Blogger Widgets Sinau Basa Jawa bereng Hanif Rahma: LAKUMU

Senin, 16 Desember 2013

LAKUMU



Aku isih kelingan dhik jaman limang taun kepungkur. Nalika jaman semono, aku ngenteni sauntara suwe nganti ana kang nuku aku. Rupaku uga isih apik, isih ketok yen barang anyar. Ngetoki banget yen aku lagi wae metu saka pabrik. Sanajan rupaku iki ayu lan kualitase uga apik, nanging nyatane aku ora banjur payu jalaran regaku pancen larang. Akeh wong kang janjane seneng karo aku, nanging yen wis padha ndelok regaku, age-age golek liyane.
Ora mung seminggu rong minggu anggonku ngenteni ana sing nuku, ananging nganti rong sasi aku nunggu ing etalase toko. Dina iku dina ahad, nalika ana bapak-bapak kang brengose ketel banget. Bapak-bapak mau njupuk awakku saka etalase, di delok-delok ndhisik, banjur mesem. Bapak-bapak mau mlaku nyeraki sing duwe toko. “Mbak, kula mundhut sepatu ingkang niki” ngendikane bapak-bapak mau karo ngulungke awakku marang Bu Siti sing duwe toko kuwi.
Bu Siti kang dhasare galak ora semaur apa-apa. Sauntara Bu Siti ndelokke bapak-bapak sing prawakane kuru kuwi. Bu Siti nggatekake bapak-bapak kang klambi lan rupane ketok reged uga ting cloneh dening cet werna ijo. Nanging Bu Siti cepet-cepet nglebokke awakku ana kerdhus sepatu lan plastik, banjur diwenehake bapak-bapak mau. Bapak-bapak mau karo mesem ngetokake dhuwit saka dhompete, langung diwenehake Bu Siti. Bu Siti ketok ngitung dhuwite, pas, ora kurang, ora susuk.
Bapak-bapak mau ngguya-ngguyu turut dalan. Aku dhewe mikir-mikir, mengko bakale dinggo sapa? Mesthine ya ora dinggo bapak-bapak mau jalaran aku iki sepatu wedok. Aku wis ora sabar ketemu karo wong kang bakale nduweni awakku.

“Assalamualaikum,” bengokke bapak-bapak mau karo mbukak lawang omah.
“Waalaikumsalam,” semaure wong saka jero.

Bapak-bapak mau ndokokke awakku ana meja banjur mlebu kamar. Ora let suwe ana bocah wadon kira-kira umur pitulas taun. Bocah mau nyeraki awakku, diiling-ilingi, nanging ora wani mbukak.

“Pak, menika ingkang wonten kerdhus menapa?” bengoke.
“Dibukak ta nduk yen pengen weruh,” semaure bapak-bapak saka njero kamar.

Bocah kang rupane ayu mau njupuk kerdhuse banjur dibukak. Mripate ketok mblalak nalika weruh awakku. Sauntara suwe bocah kang rambute dawa kuwi ndelokke awakku tanpa kedhep, malah kaya arep nangis.

“Seneng pora nduk?” pitakone bapake.
Si nduke ora semaur, nanging nibakke luh ing awakku.
“Nduk, seneng pora sepatune?” bapake nyeraki anake kang lagi lungguh banjur dijejeri.
“Nduk, napa kok nangis?” pitakone bapake nalika weruh si nduke kuwi nangis.
“Napa nduk? Apa ora seneng sepatune? Ya wis, yen ora seneng ora apa-apa, mengko Bapak ijolke ana tokone,” ngendikane bapake sanajan dhewekke ngerti yen awakku wis ora bisa dijolke maneh.
“Mboten Pak,” semaure cah ayu mau isih karo nangis.

“Lha terus piye karepmu kok nangis?”
“Maturnuwun Pak,” ngomonge karo ngekep bapake.

Saka njero metu wong wedok sing ketok tuwa rupane jalaran ora tau nganggo pupur, uga ora tau lifenan.
“Pak, Nanik napa kok nangis?” Pitakone karo lungguh ing jejere anake.
“Napa Nik? Kok nangis?” Pitakone wong wadon mau ketok kuwatir weruh anake nangis.
“Mboten napa-napa Buk”.
“Lho kuwi sepatune sapa?”
“Ya sepatune Nduk ta Bune,” semaure Bapak karo ngguyu.
“Owalah, Nanik ditumbaske sepatu anyar karo Bapak? Ya wis ta Nduk ndang dijajal. Pas apa ora.”

