Mbengi iki aku pancen ora bisa turu tenan. Kawit bar Isya aku njajal merem nanging isih wae ora bisa turu. Pikiranku isih tumuju marang wong lanang kang mau awan tak temoni ing sacedhak’e lapangan. Aku ora kelingan babar blas dening wong lanang mau, nanging dheweke ngaku yen kenal marang aku. Aku wis nyoba ngeling-eling wong lanang mau, nanging aku pancen ora kenal. Yen aku ora salah, wong lanang mau jenenge Bagus. Pancen rupane Bagus kaya jenenge. Bagus mau uga ngerti jenengku lan omahku.
Aku ngrasa yen
durung tau ketemu Bagus, nanging nalika aku pethukan Bagus, aku ngrasa
dheg-dhegan banget. Rasane kaya wis tau
cerak karo Bagus. Mula iku saiki aku ora bisa turu jalaran kepikiran cah lanang
kang jenenge Bagus mau.
“Nduk, durung
turu ta?” Pitakone ibu nalika mlebu kamarku.
“Dereng Bu,
dereng ngantuk,” wangsulanku.
“Napa Nduk?”
“Boten
napa-napa Bu?”
“Ra usah goroh
karo ibu. Ana apa ta cah ayu, kandha karo Ibu”. ngendikane ibu karo ngelus-elus
rambutku kang dawa.
“Bu, njenengan
napa ngertos mas Bagus?”
“Bagus endi Nduk?”
“Nika lho bu,
tiyange tasih enem kados kula. Tiyange ugi Bagus, resik…”
“Owalah, Bagus
sing kae. Iya Nduk, ibu ngerti. Ana apa ta?”
“Wau kula
kepanggeh kalian mas Bagus niku. Lajeng tiyangipun nimbali kula, piyambakipun
ngertos kula bu. Ananging kula mboten kemutan kalian mas Bagus niku.”
“Lha iya bocahe
kenal karo kowe Nduk, omahe ya mung ngarep kuwi. Sak ngerepe omahe bu solikhah
iku lho Nduk.”
“Oh, inggih bu,
kula ngertos. Bu solikhah ingkang gadhah toko sembako nika ta?”
“Iya Nduk.”
“Bu, kula kok
saged boten kemutan kalian mas Bagus nggih?”
“Ya wajar wae
ta, kowe lak amnesia seplok kecelakaan nalika ning Surabaya kae, dadi ya
memper yen kowe ora kelingan. Karo ibu lan bapak wae kowe lali ta?”
“Inggih bu,
nanging nalika kepanggeh kaliyan mas Bagus niku, kula kadose nate kenal
piyambake”
“Lha iya mesti
kenal ta, wong bocahe kancamu sekolah kawit SD nganti SMA kok”
“Oh, ngoten bu.
Lajeng saniki piyambakipun kuliah wonten pundi Bu?”
“Lha bocahe kan ora kuliah nanging kerja nerusake
bisnis wong tuwane kang ana ing Jakarta. Lha biyen lak ya kowe ta Nduk sing
crita karo Ibu?”
“Napa enggih Bu?
Kula supe Bu?”
“Ya wis, ra
usah dipikir. Teka alon-alon wae anggonmu ngeling-eling. Saiki turu wae Nduk,
wis bengi.”
“Nggih Bu”
Ibu banjur
mateni lampu kamar lan metu saka kamarku. Sawetara aku ora bisa turu, isih wae
kelingan karo wong lanang kang jenenge Bagus mau.
***
“Nduk, aduse
aja suwe-suwe” ature ibu nalika aku lagi adus.
“Inggih bu,
sekedhap malih”
“Mengko yen wis
rampung, kowe nyusul wae ning mesjid ya cah ayu.”
“Nggih Bu”
Aku ora krungu
suarane ibu. Kayane ibu wis tindak mesjid kanggo ngeterake panganan kang wis
digawe kawit esuk mau. Panganan mau kanggo nyuguhi wong-wong lanang kang lagi
kerja bekti ngresiki mesjid. Ing desaku pancen saben minggune dianakake gotong
royong. Gotong royong mau bisa awujud ngresiki mesjid utawa ngresiki lapangan
kang ana ing desa. Utawa gotong royong ngrewangi salah sijine warga kang lagi
nandang gawe.
