Blogger Widgets Sinau Basa Jawa bereng Hanif Rahma: WELINGMU

Senin, 16 Desember 2013

WELINGMU



Jam kang ana meja kerjaku wis nuduhke jam loro esuk. Laptope taktutup, rasane mripatku wis ora kuwat meneh kanggo melek. Kaca mripatku takcopot, aku banjur nyelehke awak ana kasur. Rasane awak iki pegel banget, kawit esuk durung leren. Yen lagi kesel kaya ngene iki, biyasane aku dipijeti karo bojoku. Nanging wengi iki, bojoku ora ana ing sandhingku. Wis ana seminggu, turuku ora dikancani karo sisihanku kang bagus kae.
Aku nyoba meremake mripat, nanging isih durung bisa turu. Rasane akeh banget kang takpikirke. Nganti jam telu seprapat aku isih durung bisa turu. Aku tangi raup banjur mlebu ndhapur kanggo masak.
“Bu, sampun masak?” pitakone anakku kang ngerti aku racik-racik.
“Iya Nang, meh sholat tahajud?” pitakonku marang anakku kang paling sregep sholat mbengi kuwi.
“Inggih Bu”.
“Ya wis kana ndang sholat”.
“Bu, Eyang pripun?”
“Wis, ra usah kok pikir. Kana ndang sholat, dongakna Eyangmu.”
Faisal ora semaur banjur lunga wudhu.
Aku isih racik-racik, ngirisi lombok lan janganan sing arep takmasak. Nanging pikiranku ora ana kono, malah mikirke liyane, dadi drijiku kena landhepe peso. Faisal kang lagi wae rampung wudhu, weruh drijiku rupa getih, age-age njupuk obat kanggo aku. Kanthi ngati-ati anakku lanang iku ngobati drijiku.
“Dhik, Ibu napa?” pitakone Anis kang weruh drijiku lagi diperban dening Faisal.
“Ibu ora papa kok Nduk,” semaurku alus.
“Ibu niki lho, menawi kathah pikiran, boten sisah iris-iris,” pangucape Faisal kang wis rampung ngobati drijiku.
“Inggih Bu, Dhik Isal leres, boten sisah iri-iris menawi kathah pikiran,” tambahe Anis uga ngandhani aku.
“Iya, Iya, Ibu ora papa. Wis ta ra usah kuwatir,” semaurku marang bocah-bocah.
“Nggih mpun, sakniki Anis mawon ingkang masak. Ibu ngaso mawon.”

“Tenan Nduk?”
“Inggih Bu, saestu”.
“Ibu masak’e akeh lho”.
“Kok kathah Bu?”
“Lha iya, kanggo Bapak lan Eyang barang”.
“Anis mangke ndherek ting rumah sakit nggih Bu?”
“Isal nggih dherek nggih Bu?”
“Iya, iya, oleh melu kabeh,” semaurku kang gawe bocah loro mau seneng banget.

Wis naka seminggu Ibuu ana rumah sakit, dadi bojoku nunggoni ana kana, durung tau bali. Yen salin klambi, bendinane aku kang nggawake nang rumah sakit. Ibuu pancen  duwe penyakit jantung. Wingi-wingi ora papa, nanging teka-teka jantunge krasa lara meneh.
Aku sedhih banget yen kelingan Ibu kang lagi ana rumah sakit. Apameneh Ibu kudu oleh prawatan khusus jalaran penyakite wis parah. Nanging, aku lan Mas Rusli lagi ora duwe akeh simpenan kanggo menehi prawatan kang apik kanggo Ibu. Apa meneh Anis bakal mlebu kuliyah, seminggu meneh kudu wis mbayar administrasi. Dene si Faisal rong dina meneh ana tour ning Bali kang ora ngetokke dhuwit mung sethithik.
***
“Mas, njenengan ngaso rumiyin, siram lajeng sarapan, menika kula sampun beta dhaharan ugi rasukanipun njenengan,” pangucapku nalika tekan rumah sakit.
“Ya dhik, Mas takadus ndhisik. Nduk, Nang, Ibu lan Eyang ditulungi yen prelu apa-apa,” semaure mas Rusli karo pesen karo bocah-bocah.
“Nggih Pak,” semaure anak-anak ku barengan.

Ibuu lagi sare, jare Mas Rusli nembe wae ngombe obat. Rasane aku pengen nangis weruh Ibuu kang saya kuru. Nanging aku ora pengen anak-anakku weruh Ibune iki nangis.

