menang utawi kalah menika inggih sami-sami sangsara.


Miturut pamanggih kula, menang kalah sampun dados perkawis ingkang limrah sajroning nglampahi kadonyan. Ananging, menang kalah menika ateges ngrebataken perkawis ingkang sae. Tuladhanipun, mahasiswa sami lelayaran supados angsal IP ingkang cumlaude. Lajeng wonten ingkang sampun angsal IP cumlaude, nanging wonten ingkang dereng. Ingkang saged cumlaude ibaratipun tiyang ingkang menang lajeng ingkang dereng cumlaude tiyang ingkang kalah. Tiyang ingkang kalah menika mesthi boten narima, lajeng piyambakipun sinau linuwih sregep supados saged cumlaude kados rencangipun.


Nah, menika ingkang kedah kula kaliyan panjenengan sedaya gatosaken, bilih lelayaran menika sah-sah mawon menawi wonten kesaenan.

Mekaten ingkang saged kula andharaken.
Wassalamualakim Wr Wb.
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar