“Wiwik, ndang sholat nok,” bengok’e Mbok Mimin kongkon anake sholat.
“Iya Mbok,”
semaure anake karo mlayu mlebu.
“Iki rukohe.”
“Ya Mbok.”
Dewi anake Mbok
Mimin banjur sholat sawise nganggo rukoh Mbok Mimin kang wis ala banget rupane.
Dewi pancen durung duwe rukoh dhewe. Dadine nganggo rukoh simbok’e. Mbok Mimin
uga mung duwe rukoh siji thil kuwi. Rukoh kang biyen saka bapak’e nalikane
ngepek bojo Mbok Mimin. Saben dinane Mbok Mimin lan Dewi gentenan yen arep
sholat. Dadi sholate ora tau jama’ah jalaran mung ana rukoh siji.
“Iki Mbok
rukohe,” celathune Dewi sakrampunge sholat.
Rukoh kang
dulungke Wiwik kuwi banjur dilempit karo Mbok Mimin.
“Nok, ibu arep
menyang pasar, Wiwik gogok ngomah ya,” omonge Mbok Mimin karo ngelus rambute Dewi
kang dawa sakbokong.
“Emoh. Wiwik
arep melu Mbok wae,” semaure Dewi ra gelem ditinggal Mbokne.
“Gawane Mbok
akeh, ana godhong gedhang, ana godhong tela, ana lompong, uga ana gula jawa.
Mengko nek Wiwik melu, Mbok ora bisa nggandheng Wiwik.”
“Pokok’e Wiwik
melu Mbok. Wiwik emoh nang omah dhewe.”
“Wiwik lak iso
ngajak Siti dolan mrene, banjur mengko dijak dolanan pasar-pasaran kaya
bendinane kae.”
“Siti ora ning
omah kok Mbok.”
“Lha lunga nang
ndi?”
“Wingi ngomong
karo aku yen Siti arep lunga nang Boyolali.”
“Lha napa nang
Boyolali?”
“Ora ngerti Mbok,
jarene Siti duwe mbah Boyolali.”
Mbok Mimin
banjur manthuk-manthuk.
“Mbok, Wiwik
ndherek simbok tindak… tindak… pasar, eh pe… pe… peken mawon ya?” Penjaluke Dewi
nganggo basa karo Mbok Mimin.
Mbok Mimin mung
ngguyu krungu anake kang wis wolung taun kuwi wis bisa krama raketung sithik
uga isih salah-salah.
“Ya Mbok.. . Wiwik
melu Mbok wae,” omonge Wiwik karo njawil-njawil pipine Mbok Mimin kang wis
ketok kriput jalaran umure sansaya tambah.
“Ya wis, Wiwik
melu Mbok nyang pasar, ning aja adoh-adoh saka Mbok ya, mengko ndak ilang.”
“Inggih Mbok,”
semaure Dewi karo kethip-kethip mripate.
Mbok Mimin lan Dewi
banjur lunga menyang pasar mlaku. Pasar mau adohe ra sepirakna, mung rong kilo.
Dewi nginthil ibune saka mburi. Jalaran Mbok
Mimin nggawa barang kang akeh, Mbok Mimin ora bisa nggandheng si Dewi. Dewi
mlaku ning mburine Mbok Mimin, ora wani adoh-adoh saka Mbok Mimin, wedi nak
ilang, jalaran wis tau ilang nalika biyen lunga nang pasar. Bejane Dewi ketemu
tanggane Mbok Mimin kang paham karo Dewi, dadi Dewi diter nganti omah. Wedi yen
ditinggal simbok’e, Dewi cepet-cepet mlayu yen Mbok Mimin wis ketok rada adoh.
“Mbok.. Wiwik
pengen duwe rukoh,” bengoke Dewi karo mlayu nututi Mbok Mimin kang mlakune
cepet.
“Wiwik lak wis
duwe rukoh ta cah ayu,” semaure Mbok Mimin ora noleh Dewi.
“Kae lak rukohe
Simbok, dudu Wiwik.”
“Ya rukohe Simbok
iku uga rukohe Wiwik.”
“Emoh Mbok. Wiwik
pengen duwe rukoh dhewe. Rukohe kae kegedhen kok. Rambute Wiwik ketok. Jare Pak
Joni kae yen sholat ora oleh ketok rambute Mbok,” critane Wiwik karo Mbok Mimin.
