Blogger Widgets Sinau Basa Jawa bereng Hanif Rahma: Nduk Rarane Mas Gus

Senin, 16 Desember 2013

Nduk Rarane Mas Gus


Mbengi iki aku pancen ora bisa turu tenan. Kawit bar Isya aku njajal merem nanging isih wae ora bisa turu. Pikiranku isih tumuju marang wong lanang kang mau awan tak temoni ing sacedhak’e lapangan. Aku ora kelingan babar blas dening wong lanang mau, nanging dheweke ngaku yen kenal marang aku. Aku wis nyoba ngeling-eling wong lanang mau, nanging aku pancen ora kenal. Yen aku ora salah, wong lanang mau  jenenge Bagus. Pancen rupane Bagus kaya jenenge. Bagus mau uga ngerti jenengku lan omahku.

Aku ngrasa yen durung tau ketemu Bagus, nanging nalika aku pethukan Bagus, aku ngrasa dheg-dhegan banget. Rasane  kaya wis tau cerak karo Bagus. Mula iku saiki aku ora bisa turu jalaran kepikiran cah lanang kang jenenge Bagus mau.

“Nduk, durung turu ta?” Pitakone ibu nalika mlebu kamarku.
“Dereng Bu, dereng ngantuk,” wangsulanku.
“Napa Nduk?”
“Boten napa-napa Bu?”
“Ra usah goroh karo ibu. Ana apa ta cah ayu, kandha karo Ibu”. ngendikane ibu karo ngelus-elus rambutku kang dawa.
“Bu, njenengan napa ngertos mas Bagus?”
“Bagus endi Nduk?”
“Nika lho bu, tiyange tasih enem kados kula. Tiyange ugi Bagus, resik…”
“Owalah, Bagus sing kae. Iya Nduk, ibu ngerti. Ana apa ta?”
“Wau kula kepanggeh kalian mas Bagus niku. Lajeng tiyangipun nimbali kula, piyambakipun ngertos kula bu. Ananging kula mboten kemutan kalian mas Bagus niku.”
“Lha iya bocahe kenal karo kowe Nduk, omahe ya mung ngarep kuwi. Sak ngerepe omahe bu solikhah iku lho Nduk.”
“Oh, inggih bu, kula ngertos. Bu solikhah ingkang gadhah toko sembako nika ta?”
“Iya Nduk.”
“Bu, kula kok saged boten kemutan kalian mas Bagus nggih?”
“Ya wajar wae ta, kowe lak amnesia seplok kecelakaan nalika ning Surabaya kae, dadi ya memper yen kowe ora kelingan. Karo ibu lan bapak wae kowe lali ta?”
“Inggih bu, nanging nalika kepanggeh kaliyan mas Bagus niku, kula kadose nate kenal piyambake”
“Lha iya mesti kenal ta, wong bocahe kancamu sekolah kawit SD nganti SMA kok”
“Oh, ngoten bu. Lajeng saniki piyambakipun kuliah wonten pundi Bu?”
“Lha  bocahe kan ora kuliah nanging kerja nerusake bisnis wong tuwane kang ana ing Jakarta. Lha biyen lak ya kowe ta Nduk sing crita karo Ibu?”
“Napa enggih Bu? Kula supe Bu?”
“Ya wis, ra usah dipikir. Teka alon-alon wae anggonmu ngeling-eling. Saiki turu wae Nduk, wis bengi.”
“Nggih Bu”

Ibu banjur mateni lampu kamar lan metu saka kamarku. Sawetara aku ora bisa turu, isih wae kelingan karo wong lanang kang jenenge Bagus mau.
***

“Nduk, aduse aja suwe-suwe” ature ibu nalika aku lagi adus.
“Inggih bu, sekedhap malih”
“Mengko yen wis rampung, kowe nyusul wae ning mesjid ya cah ayu.”
“Nggih Bu”
Aku ora krungu suarane ibu. Kayane ibu wis tindak mesjid kanggo ngeterake panganan kang wis digawe kawit esuk mau. Panganan mau kanggo nyuguhi wong-wong lanang kang lagi kerja bekti ngresiki mesjid. Ing desaku pancen saben minggune dianakake gotong royong. Gotong royong mau bisa awujud ngresiki mesjid utawa ngresiki lapangan kang ana ing desa. Utawa gotong royong ngrewangi salah sijine warga kang lagi nandang gawe.
Sawise rampung adus lan dandan saperlune, aku banjur nusul ibu ing mesjid. Ing mesjid wis akeh wong-wong kang lagi nyekel gaweane dhewe-dhewe. Nalika tekan kono, aku ketemu Nina. Nina iku kancaku dolan nalika aku cilik. Saiki Nina kuliah padha aku, nanging ing universitas kang beda. Nina kuliah ing Semarang, dene aku ing Surabaya. Nina lan aku padha-padha lagi prei kuliah.
Nalika ketemu Nina pisan, ora beda karo aku yen ketemu wong-wong liyane. Aku uga lali karo Nina kang ngakune kanca cerakku. Nganti saiki aku pancen durung kelingan karo Nina, mula Nina kerep crita apa kang biyen aku lan dheweke tau lakoni.
“Na, aku meh takon kowe”
“Takon apa ta?”
“Kowe kenal mas Bagus?”
“Bagus… oh, Bagus sing kancane dhewe kae?”
“Iya na, kowe kenal ta?”
“Iya kenal. Ana apa ta?”
“Na, aku kok ngrasa aneh ya yen ketemu bocahe”
“Aneh piye ta ra?”
“Aku kaya wis tau kenal karo mas Bagus kae”
“Lha iya mesti kenal ta Ra, wong awakedhewe kanca bareng sekolah, omahe ya cerak, dadi ya mesti kerep ketemu. Nak ngono kuwi arep rak kenal piye?”
“Ah kowe ki kok. Aku ki pengen ngerti apa ndhisik aku wis tau cerak mbek bocah kae?”
“Cerak piye ta?”
“Ah. Yo wis lah nak ora mudheng”
“Eh, eh, aja nesu ta.”
“Lha kowe ngono kok Nin.”
“Iya, iya, kowe pengene aku crita apa?”