“Dhik, aku kudu ngomong,” ngendikane Mas Rusli sawise dhahar.
“Nggih Mas, mangga”.
“Aja ning kene,” semaure Mas Rusli karo ndelokke bocah-bocah kang lagi mijeti Eyange.
“Nduk, Nang, Ibu lan Bapak metu ndhisik ya.. Tulung Eyang dijaga,” pesenku marang bocah-bocah. Bocah loro mau mung manthuk-manthuk. Aku lan Mas Rusli banjur metu saka kamar, lungguh ing kursi ora adoh saka kamare Ibu dirawat.
“Kados pundi Mas? Pitakonku ora sabar.
“Dhik, saiki Ibu mbutuhake prawatan kang luwih seka iki. Jare dhokter, gerahe Ibu wis parah. Nanging dhik, kanggo mbayar prawatane Ibu ora murah.”
Mas Rusli ora nerusake ngendikane.
“Pripun nggih Mas, kula tasih bingung, tabungan kula ugi sampun telas. Namung nyisihke kangge maem,” semaurku.
Aku lan Mas Rusli meneng. Padha dene le bingung.
“Dhik, apa mobile kae didol wae?” pamanggihe Mas Rusli.
“Mboten Mas, Mboten. Nika mobil ingkang dipunimpekake kaliyan njenengan kawit awake dhewe bebojoan. Nembe saged njenengan pundhut setaun kapengker. Kula boten ikhlas menawi mobil menika dipunsade.”
“Piya maneh Dhik, aku ora bisa nyilih kantor jalaran kantor pancen lagi produksi barange mung sithik”
 “Kula ugi mboten saged ngampil saking sekolah Mas. SMA panggenan kula ngajar menika sakniki saweg ngirangi pegawai. Ewadene tulisan-tulisan ingkang kula kirim wonten majalah utawi koran mboten saged terbit”
“Ya wis Dhik, ora apa-apa. Awake dhewe golek dalan liya.”
“Mas, menapa ngangge tabungan ingkang damel Anis mlebet kuliyah rumiyin?”
“Aja Dhik, mung garik seminggu meneh kudu wis nglunasi administrasi.”
“Mangke pados malih”.
“Aja Dhik, seminggu iku mung sedhilit, meh golek dhuwit ana ngendi?”
“Lajeng kedah pripun Mas?” pangucapku karo nangis banjur ngekep Mas Rusli.
            Omonganku karo Mas Rusli durung nemu solusine. Sanajan aku iki guru lan Mas Rusli pegawai kantoran, nanging panggonan awake dhewe kerja pancen lagi ora bisa bantu rekasane awake dhewe. Dhuwit kanggo ngrawat Ibu mung garik sithik sanajan wis oleh tambahan saka kanca-kanca kerjane aku lan Mas Rusli. Malah uga oleh tambahan saka Anis lan Faisal kang ikhlas mbobok celengan kang durung tau dibobok kawit bocah-bocah isih SD.
***
“Nang, iki sangu kanggo lunga nang Bali sesuk,” ujarku karo menehake dhuwit marang anak lanangku kuwi.
“Buk, Isal boten estu ting Bali,” semaure lirih.
“Lha napa ora sida?” pitakonku kaget.
“Menika artanipun kangge Eyang mawon,” semaure karo ngulungke meneh dhuwite.
“Lho iki dhuwit wis jatahe Isal, sing kanggo Eyang wis ana dhewe”.
“Mboten Bu, niki damel Eyang mawon”.
“Lha kok ngono. Iki dhuwit wis Bapak lan Ibu siyapke kanggo Isal tour nyang Bali.”
“Maneman Bu artane”.
“Lha ndene ngerti maneman, banjur dhuwit sing wis gawe mbayar wingi kae, apa ora maneman? Jare wis ora bisa dijaluk ta?”
“Inggih Bu, mboten saged dipunsuwun malih amargi sampun dipunkangge mbayar transport kaliyan hotel awake dhewe nginep”.
“Lha iya, apa ora maneman?”
“Nggih maneman Bu”.
“Ya wis, iki dhuwite Isal gawa. Besuk yen isal pengen tumbas apa-apa ning kana lak njur ora lingak-linguk ta? Aja lali ngoleh-olehi mbak mu. Eyang ya aja lali tumbaske oleh-oleh. Nah, mengko yen dhuwite turah, bisa dicelengi Isal.” Pesenku marang anak bontotku kuwi.
“Matur nuwun Bu,” semaure karo ngekep awakku.
***
Dina iki aku ngganteni Mas Rusli nunggoni Ibu ning rumah sakit. Kepeksa aku ninggal murid-muridku kanggo njaga Ibu kang paling taktresnani. Rasane saya ora tegel weruh Ibu kang biyen ngrumat awakku iki, saiki ketok lemes sare ana kasur rumah sakit. Apameneh saiki Ibu kudu nganggoni selang-selang kuwi supaya bisa ambegan kanthi lancar. Ora krasa luhku netes nalika nggatekake praupane Ibu sing katon ngempet larane.
“Nduk,” ngendikane Ibu lirih.
“Inggih Bu”.
“Ibu pengen bali, gogok ngomah wae”.