Mbok Mimin ora
banjur nyemauri omongane Dewi. Mbok Mimin mikir, pancen rukoh sing ana ngomah
isih kegedhen kanggo anake kuwi. Rukoh kuwi kudune kanggo wong gedhe, dudu
kanggo Dewi. Mbok Mimin bingung, sajak’e pengen nukokke rukoh kanggo anake
kuwi, nanging dhuwite pancen durung ana.
“Mbok, mengko
nak Wiwik duwe rukoh dhewe, wiwik karo simbok bisa sholat jama’ah,” pengucape Dewi
kang gawe Mbok Mimin ngendhekake jangkahe.
Mbok Mimin
banjur ngeling-eling omongane Dewi. Bener kang diomongake Dewi. Yen Dewi duwe
rukoh, cah loro mesthi bisa sholat jama’ah. Seumur-umur, Mbok Mimin durung tau
jama’ah karo Dewi.
“Mbok, jare Pak
Joni, shalat jama’ah kuwi luwih akeh ganjarane.”
Omongane Dewi
sansaya ngiris atine Mbok Mimin. Apa kang diomongake dening Dewi bener kabeh. Mbok
Mimin antarane seneng lan sedhih krungu omongane Dewi. Seneng jalaran anak’e
kang wis sekolah kuwi bisa mudheng apa kang diajarke gurune. Nanging, Mbok
Mimin uga sedhih jalaran pangarep-arep anake durung bisa dituruti.
“Mbok, Wiwik
kapan ditumbaske rukoh?”
“Besuk ya nok,
yen Mbok ana dhuwit.”
“Tenan ya Mbok?”
Semaure Dewi mringis. Seneng banget jalaran wis dijanjeni Mbok Mimin bakal
ditukokake rukoh. Dewi ora ngerti yen panjaluke mau ora bisa langsung
keturutan. Mbok Mimin sajake uga ora pengen janjeni Dewi. Mbok Mimin mung waton
semaur, jalaran Dewi yen wis di “yoh-i” wae wis seneng banjur liya dina wis
lali, ora nakokke meneh.
***
“Mbok, wingi Pak
Joni dhawuh bocah-bocah nggawa rukoh nang sekolahan,” pangucape Dewi nalika
lagi tangi turu marang Mbok Mimin kang isih merem.
“Gawe apa nok?”
Semaure Mbok Mimin isih ngantuk kang banjur melek.
“Mengko ana
praktek sholat Mbok, dadi dikon nggawa rukoh.”
“Ya wis, nggawa
rukohe Mbok kae.”
“Lha mengko Mbok
sholate nggawa apa?”
“Kowe lak
baline sadurunge luhur, dadi Mbok isih bisa nganggo rukohe.”
“Oh iya Mbok.
Dadi mengko Wiwik nggawa rukohe nyang sekolah ya Mbok?”
“Iya, digawa
wae. Ning saiki ya tangi ta nduk, aja nglendhot Mbok terus. Kae wis adzan
shubuh, ayo ndang sholat.”
“Iya Mbok.”
“Sing sholat
ndhisik Mbok apa Wiwik?”
“Wiwiiiiiii…………..kk,”
semaure karo mluncati Mbok Mimin kang isih turonan lan mudhun saka amben.
Mbok Mimin mung
ngguyu weruh anake kang manut banget karo dheweke.
Nunggu Wiwik
kang lagi sholat, Mbok Mimin lungo menyang pawon. Daden geni ana luweng kanggo
ngliwet lan njangan. Mbok Mimin uga ngedang banyu kanggo Wiwik adus. Wiwik ora
tau gelem adus yen ora nganggo banyu anget. Dadi pendhak esuk Mbok Mimin mesthi
ngedang banyu kanggo wedang lan gawe adus Wiwik.
“Mbok, Wiwik
wis rampung,” bengoke Wiwik saka amben nggone sholat. Amben kang gawe sholat
kuwi ya amben kang saben dinane kanggo turu Mbok Mimin lan Dewi. Mbok Mimin
mung duwe amben siji. Dadi panggonan kanggo sholat uga gawe turu. Apa meneh
omahe Mbok Mimin ngisore durung ditegel apa meneh dikramik. Ngisore isih lemah,
temboke uga mung pager saka pring, dene gendhenge wis padha mlorot. Kadhang Mbok
Mimin sing mbenekke gendheng-gendheng kang mlorot mau, nanging ya yen lagi ora
akeh gaweyan. Jalaran ora ana wong lanang, mbenekake gendheng wae ditandangi
karo Mbok Mimin. Mbok Mimin wis ditinggal mati bojone nalika Dewi umur patang
tahun. Dadi wis ana patang taun Mbok Mimin nggedheke Dewi dewekan ora ana
sisihane.
