wayahe surup nalika aku mudhun saka bis
ratane teles jalaran isih grimis
saka pretelon aku nyabrang ngrasa atis
nanging aku malah pringas-pringis
jalaran wis tekan kuthaku sing manis
langite isih netesake banyu udan
keprungu suwarane adzan saka kadohan
“Ojek mbak,” ujare bapak-bapak nawari pitulungan
“Mboten Pak” semaurku kanthi sopan
tak tunggu tekane sing arep methuk
ora suwe ana sing nyerak banjur manthuk
aku paham sapa sing teka nggawa motor nganggo mantol
lampune ora urip dene dalane saya ora katon
mung riting kiwa sing kethap-kethip mertandhani
sing ning ngarep mesthi kadhemen tangane
uga ora keri pedhes mripate
kabeh dilakoni mung kanggo putra semata wayange
pura kang ora ngerti mesakke
sing sepuh kadhemen boncengake
sing mburi mung lingak-linguk
ora ngrasani sing ngarep sayah bali kerja
Desember 2013
Tidak ada komentar:
Posting Komentar