“Kondur pripun ta Bu? Ibu dereng sehat, mangke mboten kiyat menawi wonten griya.”
“Ora, pokokmen Ibu pengen bali Nduk”.
“Nggih, mangke kula matur kaliyan dhokter rumiyin nggih Bu?” semaurku nglegani Ibu.
***
Panjaluke Ibu nalika rong dina kapungkur, takkira mung panjalukke Ibu kang mung sawetara. Jebul Ibu pancen pengen bali tenan. Aku lan Mas Rusli ora bisa nolak panjalukke Ibu. Sanajan dhokter ora ngolehake Ibu kondur, nanging Ibu ngeyel pengen kondur.
Kanthi ngati-ati aku, Mas Rusli lan Anis mbobong Ibu saka kursi rodha tumuju mobil. “Pancen kudu bareng-bareng anggonmu ngongkot beban kang abot, kudu alon-alon supaya beban mau bisa kok angkat,” ngendikane Ibu nalika wis ana jero mobil takjagani awakku.
“Nang, welinge Ibu, yen nyopiri kluwargamu iku sing ngati-ati, aja nganti kesasar” ngendikane Ibu marang mas Rusli kang lagi nyopir mobil nuju omah.
“Nis, welinge Eyang, yen dadi cah ayu iku kudune kaya kembang mawar kae,” ngendikane Ibu nalika liwat toko kembang lan nuduh ing kembang mawar kang apik rupane.
“Kados kembang mawar pripun ta Yang?” pitakone Anis kang ora mudheng.
“Lha iya, mawar kae lak rupane apik, nanging mung wong kang tlaten, sabar lan ngati-ati kang bisa oleh mawar mau jalaran akeh erine”.
Anis kang njagong jejer Mas Rusli mung kukur-kukur karo ndelokke awakku, aku banjur mesem jalaran ora mudheng kang dingendikakake Ibu.
“Eh ya, si Isal wis mangkat nang Bali ya Nduk?” pitakone Ibu marang aku.
“Inggih Buk, sampun kesah. Menapa Ibu kangen?”
“Iya Nduk, Ibu kangen karo Isal. Pengen ngrungoke Isal gitaran meneh.”
“Menapa kula telponke Isal Bu?” pitakonku karo njupuk HP saka tas.
“Ora Nduk, ora usah. Si Isal rak usah diganggu, ben dhewekke seneng-seneng ana Bali. Ora usah kok hubungi ndhisik nganti bocahe njaluk dipethuk”
“Oh, nggih mpun Bu,” semaurku banjur nglebokke HP meneh.
“Nduk, welinge Ibu kowe bisa kaya suket-suket kae lho Nduk,” ngendikane Ibu nalika weruh lapangan amba kang akeh sukete.
“Eyang ki lho, lucuu, masok Anis dipundhawuhi kados mawar, nanging Ibu dipundhawuhi kados suket ta?” celathune Anis sadurunge aku njawab ngendikane Ibu.
“Ora ngono cah ayu. Maksude Eyang, suket iku lak ora butuh disirami, nanging bisa lemu-lemu kaya sing nang lapangan mau. Suket-suket mau mung gumantung dening Gusti supaya bisa urip.” Andharane Ibu takrungokake temenan. Nanging maksud kang dikarepke Ibu durung bisa taktampa.
“Nduk, Ibu ngantuk, pengen turu,” ngendikane Ibu.
“Nggih mpun Buk, sare mawon”.
Ibu banjur sare lan sirahe disendhekake ana awakku.
Ora suwe, mobil kang disupiri dening Mas Rusli tekan ngarep omah. Aku banjur nggugah Ibu kang isih sare.
“Bu sampun dugi,” pangucapku nggugah Ibu.
“Yang, wungu, sampun dugi,” pangucape Anis karo mbukak lawang mobil sisih kiwa.
“Bu, sampun dugi, mangga mandhap” pangucape Mas Rusli karo nggawa kursi roda sing mau didelehke bagasi.
Ibu isih merem, kaya ora mireng. Mas Rusli banjur nyekel tangane Ibu, digolekki nadhine. Kaya durung yakin, Mas Rusli banjur ndemek gulune Ibu, uga digolekki nadhine. Isih durung yakin, mas Rusli ndekekake drijine ana irunge Ibu. Mas Rusli banjur gedhek-gedhek.
Aku wis krasa ora penak, aku nangis, “Ibu pripun Mas?”
Mas Rusli mung gedhek-gedhek nyemauri pitakonku, ndelehake tangane ana raine Ibu, banjur ngucap “Innalillahiwainnailaihiroji’un”. Aku sansaya nangis, Anis uga melu nangis, Mas Rusli banjur mbopong awake Ibu digawa ana njero omah.

“Bu, aku taktelpon Dhik Isal ya?” panjaluke Anis isih karo nangis.
“Aja Nduk, mau Eyang wis pesen aja ganggu Isal,” semaurku.

Aku lagi kelingan lan mudheng apa kang wis Ibu weling dening kluwargaku. Aku ora bakal lali karo pamelinge Ibu supaya dadi kaya suket. Bisa urip ora gumantung dening wong liya, namung gumantung dening Gusti.

cuthel

Tidak ada komentar:

Posting Komentar