Blogger Widgets Sinau Basa Jawa bereng Hanif Rahma: Sumpek

Senin, 16 Desember 2013

Sumpek


Gedhung iki nggone sapa?
Judhule wae kang Bahasa Jawa
Nanging isine dudu mung basa Jawa
Sing mlebu ana basa Inggris
Uga ana basa Prancis
Ora keri basa Arab
Isih wae melu sing basa Jepang

Pancen dudu mung gedhungku
Nanging rasane sansaya sumpek
Pengene mono mung kanggo basaku dhewe
Karepe mono ora ana sing liya
Nanging kudu piye meneh?
Mesthine ati iki lila legawa narima

Wis ta, ora prelu maneh ngrasa sesak
Pancen iki kanggone bareng-bareng
Wis kudune ditampa kanthi ikhlas

Desember 2013

Tidak ada komentar:

Posting Komentar