Sawise rampung
adus lan dandan saperlune, aku banjur nusul ibu ing mesjid. Ing mesjid wis akeh
wong-wong kang lagi nyekel gaweane dhewe-dhewe. Nalika tekan kono, aku ketemu Nina.
Nina iku kancaku dolan nalika aku cilik. Saiki Nina kuliah padha aku, nanging
ing universitas kang beda. Nina kuliah ing Semarang, dene aku ing Surabaya. Nina
lan aku padha-padha lagi prei kuliah.
Nalika ketemu Nina
pisan, ora beda karo aku yen ketemu wong-wong liyane. Aku uga lali karo Nina
kang ngakune kanca cerakku. Nganti saiki aku pancen durung kelingan karo Nina,
mula Nina kerep crita apa kang biyen aku lan dheweke tau lakoni.
“Na, aku meh
takon kowe”
“Takon apa ta?”
“Kowe kenal mas
Bagus?”
“Bagus… oh, Bagus
sing kancane dhewe kae?”
“Iya na, kowe
kenal ta?”
“Iya kenal. Ana
apa ta?”
“Na, aku kok
ngrasa aneh ya yen ketemu bocahe”
“Aneh piye ta
ra?”
“Aku kaya wis
tau kenal karo mas Bagus kae”
“Lha iya mesti
kenal ta Ra, wong awakedhewe kanca bareng sekolah, omahe ya cerak, dadi ya
mesti kerep ketemu. Nak ngono kuwi arep rak kenal piye?”
“Ah kowe ki
kok. Aku ki pengen ngerti apa ndhisik aku wis tau cerak mbek bocah kae?”
“Cerak piye
ta?”
“Ah. Yo wis lah
nak ora mudheng”
“Eh, eh, aja nesu
ta.”
“Lha kowe ngono
kok Nin.”
“Iya, iya, kowe
pengene aku crita apa?”
Durung kober
aku njawab pitakone Nina, aku ditimbali ibu.
“Nduk Ira, Nina,
mrene ibu njaluk tulung”
“Inggih Bu”
wangsulanku banjur nyeraki ibu.
“Enten menapa Bu?”
“Iki wedange
tulung gawa nawek bapak-bapak kae.” Wangsulan ibu karo menehake baki kang isine
wedang.
“Nduk Nina, iki
panganane uga wenehake bapak-bapak kae ya, ben padha ngaso ndhisik. Ya wis kana
mangkat”
“Nggih Bu”
wangsulanku lan Nina bareng.
Aku lan Nina
banjur nggawa wedang lan panganan mau marang bapak-bapak kang isih kerja bakti
durung leren kawit esuk.
“Bapak-bapak,
menika unjukan kalian kudhapanipun, sumangga dipunsekecakaken” aturku marang
bapak-bapak kang banjur leren kerja bakti lan mara marang aku lan Nina. Aku lan
Nina banjur menehake wedang lan panganane kanggo bapak-bapak mau. Nalika aku
lagi menehake wedang, aku weruh Bagus. Dheweke ngulungake tangane, nunggu aku
menehake wedange. Nalika kuwi aku ngrasa dheg-dhegan dadi wedang kang tak
cekeli wutah ing tanganku dhewe.
“Aaaa….” Aku
bengok jalaran wedang kang wutah kuwi isih rada panas.
Bagus kang
weruh kedadeyan mau cepet-cepet nyekel tanganku banjur aku diseret nuju kolah
kanggo wudhu ing mesjid kono. Tanganku kang isih dicekeli Bagus banjur diwasuh
nganggo banyu keran.
“Pripun Nduk Ra?
Tasih panas?”
Aku
gedhek-gedhek nyauri pitakonan Bagus. Bagus banjur ngeculake tanganku lan
ninggalke aku ing kono.
“Mas?” Celukku
nalika mas Bagus durung adoh.
“Pripun?”
“Matur nuwun
mas”
Bagus mung
ngguyu, ora sumaur apa-apa. Nalika bocahe arep mlengo lan lunga, aku nyelukke
meneh.
“Mas?”
Mas Bagus noleh
maneh, nanging ora ngomong apa-apa. Awake nunggu aku ngomong ndhisik.
“Njenengan
asmanipun Mas Bagus?”
Wong lanang ing
ngarepku mau mung manthuk. Ora nyauri apa-apa. Aku padha meneng, ora ngerti
arep ngomong apa jalaran isih ngrasa dheg-dhegan.
