Jam
kang ana meja kerjaku wis nuduhke jam loro esuk. Laptope taktutup, rasane
mripatku wis ora kuwat meneh kanggo melek. Kaca mripatku takcopot, aku banjur
nyelehke awak ana kasur. Rasane awak iki pegel banget, kawit esuk durung leren.
Yen lagi kesel kaya ngene iki, biyasane aku dipijeti karo bojoku. Nanging wengi
iki, bojoku ora ana ing sandhingku. Wis ana seminggu, turuku ora dikancani karo
sisihanku kang bagus kae.
Aku
nyoba meremake mripat, nanging isih durung bisa turu. Rasane akeh banget kang takpikirke.
Nganti jam telu seprapat aku isih durung bisa turu. Aku tangi raup banjur mlebu
ndhapur kanggo masak.
“Bu, sampun
masak?” pitakone anakku kang ngerti aku racik-racik.
“Iya Nang, meh
sholat tahajud?” pitakonku marang anakku kang paling sregep sholat mbengi kuwi.
“Inggih Bu”.
“Ya wis kana
ndang sholat”.
“Bu, Eyang
pripun?”
“Wis, ra usah
kok pikir. Kana ndang sholat, dongakna Eyangmu.”
Faisal ora
semaur banjur lunga wudhu.
Aku isih
racik-racik, ngirisi lombok lan janganan sing arep takmasak. Nanging pikiranku
ora ana kono, malah mikirke liyane, dadi drijiku kena landhepe peso. Faisal
kang lagi wae rampung wudhu, weruh drijiku rupa getih, age-age njupuk obat
kanggo aku. Kanthi ngati-ati anakku lanang iku ngobati drijiku.
“Dhik, Ibu
napa?” pitakone Anis kang weruh drijiku lagi diperban dening Faisal.
“Ibu ora papa
kok Nduk,” semaurku alus.
“Ibu niki lho,
menawi kathah pikiran, boten sisah iris-iris,” pangucape Faisal kang wis
rampung ngobati drijiku.
“Inggih Bu, Dhik
Isal leres, boten sisah iri-iris menawi kathah pikiran,” tambahe Anis uga
ngandhani aku.
“Iya, Iya, Ibu
ora papa. Wis ta ra usah kuwatir,” semaurku marang bocah-bocah.
“Nggih mpun,
sakniki Anis mawon ingkang masak. Ibu ngaso mawon.”
“Tenan Nduk?”
“Inggih Bu, saestu”.
“Ibu masak’e akeh
lho”.
“Kok kathah
Bu?”
“Lha iya,
kanggo Bapak lan Eyang barang”.
“Anis mangke
ndherek ting rumah sakit nggih Bu?”
“Isal nggih
dherek nggih Bu?”
“Iya, iya, oleh
melu kabeh,” semaurku kang gawe bocah loro mau seneng banget.
Wis
naka seminggu Ibuu ana rumah sakit, dadi bojoku nunggoni ana kana, durung tau
bali. Yen salin klambi, bendinane aku kang nggawake nang rumah sakit. Ibuu
pancen duwe penyakit jantung.
Wingi-wingi ora papa, nanging teka-teka jantunge krasa lara meneh.
Aku
sedhih banget yen kelingan Ibu kang lagi ana rumah sakit. Apameneh Ibu kudu
oleh prawatan khusus jalaran penyakite wis parah. Nanging, aku lan Mas Rusli
lagi ora duwe akeh simpenan kanggo menehi prawatan kang apik kanggo Ibu. Apa
meneh Anis bakal mlebu kuliyah, seminggu meneh kudu wis mbayar administrasi.
Dene si Faisal rong dina meneh ana tour ning Bali kang ora ngetokke
dhuwit mung sethithik.
***
“Mas, njenengan
ngaso rumiyin, siram lajeng sarapan, menika kula sampun beta dhaharan ugi
rasukanipun njenengan,” pangucapku nalika tekan rumah sakit.
“Ya dhik, Mas
takadus ndhisik. Nduk, Nang, Ibu lan Eyang ditulungi yen prelu apa-apa,” semaure
mas Rusli karo pesen karo bocah-bocah.
“Nggih Pak,”
semaure anak-anak ku barengan.
Ibuu
lagi sare, jare Mas Rusli nembe wae ngombe obat. Rasane aku pengen nangis weruh
Ibuu kang saya kuru. Nanging aku ora pengen anak-anakku weruh Ibune iki nangis.
“Dhik, aku kudu
ngomong,” ngendikane Mas Rusli sawise dhahar.
“Nggih Mas,
mangga”.
“Aja ning kene,”
semaure Mas Rusli karo ndelokke bocah-bocah kang lagi mijeti Eyange.
“Nduk, Nang,
Ibu lan Bapak metu ndhisik ya.. Tulung Eyang dijaga,” pesenku marang
bocah-bocah. Bocah loro mau mung manthuk-manthuk. Aku lan Mas Rusli banjur metu
saka kamar, lungguh ing kursi ora adoh saka kamare Ibu dirawat.
“Kados pundi
Mas? Pitakonku ora sabar.