Bocah kang jenenge Nanik mau banjur njupuk awakku saka njero kerdhus, diselehke ana ngisor kang durung jubin, isih lemah. Sikile sing tengen mlebu awakku ndhisik, banjur sikile sing kiwa ora gelem keri. Nanik ketok mesem sanajan rupane isih ketara yen bar nangis. Nanik ngadek, banjur awakku dijajal mlaku sejangkah rong jangkah. Nanik ngguya-ngguyu jalaran awakku pas dinggo sikile. Aku uga seneng duwe majikan anyar kang ketok bakal ngrumat awakku kanthi premati.

“Wah, apik tenan nduk dinggo awakmu,” ngendikane Bapak karo ngguya-ngguyu.
“Iya Nik, apik tenan,” semaure Ibuk uga melu ngguya-ngguyu.

“Nduk, kuwi apik yen dinggo kowe kuliyah,” ngendikane Bapak kang gawe Nanik noleh.
“Bapak ki lho, sinten ta sing badhe kuliyah?” Semaure Nanik.

“Ya sapa ngerti kowe mbesuk bisa kuliyah. Ora kudu Bapak karo Ibuk sing mbayari.”
“Lajeng sinten Pak sing badhe nguliyahke Nanik? Wong Nanik ya ora pinter,” semaure Nanik karo mesam-mesem nyauri Bapake kang dikira nggodhani awakke.

“Ya sapa ngerti ta Nduk, wong sekolah iku lak ya ben sing bodho dadi pinter lan sing pinter dadi luwih pinter. Dadi yen awakmu saiki durung pinter, mbesuk bar sekolah dhuwur bisa dadi cah pinter, bisa ngangkat drajate wong tuwa. Wong tuwa iku ora njaluk kowe bisa menehi apa-apa, ning yen kowe bisa sukses lak ya Bapak karo Ibuk sing bakale seneng.”

Ngendikane Bapak dirungokke tenan dening Nanik.

“Iya Nik, Ibuk bakal seneng banget yen kowe bisa sekolah dhuwur. Dadi bocah pinter sing gemati karo wong tuwa.”

Ngendikane Ibuk uga dirungokke tenan, ora ana sing kliwatan.

Wiwit dina kuwi Nanik janji bakal sinau luwih sregep supaya bisa kuliyah sanajan dhewekke ngerti yen Bapak Ibuke ora bisa mbayari kuliyahe. Nanik wis duwe tekad yen awakke bakal dadi bocah pinter kang andhap asor lan bisa nyenengake wong tuwa. Nanik ora meneh ngrungokke omongan tanggane sing kerep ngece Nanik kang saka kluwarga ora duwe nanging ngimpi bisa kuliyah. Nanik bakal mbuktekake dening tangga teparone yen dhewekke bisa sukses.
Nalika ana kamar, Nanik ndelokke awakku kang didelehke ana meja sing gawe sinau. Nanik ndelokke awakku kanthi mantep. Ketok saka rupane yen dhewekke wis mantep dening tekade kanggo nyenengake bapak Ibune.

“Nok, wiwit dina iki, kowe kang bakal ngancani Nanik nggayuh cita-citane Nanik. Wiwit dina iki, kowe kang bakal dadi seksi yen Nanik ora mung bisa ngimpi, nanging ngimpine Nanik bakal dadi nyata,” omongane nanik ketok mantep banget ora mangu-mangu.

