Blogger Widgets Sinau Basa Jawa bereng Hanif Rahma: Biyung

Senin, 16 Desember 2013

Biyung


Aku ngerti yen dina iki njenengan sansaya sepuh
Saktenane aku pengen ana ing sisihmu kang saiki lagi gerah
Aku pengen bisa mikul raketung sithik beban ing awakmu
Ing dina iki, aku pengen  gawe bungahing manahmu
Aku iki putra kang padha karo liyane
Aku pengen bisa dadi putra kang nggawe sliramu ngguyu

Biyung kang kula tresnani
Sugeng Ambal Warsa
Mugi njenengan dipunparingi umur kang berkah
Mugi njenengan saged sabar  anggenipun ngadhepi kula

Aku iki ora bisa menehi apa-apa marang awakmu
Aku iki mung bisa nyuwun kaliyan Gusti
Mugi panjenengan dipun lindhungi  saben wektu

Biyung, tengga kula ngantos kula saged nggayuh sedaya impen kula
Tengga kula ngantos kula saged nggantosi sedaya rekasanipun njenengan
Ngapunten, kula dereng saged wonten sisihipun njenengan

September 2013

Tidak ada komentar:

Posting Komentar