“Pripun
Nduk Ra? Wonten napa?”
Aku
krungu wong Bagus kuwi takon marang aku, nanging aku durung semaur.
“Nduk
Rara?”
“Eh,
nggih Mas Gus” semaurku rada kaget.
“Wonten
napa?” Takone alus.
“Oh,
mboten Mas. Kula permisi rumiyin.” Jawabku karo ninggalke wong mau.
***
Bengi
kuwi aku njagong ing pinggir jendhela kamarku karo ndeleng lintang kang katon
endah ing wengi kang peteng tur sepi. Saka kadohan aku weruh ana wong kang
mlaku lan nyeraki omahku. Wong mau saya cerak lan tumuju ing panggonku kang
lagi methingkring ing jendhela kamarku. Aku gage-gage mudhun banjur nutup
jendhela mau. Ora let suwe ana kang ndhodhok jendhela mau. Amarga aku wedi, aku
malah ngancingi jendhela mau lan ngadek mungkuri jendhela.
Jendhela
kamarku bola-bali didhodhok, nanging saiki karo ana wong kang ngomong saka
njaba.
“Nduk
Rara…”
Aku
isih ngadek nggejejer ing kono lan ora obah babar blas.
“Nduk
Rara, niki kula Mas Gus”
Aku
krungu suara mau kang nyebut jenengku. Suara mau ora lirih, nanging uga ora
sero. Aku paham suara mau, aku ngerti sapa kang ana ing njaba jendhela kamarku
kuwi. Nanging aku tetep isih wedi mbukak jendhela.
“Nduk
Rara, saged bikak jendhelanipun? Wonten ingkang badhe kula ngendikakaken kaliyan
njenengan.”
Aku
banjur mbukak jendhela alon-alon. Nalika jendhela mau tak bukak, aku weruh
bocah lanang bagus rupane. Aku ngerti sapa wong kang lagi ana ing ngarepku.
“Dereng
sare Nduk?” Pitakone karo munggah ing pinggir jendhela kaya aku mau.
“Dereng
mas” semaurku kang isih ngadek ing mburi jendhela.
Aku
lan Bagus padha dene meneng. Padha dene ndelokake lintang kang werna-werna rupa
lan gedhene.
“Nduk,
weruh lintang kang rupane biru kae?” Pitakone karo nuduh salah siji lintang.
“Inggih
mas” semaurku delokake lintang kang dituduhake.
“Lintang
kae ngelengake aku karo salah siji wong”
“Sinten
mas?”
“Ana
lah pokok’e”
“Jaler
napa estri mas?”
“Estri”
Aku
ora semaur jalaran wis ngrasa ngantuk.
“Bocah
kae pancen bisa wae gawe aku nandang kangen” critane.
“Huaaaahhh”
“Ngantuk
ya Nduk?”
“Eh..
Inggih mas”
“Ya
wis, ndang sare mawon”
“Ngapunten
mas,”
“Iya
ora papa. Jendhelane ditutup ya Nduk”
“Inggih
mas” wangsulanku karo nutup jendhela siji.
“Eh,
Nduk, mbesuk ana acara apa ora?” Pitakone sadurunge aku nutup jendhela sijine.
“Kadose
mboten wonten mas, pripun?”
“Ngancani
aku mlaku-mlaku gelem ra?”
“Tabuh
pinten mas?”
“Ya
mbesuk tak ampiri” jawabe karo lunga ninggalake latar omahku.
Weruh
tamuku wis lunga, aku banjur nuju paturonan, ora mikir apa-apa maneh banjur
turu nglempus.
***
Esuke
nalika aku bar wae adus, ibu mlebu kamarku.
“Meh
lunga nang ndi Nduk?”
“Mboten
kok bu”
“Tenane?”
“Inggih
bu”
“Lha
kae wis dampiri karo den Bagus”
“Mas
Bagus Bu?”
“Lha
iya. Den Bagusmu kae.”
“Mas
Bagus sampun mriki bu?”
“Iyaaa..
Mas Bagusmu wis ngampiri. Jare meh ngajaki awakmu lunga.”
“Angsal
Bu?”
“Piye
ya?” Ibu mikir-mikir. Banjur ngguyu. “Iya, oleh kae cah ayu”
“Bapak
pripun Bu?”