“Dhik, saiki
Ibu mbutuhake prawatan kang luwih seka iki. Jare dhokter, gerahe Ibu wis parah.
Nanging dhik, kanggo mbayar prawatane Ibu ora murah.”
Mas Rusli ora
nerusake ngendikane.
“Pripun nggih
Mas, kula tasih bingung, tabungan kula ugi sampun telas. Namung nyisihke kangge
maem,” semaurku.
Aku lan Mas
Rusli meneng. Padha dene le bingung.
“Dhik, apa
mobile kae didol wae?” pamanggihe Mas Rusli.
“Mboten Mas,
Mboten. Nika mobil ingkang dipunimpekake kaliyan njenengan kawit awake dhewe
bebojoan. Nembe saged njenengan pundhut setaun kapengker. Kula boten ikhlas
menawi mobil menika dipunsade.”
“Piya maneh Dhik,
aku ora bisa nyilih kantor jalaran kantor pancen lagi produksi barange mung
sithik”
“Kula ugi mboten saged ngampil saking sekolah
Mas. SMA panggenan kula ngajar menika sakniki saweg ngirangi pegawai. Ewadene
tulisan-tulisan ingkang kula kirim wonten majalah utawi koran mboten saged
terbit”
“Ya wis Dhik,
ora apa-apa. Awake dhewe golek dalan liya.”
“Mas, menapa
ngangge tabungan ingkang damel Anis mlebet kuliyah rumiyin?”
“Aja Dhik, mung
garik seminggu meneh kudu wis nglunasi administrasi.”
“Mangke pados
malih”.
“Aja Dhik, seminggu
iku mung sedhilit, meh golek dhuwit ana ngendi?”
“Lajeng kedah
pripun Mas?” pangucapku karo nangis banjur ngekep Mas Rusli.
Omonganku karo Mas Rusli durung nemu
solusine. Sanajan aku iki guru lan Mas Rusli pegawai kantoran, nanging
panggonan awake dhewe kerja pancen lagi ora bisa bantu rekasane awake dhewe.
Dhuwit kanggo ngrawat Ibu mung garik sithik sanajan wis oleh tambahan saka
kanca-kanca kerjane aku lan Mas Rusli. Malah uga oleh tambahan saka Anis lan
Faisal kang ikhlas mbobok celengan kang durung tau dibobok kawit bocah-bocah
isih SD.
***
“Nang, iki
sangu kanggo lunga nang Bali sesuk,” ujarku karo menehake dhuwit marang anak
lanangku kuwi.
“Buk, Isal
boten estu ting Bali,” semaure lirih.
“Lha napa ora
sida?” pitakonku kaget.
“Menika artanipun
kangge Eyang mawon,” semaure karo ngulungke meneh dhuwite.
“Lho iki dhuwit
wis jatahe Isal, sing kanggo Eyang wis ana dhewe”.
“Mboten Bu,
niki damel Eyang mawon”.
“Lha kok ngono.
Iki dhuwit wis Bapak lan Ibu siyapke kanggo Isal tour nyang Bali.”
“Maneman Bu artane”.
“Lha ndene ngerti maneman, banjur dhuwit sing wis gawe mbayar wingi kae, apa ora maneman? Jare wis ora bisa dijaluk ta?”
“Lha ndene ngerti maneman, banjur dhuwit sing wis gawe mbayar wingi kae, apa ora maneman? Jare wis ora bisa dijaluk ta?”
“Inggih Bu,
mboten saged dipunsuwun malih amargi sampun dipunkangge mbayar transport
kaliyan hotel awake dhewe nginep”.
“Lha iya, apa
ora maneman?”
“Nggih maneman
Bu”.
“Ya wis, iki
dhuwite Isal gawa. Besuk yen isal pengen tumbas apa-apa ning kana lak njur ora
lingak-linguk ta? Aja lali ngoleh-olehi mbak mu. Eyang ya aja lali tumbaske
oleh-oleh. Nah, mengko yen dhuwite turah, bisa dicelengi Isal.” Pesenku marang
anak bontotku kuwi.
“Matur nuwun
Bu,” semaure karo ngekep awakku.
***
Dina
iki aku ngganteni Mas Rusli nunggoni Ibu ning rumah sakit. Kepeksa aku ninggal
murid-muridku kanggo njaga Ibu kang paling taktresnani. Rasane saya ora tegel
weruh Ibu kang biyen ngrumat awakku iki, saiki ketok lemes sare ana kasur rumah
sakit. Apameneh saiki Ibu kudu nganggoni selang-selang kuwi supaya bisa ambegan
kanthi lancar. Ora krasa luhku netes nalika nggatekake praupane Ibu sing katon
ngempet larane.
“Nduk,” ngendikane
Ibu lirih.
“Inggih Bu”.
“Ibu pengen
bali, gogok ngomah wae”.
“Kondur pripun
ta Bu? Ibu dereng sehat, mangke mboten kiyat menawi wonten griya.”
“Ora, pokokmen
Ibu pengen bali Nduk”.
“Nggih, mangke
kula matur kaliyan dhokter rumiyin nggih Bu?” semaurku nglegani Ibu.