Dina kuwi aku uga janji dening majikanku iki yen aku bakal setya nagncani dhewekke mlaku nang ndi wae kang dikarepke. Aku bakal dadi kancane Nanik kanggo nggayuh kabeh karepe atine. Aku bakal dadi seksi uripe Nanik kang lagi wae arep dilekasi.
***
Wis naka setaun aku ngancani Nanik, dadi rupaku wis ora kaya biyen pas isih anyar, nanging jalaran kualitasku apik, dadi isih bisa dinggo.  Nanik wis lulus SMA kanthi biji kang apik. Sanajan ora dadi juwara siji, loro, utawa telu ing sekolahane, nanging Nanik wis marem dening apa kang wis diwenehi dening Gusti. Nanik malah ora ngira yen usahane wingi-wingi bakale oleh kasil sing gedhe banget.
Dina-dina kepungkur Nanik wis golek-golek Universitas negeri kang bisa menehi beasiswa kanggo awakke kuliyah. Nalika wis yakin, Nanik banjur milih UNY karo UNNES, njupuk jurusan Basa Jawa. Alasane Nanik njupuk Basa Jawa yaiku supaya bisa ngerti unggah-ungguh lan bisa nyenengake wong tuwane kang asli wong Jawa. Nanik banjur melu tes kang nalika kuwi dijenengi SNMPTN. Nanik ngajak awakku tes ana Jogja, nanging jalaran Nanik omahe Magelang, dhewekke melu mbakyu saka anak budhene kang kuliyah ana UGM lan kost ana Kaliurang.
Nanik tes ana SMK 5 Yogyakarta ing dalan Kenari 55 Muja-Muju Yogyakarta. Nalika tes, nanik diterke lan dipethuk dening mbakyune. Nanging ing dina pungkasan tes, Nanik ora dipethuk jalaran mbakyune kudu ngelesi. Karo nggawa helm, Nanik nggolek bis trans Jogja. Nanging, ndilalah sing cerak SMK 5 Yogyakarta kuwi lagi ora mlaku.
Kepeksa Nanik mlaku saka SMK 5 Yogyakarta nganti UIN Kalijaga. Aku ngerti yen Nanik wis kesel anggone mlaku. Sikile uga wis krasa lara, nanging dhewekke isin arep nyopot awakku. Nanik saya sedhih nalika tekan UIN, antriyane kang bakal numpak bus trans Jogja mau akeh tenan. Selter kang cilik wae ana patang antriyan kang dawa. Jalaran kesel, Nanik njagong ana sisihe wong kang dodol es doger.
Nanik banjur lungguh lan nyopot awakku uga kaos kakine. Mesthine Nanik kesel banget wis mlaku adoh. Nanik pengen nangis, nanging diempet jalaran akeh wong. Nanik banjur tuku es doger kang regane rong ewu rupiyah. Nanging bar kuwi Nanik kaget jalaran dhuwite mung garik telung ewu rupiyah. Nanik lali dhompete keri ana kontrakan mbakyune.
Nanik banjur bali numpak kopata ireng jurusan Jakal. Nanging Nanik ora dikon mbayar jalaran supire pancen apikan, ngerti rekasane Nanik. Wis tekan pertelon, Nanik lali kontrakan mbakyune. Nanik mubeng-mubeng goleki, jebul kontrakane ana paling pojok. Sawise tekan kontrakan, Nanik ora bisa mlebu jalaran dikunci. Nanik nyopot awakku banjur keturon ana ngarep kontrakan. Nganti jam wolu bengi, nalika  mbakyune bali, Nanik lagi mlebu kontrakan banjur adus. Nanik ora ngerti yen mbakyune sms kunci kontrakane ana ngisor pot kembang.
***
Bengi kuwi, sesasi sawise tes SNMPTN, Nanik oleh kabar saka kancane yen awakke ketampa ana UNNES jurusan basa Jawa. Dina kuwi Nanik langsung ngandhani wong tuwane yen dhewekke bisa kuliyah tanpa mbayar. Bapak Ibune seneng banget krungu kabar kuwi. Aku uga ora kalah seneng ngerti Nanik bisa ketampa kuliyah ana UNNES.
Nanik banjur kuliyah lan aku isih setya ngancani lakune nganti tekan Semarang. Nalika kuliyah, Nanik kagolong mahasiswa sing sregep sinau, nanging uga melu organisasi kang ana kampus. Nanik uga wis wani ngelesi bocah SMP utawa SMA kang butuhake guru basa Jawa.
Naka patang taun aku lan Nanik manggon ing Semarang. Lan omahe Nanik sing ana Magelang wis apik, ora gedheg kaya mbiyen lan ngisore uga wis dikramik. Kabeh kuwi jalaran nalika oleh dhuwit saka ngelesi banjur ditabung. Nalika wis kumpul, diwenehake Bapake kanggo ngrenovasi omahe sithik-sithik. Apa maneh sawise Nanik kerja ana Yogja dadi guru, Nanik bisa ngirim dhuwit kanggo mbangun omah.
***
Nanik bali saka kerja, banjur mandengi awakku kang ana meja riase. Awakku kang wis katon jaitan ana ngendi-endi iki dijupuk alon-alon, dilap nganggo kacu sing ditelesi sithik banjur disemir kanthi ngati-ati.
“Ternuwun ya Nok, kowe wis ngancani lakuku. Aku saiki wis bisa nggayuh karepku, uga wis bisa nyenengke wong tuwaku. Nok, aku isih pengen mlaku adoh, ora mung semene wae. Nanging saiki wis wancimu leren,” Nanik ora neruske omongane, malah neteske luh ing awakku kaya dhik pisanan awake dhewe ketemu.

“Nanging, sanajan tugasmu wis rampung, kowe tetep kudu setya dadi seksi lakuku.”

cuthel

Tidak ada komentar:

Posting Komentar