“Nalika
nak Bagus njaluk ijin, bapakmu sarujuk kok Nduk”
“Enggih
Bu?” Takonku mesem.
“iya.
Lha kae bapak karo nak Bagus lagi padha unjukan nang ngarep”
Aku
ngguya-ngguyu seneng jalaran oleh ijin saka wong tuwaku.
“Ya
wis Nduk, ndang ganti klambi, tata-tata, mesakke nak Bagus yen ngenteni suwe.”
Pangucape ibu karo metu saka kamarku.
Sawise
siap, aku age-age nemoni mas Bagus kang lagi omong-omongan karo bapak ibuku.
“Wis
siap Nduk?” Pitakone ibu.
“Sampun
Bu”
“Pak,
Bu, kula pamit badhe ngajak Rara mlampah-mlampah rumiyin” pamite mas Bagus karo
wong tuwaku.
“Ya
nang, ngati-ati anggone nggawa motor ya” ngendikane bapak.
“inggih
Pak” semaure mas Bagus mesem.
“Eh
ya Nduk, aja lali nggawa helm” pesene bapak karo aku.
“Inggih
Pak, niki sampun mbeta” semaurku karo nuduhke helm kang wis tak cangking.
Sawise
pamit salaman karo bapak ibu, aku banjur munggah ing motore mas Bagus.
“Mas,
badhe tindak pundi?” Pitakonku nalika motore wis mlaku.
“Nduk
Rara pengene pripun?”
“Kok
kula? Lak mas Bagus ingkang ngajak kesah kula”
“Nggih
menawi Nduk Rara pengen tindak pundi.”
“Ah,
kula mboten ngertos mas. Kula ndherek njenengan mawon.”
Ing
dalan, akeh kang tak omongke karo mas Bagus. Aku ngrasa seneng nalika bisa ing
cerake mas Bagus. Rasane ati iki ayem sanajan aku lali kabeh kang wis tau tak
lakoni bareng mas Bagus.
Saksuwene
nyepedha motor wis ana sejam, nanging mas Bagus durung ngandheke motore.
“Mas,
napa tasih tebih?”
“Mboten.”
Aku
ora semaur, banjur melu nggatekake dalan meneh. Dalan kang rame dening
wong-wong kang padha kepengin njlajahi kota Jogja.
Ora
nganti 10 menit, mas Bagus ngendhekake motore.
“Wis
tekan Nduk”
Aku
banjur mudhun saka motor. Sawise menehake helm karo tukang parkir, mas Bagus
age-age nggandheng tanganku lan ngajaki aku mlaku. Aku sing digandheng mung
manut-manut wae.
“Mas,
kok mboten ngendika menawi badhe ngajak kula ting pantai” pangucapku isih digandheng
mas Bagus nyeraki banyu pantai.
“Lha
tek’e napa?”
“Kula
mboten mbeta kaos ganti ta mas. Mangke menawi teles pripun?”
“Ya
mengko aku tukokke kaos ya.”
“Ah
mas niku kok ngoten.”
“Lha
terus piye?” Takone mas Bagus karo mlengo awakku kang kawit mau ana mburine.
Aku
kang didelok kaya mengkono malah ora bisa semaur, age-age tumungul. Ngerti aku
kang kaya mengkono, mas Bagus nggatekake ngarep meneh.
Mas Bagus
ora sida ngajaki aku menyang pinggir pantai, nanging malah menggok ing wong
bakul kaos.
“Miliha
sing Nduk Rara seneng, mangke mas Bagus sing mbayar” ature mas Bagus karo
miluh-milih kaos kang cocok kanggo aku.
Durung
aku sumaur, mas Bagus wis nuduhake kaos kang warna biru enom werna
kasenenganku. Mas Bagus ora takon apa-apa, mung nuduhake kaos mau banjur lunga
menyang kasir kanggo mbayar. Mas Bagus kaya-kaya wis ngerti yen aku bakale sarujuk
karo pilihane. Nalika mas Bagus menyang kasir, aku ndelok-ndelok kaos kang
werna lan gambare persis karo kang dipilih mas Bagus mau, nanging iki kaos
kanggo tiang jaler. Aku banjur njupuk kaos mau lan tak gawa menyang kasir. Mas Bagus
kang weruh aku nggawa kaos kuwi mung mesem, banjur mbayari kaos kang tak gawa
ora nganggo takon apa-apa karo aku.