“Mbok, Wiwik
sampun sholat.”
Wiwik mara nang
pawon banjur ndhodok ning ngarep luweng.
“Ya iki
ditunggu genine. Mbok taksholat.”
“Nggih Mbok.”
Mbok Mimin
banjur ninggal Dewi kanggo sholat subuh. Durung suwe njangkah saka panggonan, Dewi
wis bengok “Mbok, iki banyune wis anget durung? Wiwik arep pakpung”
“Iya Nduk, wis
anget. Teko kok cidhuki nang amber ya.”
Dewi kang wis
mudheng karepe Mbok Mimin banjur njupuk ember kang ana mburi omah cerak sumur. Dewi
banjur nyidhuki banyu kang isih ana luweng mau nang ember. Ember mau banjur
dicangking nang sumur panggonane adus. Sing gawe adus Dewi mung ditutupi pager
saka pring kang dhuwure mung sakdhadhane wong gedhe. Dewi kang bendinane adus
kono, banjur ucul-ucul wae ora isin. Dheweke ora wedi yen ana sing ngonangi
awake lagi adus wewudoh. Jalaran isih cilik, durung duwe isin, dadi Dewi biasa
wae yen adus ora nganggo petelesan.
Sawise adus lan
nganggo klambi, Dewi banjur marani Mbok Mimin kang ana ngarep omah lagi gaweni
sapu saka blarak. Dewi ngulungake jungkat lan karet kanggo ngucir rambute kang
dawa. Dewi njaluk pangku Mbok Mimin, dene Mbok Mimin age-age njungkati rambut
anake.
“Mbok, di kucir
loro sing dhuwur ya Mbok.” penjaluke Dewi karo mringis-mringis jalaran rambute
kang lagi dijungkati simboke kuwi krasa pedhes.
Sawise rampung
dikucir, Dewi mlebu nang ngomah njupuk sega kanggo sarapan tanpa dikongkon Mbok
Mimin. Sawise rampung sarapan, Dewi banjur nemoni Mbok Mimin kang isih nang
ngarep omah.
“Mbok, rukohe
kok ora ana nang amben,” tembunge Dewi.
“Iki wis taklebokke
tasmu Nok.”
“Oh,, ternuwun Mbok.”
“Iya, iya, ya
wis ndang mangkat, wis awan.”
***
Jam setengah
sanga Pak Joni mlebu kelase Dewi. Pak Joni kang dadi siji-sijine guru agama Islam
ing sekolah kuwi kudu mulang nem kelas. Dina kuwi Pak Joni ngajak bocah-bocah
kelas siji menyang mushola kang ana ing sisih kiwa sekolah, jalaran sekolah
kuwi durung duwe mushola dhewe. Ing mushola, Pak Joni ngongkon bocah-bocah
wudhu dhisik banjur nganngo rukoh utawa sarung kang wis digawa. Bocah-bocah
banjur nurut wae apa kang diprintahke Pak Joni.
Sawise wudhu,
bocah-bocah padha nganggo sarung uga rukoh kang wis digawa. Ana kang isih
bingung piye carane nganggo sarung, banjur ditulungi dening Pak Joni. Semono
uga karo bocah-bocah kang nganggo rukoh isih ana kang bingung. Pak Joni dina
kuwi ngajak Bu Winarni wali kelase Dewi kanggo pelajaran praktek sholat mau,
dadi bocah-bocah wedok kang durung bisa nganggo rukoh dibenerake dening Bu
Winarni.
“Rukohe Dewi
kok ana tembel-tembelane ngono ta. Hahaha,” tembunge Marni nalika weruh Dewi
nganggo rukohe.
“Iya, rukohe ya
kegedhen. Hahaha,” semaure Tini kang lagi dibenerake rukohe dening Bu Winarni.
Dewi ora
semaur. Mung meneng wae. Dewi ndelok kanca-kancane kang padha nganggo rukoh
apik, ana kembang-kembange, rupane isih
resik, ora ana tembelane, uga ora kegedhen kaya kang lagi dienggo awake.
