Blogger Widgets Sinau Basa Jawa bereng Hanif Rahma

Minggu, 29 Desember 2013

Panyandra


Tembung candra nduwé teges rembulan. Ananging lakuné jaman, candra uga dienggo kanggo pepindhan marang sawijining kahanan kang mèmper karo kanyatan. Panyandra yaiku wewangun kaendahan utawa kaanan sarana pepindhan. Dene kang dadi kawigatene ing babagan kaendahan utawa kaanan dudu pepindhane. Pepindhane mung sarana anggone nyandra.
Tuladha:
o   Alisé nanggal sepisan : alisé kaya rembulan ing tanggal siji, mlengkung cilik.
o   Astané : nggandéwa gadhing
o   Athi-athiné : ngudhup turi
o   Awaké : ramping
o   Bangkèkané nawon kemit : bangkèkané kaya prajurit tawon.
o   Bathuké : nyela cendhané
o   Bokongé : manjang ngilang
o   Brengosé : nglaler menclok, nguler kèkèt
o   Cahyané : ngalentrih, sumunu, sumunar
o   Dedegé : ngringin sungsang
o   Drijiné mucuk eri : drijiné kaya eri sing lancip-lancip.
o   Esemé : pahit madu, kaya madu, pinastika
o   Godheké : simbar rumembun
o   Guluné : ngolan-olan, ngelung gadung
o   Idepé : tumenga ing tawang
o   Irungé : mbangir, kencana pinantar, ngudup mlati
o   Jangkahé : njalak njrinjing
o   Jempolané : ngendas ula
o   Kempolé : ngembang pudhak, nyikil/nyutang walang
o   Lakuné : mager timun, macan luwé
o   Lambehané : mblarak sempal (kaya blarak sing sempal kena angin), merak kasimpir, nyigar jambé
o   Lambené : nggula satemplik, manggis karengat
o   Lengene : nggandhewa pinentang
o   Matané / mripate : ndamar kanginan (kaya damar (diyan) sing kena angin, riyip-riyip.), blalak-blalak, bawang sabungkul
o   Netrané : liyep alindri
o   Pakulitané : ireng manis, ngulit langsep
o   Pamuluné : prada binabar, ambengle kiris
o   Pawakané : ramping, gagah pidegsa
o   Pipiné : duren sajuring
o   Polatané : ruruh jatmika
o   Praené : sumunar
o   Pundhaké : nraju emas
o   Pupuné : mukang gangsir
o   Rambuté : ngembang bakung, ngandan-andan
o   Sinomé : mbibis mabur, micis wuncar
o   Slirané : sedhet singset
o   Solahé : merak ati
o   Susuné : nyengkir gading
o   Swarané : ngombak banyu
o   Tangané : nggendewa pinentang
o   Tungkaké : bunder lir jinangka
o   Untuné : miji timun (tumata rata kaya wiji-wiji timun), ngelar kombang


sumber:
1.      Bahan ajar bahasa jawa oleh Daryanto, S.Pd
2.      http://jv.wikipedia.org/wiki/Panyandra

Sabtu, 28 Desember 2013

Tembung Entar


Tembung entar yaiku tembung-tembung sing duweni teges ora sabenere. Ing basa Indonesia, diaran ungkapan utawa makna kias. Diarani tembung silih utawa entar amarga pangrakiting tembung ditrepke karo tembung sing dudu cak-cakane.
Tuladha tembung entar
·         Abang kupingé tegesé nesu
·         Abang-abang lambé tegesé Ora tenanan/ lamis
·         Abang rainé tegesé nandhang isin
·         Abot sanggané tegesé rekasa
·         Adol ayu tegesé pamèr ayu
·         Adol kringet tegesé nyambut gawé abot banget
·         Amba jangkahé tegesé akeh usahané
·         Ala jenengé tegesé Ora bisa dipercaya
·         Ati kethul tegesé ora bisa ngrasa
·         Atiné momot tegesé sabar banget
·         Balang liring tegesé nglirik
·         Bening ati tegesé sumèh
·         Buwang tilas tegesé nutupi tumindak ala
·         Bau tengen tegesé wong sing dipercaya
·         Cagak urip tegesé kanggo nyukupi kabutuhan urip
·         Cangkemé gatel tegesé seneng ngrasani
·         Cangkem turah tegesé kakèhan ngomong sing pra perlu
·         Cendhak umuré tegesé gelis mati
·         Cepak jatukramané tegesé cepet oleh jodho
·         Cupet atiné tegesé gampang nesu
·         Cupet pangandel tegesé ora percaya
·         Dawa tangané, tegesé clemer, seneng nyolong.
·         Dawa ususe tegesé sabar
·         Dhedher kautaman tegesé nandur kabecikan
·         Dhuwur atiné tegesé gumedhe
·         Empuk rembugé tegesé kepénak omongané
·         Entek atiné tegesé kuwatir banget
·         Èntheng tangané tegesé seneng milara
·         Gantung kepuh tegesé nyandhang ora ganti-ganti
·         Gantung untu tegesé selak arep mangan
·         Gedhé atiné tegesé teguh, tatag
·         Gilik rembugé tegesé padha sarujuk
·         Gilud kawruh tegesé mempeng sinau
·         Idu geni tegesé omongané mesthi kelakon
·         Ijo matané tegesé seneng dhuwit
·         Ilang klilipé tegesé ilang mungsuhé
·         Jembar kawruhé tegesé pinter
·         Jembar kuburé tegesé mlebu suwarga
·         Jembar segarané, tegesé seneng ngapura kasalahané liyan
·         Kakéhan tangan tegesé kakéhan sing tandang gawé
·         Kaku atiné tegesé gampang nesu
·         Kandel kupingé tegesé ora nggugu pitutur
·         Kuat isin tegesé ora tau isin
·         Lara owah tegesé édan
·         Lunyu ilaté tegesé méncla-ménclé
·         Mata yuyu tegesé gampang nangis
·         Matèni pangan tegesé gawé ilang rejekiné wong liya
·         Métani luput tegesé nggolèki luputé
·         Ngangsu kawruh tegesé meguru
·         Ngemut driji tegesé ora oleh apa-apa
·         Padhang jagaté tegesé katon tentrem
·         Padhang ulaté tegesé sumèh
·         Pingget atiné tegesé kuciwa, serik
·         Puput yuswa tegesé séda
·         Rai gedhèg tegesé ora duwé isin
·         Rengga praja tegesé njaga pribadi
·         Rupak segarané tegesé ora gampang ngapura
·         Sabuk gelang tegesé sugih sawah
·         Sumpek atiné tegesé susah banget
·         Tanpa tilas tegesé ora oléh gawé
·         Tipis lambéné tegesé seneng rerasan
·         Utang pati tegesé gawé patiné liyan
·         Wedi getih tegesé jirih
·         Weteng karèt tegesé akèh mangané

sumber:
1.      Bahan ajar bahasa jawa oleh Daryanto, S.Pd
2.      http://jv.wikipedia.org/wiki/Tembung_%C3%A8ntar