Sawise
ganti kaos lan clana cekak, aku lan mas Bagus nyeraki banyu kang kawit mau wis
ngawe-awe.
“Nduk,
aja nengah-nengah lho” bengoke mas Bagus kang isih ana pinggiran.
“Napa
ta mas? Menapa njenengan mboten saged nglangi?” Semaurku karo ngguyu ngakak.
Mas Bagus
saya nyeraki awakku kang sansaya nengah ing banyu kang jero. Aku mung
ngguyu-ngguyu weruh mas Bagus kang ora bisa nyekel awakku. Aku nglangi meneh
ing banyu kang luwih jero. Nalika aku ndelok mburi, aku wis ora weruh mas Bagus.
Aku clingak-clinguk nggoleki mas Bagus, nanging ora ketemu. Nalika aku wis ora
weruh mas Bagus, aku dadi bingung
“Mas
Bagus?” Bengokku.
Aku
nglangi nuju pinggir, isih karo nggoleki mas Bagus. Aku wedi yen mas Bagus
teka-teka klelep. Aku banjur eling wekase mas Bagus, uga semaurku mau.
“Astaghfirullah.
Apa mas Bagus ora bisa nglangi?”
“Mas
Bagus?” Bengokku isih nggoleki mas Bagus.
Aku mlebu
njero banyu, menawa mas Bagus pancen ora bisa nglangi banjur awake klelep.
Ra
let suwe aku weruh ana wong lanang ana njero banyu, lan tenan wae, wong mau mas
Bagus. Weruh mas Bagus kang wis semaput, aku sansaya kuwatir. Aku wedi mas Bagus
kenapa-napa. Nalika kuwi aku kaya-kaya ora pengin kelangan mas Bagus. Aku
age-age nyekel awake banjur tak gawa ing pinggir pantai. Wong-wong kang weruh aku
lagi nulungi wong klelep, banjur padha nulungi aku lan mbopong awake mas Bagus.
“Mas
Bagus” undangku nalika mas Bagus wis diturokke ing pinggir.
Nanging
mas Bagus ora semaur, ora melek. Dhadhane mas Bagus wis diteken-teken karo wong
lanang kang ana ing kono. Nanging mas Bagus
ora ndang eling. Weruh kang mengkono kuwi aku malah nangis, aku ora pengin
kelangan mas Bagus. Aku isih pengen bareng-bereng mas Bagus. Nganti 20menit mas
Bagus durung eling. Aku sansaya nangis ora tegel. Wong-wong ing sacedhakku
padha ngeneng-nengi, nanging aku ora ngrewes. Pikiranku mung ing mas Bagus kang
isih lemes turu ing dhuwurr wedhi.
Wong
lanang kang isih nyoba ngetokake banyu saka dhadhane mas Bagus isih durung nyerah.
Ra suwe krungu watuke mas Bagus kang banjur ngetokake banyu. Aku sumringah
banjur ngekep awake mas Bagus kang isih lemes uga awake rupa wedhi.
“Mas
gus, ampun kados mekaten malih. Rara mboten pengin kelangan njenengan” maturku
karo nangis.
“Nduk
Rara sampun enget kalian kula?” Semaure mas Bagus karo ndeloke rupaku kang
kebak dleweran uloh.
Aku
mung manthuk nyemauri pitakone mas Bagus. Aku eling yen mas Bagus kuwi
sisihanku kang tak tinggal kuliyah ing Surabaya. Aku uga kelingan yen mbiyen
mas Bagus wis tau ngajak aku ing pantai iki lan klelep kaya kedadeyan kang
entes wae tak lakoni.
“Nduk,
mangke kula badhe matur kalian bapak ibu menawi awakedhewe sampun tepang” ature
mas Bagus nalika lagi maem ing warung.
“Nggih
mas, kula sarujuk, riyen kita dereng estu ngendika kalian bapak ibu menawi
sampun tepangan kawit SMA” semaurku mesem.
“Lha
iya durung sida matur. Wong rencanane yen Nduk rara wangsul wulan iki,
awakedhewe bakal matur bapak ibu Nduk rara, nanging malah Nduk rara amnesia barang
kok” ature mas Bagus karo ngguya-ngguyu lan njiwit pipiku kang tengen. Aku mung
mesem nanggepi Mas Gus.
cuthel
Tidak ada komentar:
Posting Komentar