Bu Winarni
ndelokke Dewi kang tumungkul ora wani nyawang kanca-kancane. Pak Joni uga
ndelokke Dewi, bocah ayu kang nganggo rukoh kegedhen mau. Dene Bu Winarni
nyeraki Dewi, banjur di delok saka ndhuwur nganti ngisor. Bu Dewi mesem, ora
ngguyoni rukohe Dewi kang wis ala, nanging mesem jalaran bocah ing ngarepe kuwi
ketok lucu rupane. Dewi wis nganggo rukohe kanti bener, ora kaya liyane kang
isih ketok rambute. Dewi wis isa nganggo rukoh mau tanpa ketok rambute.
Bolongan sirah kang isih kegedhen mau, wis diwenehi dom kancing, dadine pas
karo sirahe.
“Dewi ngagem
rukohe sinten?” Pitakone Bu Winarni alon-alon.
“Simbok,”
semaure Dewi ora ndelokke Bu Winarni.
“Kok mboten
ngagem rukohe Dewi piyambak?”
Dewi meneng.
Ora semaur. Malah ndelokke rupane Bu Winarni kang isih nunggu semaure.
“Kenapa nok?”
Pitakone Bu Winarni karo ndelokke Dewi kang ketok sedhih malah ketok arep
nangis.
Dewi isih ora
semaur, malah mlayu, ninggalke Bu Winarni uga kanca-kancane. Dewi metu saka
mushola isih nganggo rukoh, nanging lali ora nganggo sepatune. Dewi mlayu ora
semaur, uga ora mandhek nalika Pak Joni lan Bu Winarni nyelukke awakke.
Bu Winarni lan Pak
Joni malah padha deleng-delengan.
“Pripun Bu?”
Pitakone Pak Joni.
“Pak, menawi
njenengan kula tilar menapa mboten napa-napa?” Wangsulane Bu Winarni karo isih
delok playune Dewi kang wis sansaya adoh.
“Inggih Bu,
mboten napa-napa”
Bu Winarni
langsung mudhun saka mushola, nganggo sepatune, banjur nyangking sepatune Dewi.
Bu Winarni mulih nyang kelas, lan njupuk tase Dewi kang isih keri durung
digawa. Sawise nggawa barang-barange Dewi, Bu Winarni banjur njupuk sepedha
motor lan lunga menyang omahe Dewi.
***
Wiwik ora
langsung bali nyang omahe. Dewi malah njagong ning ngisor wit pelem kang ana
ing lapangan. Dewi kerep ning lapangan kuwi yen lagi pelajaran olahraga bareng
guru lan kanca-kancane. Lapangan iku ora adoh uga ora cerak saka omahe Dewi.
Dewi isih
nangis mesesegen. Rupane abang, uga isih ketok luhe ting dlewer. Pisan-pisan Dewi
ngusap irunge nganggo rok abang kang wis teles dening luhe.
Dewi nangis
karo nyawang rukoh kang wis dicopot saka awakke. Rukoh mau diglethakke ing
ngarepe Dewi lungguh. Dewi mung nangis ora omong apa-apa. Rukoh mau disawang
terus tanpa kedhep. Rukoh mau dicandhak banjur ditarik-tarik nganggo tangan
kiwa lan tengene nganti tembelane rukoh suwek. Akeh tembelan kang suwek,
ndadekake bolonge rukoh. Malah ora mung tembelane sing bolong, nanging ana kang
suwek meneh. Rukoh kang wis suwek-suwek dening Dewi banjur dibuang meneh ing
ngarepe. Dewi ngadek banjur mlayu lunga, midak rukohe mau. Dewi mlayu tanpa
nggatekake rukoh kang wis ala uga tambah reget mau. Rukohe teka ditinggal ing lapangan
ngisor wit pelem mau.
***
Mbok Mimin
ngeterke Bu Winarni nganti ngarep omah.
“Kula pamit Mbok.”
“Inggih Bu
Winarni, ndherekake tindak.”
“Pareng.”
“Mangga, mangga.”
Saklungane Bu
Winarni, Mbok Mimin njagong ing ngarep omah, ngenteni Dewi mulih. Ora let suwe,
ketok bocah wedok cilik ayu kang mlaku ora nganggo sepatu mara ing Mbok Mimin. Mbok
Mimin banjur ngadek.
“Piye nok? Arep
maem?”