***
Panjaluke
Ibu nalika rong dina kapungkur, takkira mung panjalukke Ibu kang mung sawetara.
Jebul Ibu pancen pengen bali tenan. Aku lan Mas Rusli ora bisa nolak panjalukke
Ibu. Sanajan dhokter ora ngolehake Ibu kondur, nanging Ibu ngeyel pengen
kondur.
Kanthi
ngati-ati aku, Mas Rusli lan Anis mbobong Ibu saka kursi rodha tumuju mobil.
“Pancen kudu bareng-bareng anggonmu ngongkot beban kang abot, kudu alon-alon
supaya beban mau bisa kok angkat,” ngendikane Ibu nalika wis ana jero mobil takjagani
awakku.
“Nang, welinge
Ibu, yen nyopiri kluwargamu iku sing ngati-ati, aja nganti kesasar” ngendikane Ibu
marang mas Rusli kang lagi nyopir mobil nuju omah.
“Nis, welinge
Eyang, yen dadi cah ayu iku kudune kaya kembang mawar kae,” ngendikane Ibu
nalika liwat toko kembang lan nuduh ing kembang mawar kang apik rupane.
“Kados kembang
mawar pripun ta Yang?” pitakone Anis kang ora mudheng.
“Lha iya, mawar
kae lak rupane apik, nanging mung wong kang tlaten, sabar lan ngati-ati kang
bisa oleh mawar mau jalaran akeh erine”.
Anis kang
njagong jejer Mas Rusli mung kukur-kukur karo ndelokke awakku, aku banjur mesem
jalaran ora mudheng kang dingendikakake Ibu.
“Eh ya, si Isal
wis mangkat nang Bali ya Nduk?” pitakone Ibu marang aku.
“Inggih Buk,
sampun kesah. Menapa Ibu kangen?”
“Iya Nduk, Ibu
kangen karo Isal. Pengen ngrungoke Isal gitaran meneh.”
“Menapa kula
telponke Isal Bu?” pitakonku karo njupuk HP saka tas.
“Ora Nduk, ora
usah. Si Isal rak usah diganggu, ben dhewekke seneng-seneng ana Bali. Ora usah
kok hubungi ndhisik nganti bocahe njaluk dipethuk”
“Oh, nggih mpun
Bu,” semaurku banjur nglebokke HP meneh.
“Nduk, welinge
Ibu kowe bisa kaya suket-suket kae lho Nduk,” ngendikane Ibu nalika weruh
lapangan amba kang akeh sukete.
“Eyang ki lho,
lucuu, masok Anis dipundhawuhi kados mawar, nanging Ibu dipundhawuhi kados
suket ta?” celathune Anis sadurunge aku njawab ngendikane Ibu.
“Ora ngono cah
ayu. Maksude Eyang, suket iku lak ora butuh disirami, nanging bisa lemu-lemu
kaya sing nang lapangan mau. Suket-suket mau mung gumantung dening Gusti supaya
bisa urip.” Andharane Ibu takrungokake temenan. Nanging maksud kang dikarepke Ibu
durung bisa taktampa.
“Nduk, Ibu
ngantuk, pengen turu,” ngendikane Ibu.
“Nggih mpun
Buk, sare mawon”.
Ibu banjur sare
lan sirahe disendhekake ana awakku.
Ora suwe, mobil
kang disupiri dening Mas Rusli tekan ngarep omah. Aku banjur nggugah Ibu kang
isih sare.
“Bu sampun
dugi,” pangucapku nggugah Ibu.
“Yang, wungu,
sampun dugi,” pangucape Anis karo mbukak lawang mobil sisih kiwa.
“Bu, sampun
dugi, mangga mandhap” pangucape Mas Rusli karo nggawa kursi roda sing mau
didelehke bagasi.
Ibu
isih merem, kaya ora mireng. Mas Rusli banjur nyekel tangane Ibu, digolekki
nadhine. Kaya durung yakin, Mas Rusli banjur ndemek gulune Ibu, uga digolekki
nadhine. Isih durung yakin, mas Rusli ndekekake drijine ana irunge Ibu. Mas
Rusli banjur gedhek-gedhek.
Aku wis krasa
ora penak, aku nangis, “Ibu pripun Mas?”
Mas Rusli mung
gedhek-gedhek nyemauri pitakonku, ndelehake tangane ana raine Ibu, banjur
ngucap “Innalillahiwainnailaihiroji’un”. Aku sansaya nangis, Anis uga melu
nangis, Mas Rusli banjur mbopong awake Ibu digawa ana njero omah.
“Bu, aku taktelpon
Dhik Isal ya?” panjaluke Anis isih karo nangis.
“Aja Nduk, mau
Eyang wis pesen aja ganggu Isal,” semaurku.
Aku lagi
kelingan lan mudheng apa kang wis Ibu weling dening kluwargaku. Aku ora bakal
lali karo pamelinge Ibu supaya dadi kaya suket. Bisa urip ora gumantung dening
wong liya, namung gumantung dening Gusti.
cuthel
Tidak ada komentar:
Posting Komentar