Sing ditakoni
mung gedhek, banjur mlebu omah. Mbok Mimin ngerti yen anakke kuwi bar nangis.
Nanging Mbok Mimin ora nakoni sebabe nangis lan bali sekolah ora nganggo sepatu
uga ora nyangking tas kaya pas mangkate.
Mbok Mimin mlebu
omah banjur njagong ing ngarep meja kang kanggo dekekake sega. Mbok Mimin
njupuk sega lan lawuh kang ndhek isuk wis dimasak.
Bar salin
klambi, Dewi marani simboke kang lagi lungguh. Dewi njagong ing sisihe Mbok Mimin.
“Wiwik maem ya?
Mbok dulang arep?”
Dewi mung
manthuk-manthuk. Banjur mangap sakambane supaya sega kang ana tangan simboke
bisa mlebu kabeh.
“Malih nduk?”
Pitakone Mbok Mimin nalika sega ing piring wis entek.
Sing ditakoni
gedhek-gedhek, ngrasa wis warek.
Bar rampung
ndulang Dewi, Mbok Mimin metu ning sumur, ngasahi piring kang ntes dianggo. Banjur
mlebu meneh nemoni Dewi kang lagi ngombe.
“Maeme enak Wik?”
“Enak Bu,”
semaure Dewi kang kawit mau ora ngomong.
Mbok Mimin metu
ning ngarep omah kanggo nerusake gaweyane nggawe sapu saka blarak. Dewi
nginthil simboke. Durung oleh siji sada,
Dewi wis ngruket Mbok Mimin karo nangis. Mbok Mimin mung meneng wae banjur melu
ngruket anake mau.
“Mbok, Wiwik
nyuwun ngapura,” omonge Dewi karo nangis.
“Salahmu apa
cah ayu?”
“Rukohe Simbok.”
“Rukohe
kenapa?”
“Rukohe takbuwang
ana lapangan kana kae,” semaure karo nuding arahe lapangan kang ora ketok.
“Ya wis,
rapapa. Pancen rukohe wis ala”
“Mboke ora
nesu?”
“Lha nesu napa?
Wis rapapa. Saiki Wiwik turu wae ya, Wiwik mesthi kesel,” semaure Mbok Mimin
karo nglus-elus rambute Dewi.
Dewi
nurut-nurut wae karo printahe Mbok Mimin. Awake banjur lunga menyang peturon
dhewe. Ngerti yen simboke lagi akeh gaweyan, ora njaluk kelon.
***
Alon-alon
tangane Mbok Mimin nylurupake bolah ing dom kang dicekeli ing tangan kiwane.
Bola-bali bolah mau diemut, banjur di slurupke nanging ora kena-kena. Sawise
nyoba bola-bali, bolah mau bisa slumurup ing dom. Mbok Mimin njupuk gombal
cilik kang wis diguntingi nganggo peso jalaran ora duwe gunting. Mbok Mimin
ndelehake gombal cilik mau ing gombal werna putih nanging wis ora pati putih,
malah wis rada kuning. Ketara yen gombal mau wis lawas. Gombal putih mau akeh
kang suwek. Gombal cilik dienggo nembel gombal kang suwek mau, banjur dijait
alon-alon.
Dewi kang lagi
tangi turu nyedhaki Mbok Mimin kang ora ngerti tekane. Karo isih ngucek-ngucek
mripate, Dewi ngadek ing sisihe Mbok Mimin. Weruh Mbok Mimin lagi njait, Dewi
cepet-cepet melek, nggatekake apa kang lagi dijait simboke. Weruh kang dijait Mbok
Mimin mau, Dewi nangis meneh.
Mbok Mimin kang
krungu tangise Dewi, banjur noleh.
“Kenapa Nok?”
Dewi durung
semaur.
“Wiwik kenapa
nangis?” Pitakone Mbok Mimin.
“Wiwik njaluk
ngapura Mbok. Wiwik, Wiwik wis salah karo simbok. Wiwik wis gawe rukohe simbok
elik tur reged.”
“Ya wis ora
papa. Mengko yen wis dijait iki lak rukohe dadi apik. Bar dijait banjur Mbok
kumbah, dadi mengko bisa gawe sholat dzuhur.”
“Wiwik njaluk
ngapura Mbok.”
“Iya, iya, uwis
aja nangis meneh. Saiki Wiwik lungguh kene, mengko Wiwik sing nylurupke bolahe
ya.”
Wiwik ngusapi
luhe karo manthuk-manthuk banjur lungguh ing ngarepe Mbok Mimin. Wis rampung
anggone jait, Mbok Mimin lan Dewi metu nang sumur kanggo ngumbah rukuh kang
reged. Mbok Mimin nimba, dene Dewi sing ngumbah rukohe. Wis rampung ngumbah
rukoh, Mbok Mimin banjur memeni rukoh kuwi ing mburi omah.
Nalika rukohe Mbok Mimin dipepe, wis jam 12 awan. Mbok Mimin lan
Dewi nunggu rukohe garing kanggo sholat dzuhur, nanging nganti jam setengah
telu, rukohe durung garing jalaran srengengene ora pati panas.
“Mbok, kapan
sholate?” Pitakone Dewi kang lagi turu ing pangkonane Mbok Mimin.
“Iya nduk,
sedhela meneh.” Semaure Mbok Mimin karo ngulapi kringet kang ana bathuke Dewi.
Nalika Dewi lan
Mbok Mimin isih omong-omongan, ana wong kang ndhodhok lawang omahe Mbok Mimin. Mbok
Mimin banjur menyat saka peturon, dene Dewi nginthil nang burine.
“Assalamualaikum,”
salame tamu mau nalika lawange dibukak dening Mbok Mimin.
“Waalaikumsalam…
eh Pak Joni, mangga pak mlebet,” semaure Mbok Mimin karo mesem.
“Nggih Mbok
Mimin, matur nuwun. Dewi pundi?”
“Niki pak.”
Dewi banjur
metu saka burine Mbok Mimin. Awake kang cilik ketutupan awake Mbok Mimin kang
rada lemu, dadi Pak Joni ora weruh.
“Dewi, niki
bapak gadhah hadhiah kagem Dewi,” tembunge Pak Joni karo menehake plastik kang
dicangking kawit teka mau.
“Niki menapa Pak?”
Semaure Dewi karo nampani plastik mau.
Pak Joni ora
semaur, mung mesem. Dewi banjur mbukak plastik mau, ditokake isine. Ketok
rupane kang seneng, banjur lambene mesem.
“Mbok, Dewi
gadhah rukoh sakniki,” tembunge rada bengok lan njingklik-njingklik.
“Iya ta nduk?
Terus pripun kalih Pak Joni?”
“Oh.. Pak Joni,
matur nuwun,” tembunge Dewi karo mesem, kedhip-kedhip mripate, marai ngguyu
sing nyawang.
“Inggih, sami-sami
cah ayu.” Pak Joni mesem, banjur noleh ning arahe Mbok Mimin.
“Mbok, niki
kagem Mbok Mimin.” Omonge Pak Joni karo ngulungke plastk sijine kang isih
dicekel dhewe.
“Menapa niki Pak?”
Pitakone Mbok Mimin karo nampa plastik mau.
“Nggih niku Mbok,
mugi wonten manfaatipun.”
Mbok Mimin
ngetokake barang kang ana njero plastik mau. Mbok Mimin nangis weruh apa kang
anan njero plastik. Pak Joni uga menehi rukoh kanggo Mbok Mimin.
“Matur nuwun Pak
Joni. Matur nuwun sanget.”
Pak Joni
manthuk-manthuk. Ngguyu lan seneng weruh Mbok Mimin lan Dewi kang seneng banget
bisa duwe rukoh. Barang kang ora sepirakna kanggo Pak Joni utawa wong-wong
liyane, nanging banget regane lan pentinge kanggo Mbok Mimin lan Dewi.
Bibar Pak Joni
bali, Mbok Mimin lan Dewi banjur sholat dzuhur. Dzuhur kuwi dadi pengalamane Dewi
lan Mbok Mimin bisa sholat jamaah. Dzuhur kuwi uga Mbok Mimin lan Dewi ngrasa
yen Gusti pancen mirengake donga-dongane.
Rukohe Mbok
Mimin kang wis garing banjur dientas dening Dewi, digawa mlebu lan diwenehake Mbok
Mimin. Mbok Mimin nglempit rukoh mau lan didelehke ing njero lemari. Mbok Mimin
ora bakal buwang rukoh mau. Rukohe bakal tetep disimpen nganti awake madhep Gusti.
cuthel
Tidak ada komentar:
Posting Komentar