Durung kober aku njawab pitakone Nina, aku ditimbali ibu.
“Nduk Ira, Nina, mrene ibu njaluk tulung”
“Inggih Bu” wangsulanku banjur nyeraki ibu.

“Enten menapa Bu?”
“Iki wedange tulung gawa nawek bapak-bapak kae.” Wangsulan ibu karo menehake baki kang isine wedang.
“Nduk Nina, iki panganane uga wenehake bapak-bapak kae ya, ben padha ngaso ndhisik. Ya wis kana mangkat”
“Nggih Bu” wangsulanku lan Nina bareng.

Aku lan Nina banjur nggawa wedang lan panganan mau marang bapak-bapak kang isih kerja bakti durung leren kawit esuk.
“Bapak-bapak, menika unjukan kalian kudhapanipun, sumangga dipunsekecakaken” aturku marang bapak-bapak kang banjur leren kerja bakti lan mara marang aku lan Nina. Aku lan Nina banjur menehake wedang lan panganane kanggo bapak-bapak mau. Nalika aku lagi menehake wedang, aku weruh Bagus. Dheweke ngulungake tangane, nunggu aku menehake wedange. Nalika kuwi aku ngrasa dheg-dhegan dadi wedang kang tak cekeli wutah ing tanganku dhewe.
“Aaaa….” Aku bengok jalaran wedang kang wutah kuwi isih rada panas.
Bagus kang weruh kedadeyan mau cepet-cepet nyekel tanganku banjur aku diseret nuju kolah kanggo wudhu ing mesjid kono. Tanganku kang isih dicekeli Bagus banjur diwasuh nganggo banyu keran.
“Pripun Nduk Ra? Tasih panas?”
Aku gedhek-gedhek nyauri pitakonan Bagus. Bagus banjur ngeculake tanganku lan ninggalke aku ing kono.
“Mas?” Celukku nalika mas Bagus durung adoh.
“Pripun?”
“Matur nuwun mas”
Bagus mung ngguyu, ora sumaur apa-apa. Nalika bocahe arep mlengo lan lunga, aku nyelukke meneh.
“Mas?”
Mas Bagus noleh maneh, nanging ora ngomong apa-apa. Awake nunggu aku ngomong ndhisik.
“Njenengan asmanipun Mas Bagus?”
Wong lanang ing ngarepku mau mung manthuk. Ora nyauri apa-apa. Aku padha meneng, ora ngerti arep ngomong apa jalaran isih ngrasa dheg-dhegan.
“Pripun Nduk Ra? Wonten napa?”
Aku krungu wong Bagus kuwi takon marang aku, nanging aku durung semaur.
“Nduk Rara?”
“Eh, nggih Mas Gus” semaurku rada kaget.
“Wonten napa?” Takone alus.
“Oh, mboten Mas. Kula permisi rumiyin.” Jawabku karo ninggalke wong mau.
***
Bengi kuwi aku njagong ing pinggir jendhela kamarku karo ndeleng lintang kang katon endah ing wengi kang peteng tur sepi. Saka kadohan aku weruh ana wong kang mlaku lan nyeraki omahku. Wong mau saya cerak lan tumuju ing panggonku kang lagi methingkring ing jendhela kamarku. Aku gage-gage mudhun banjur nutup jendhela mau. Ora let suwe ana kang ndhodhok jendhela mau. Amarga aku wedi, aku malah ngancingi jendhela mau lan ngadek mungkuri jendhela.
Jendhela kamarku bola-bali didhodhok, nanging saiki karo ana wong kang ngomong saka njaba.
“Nduk Rara…”
Aku isih ngadek nggejejer ing kono lan ora obah babar blas.
“Nduk Rara, niki kula Mas Gus”
Aku krungu suara mau kang nyebut jenengku. Suara mau ora lirih, nanging uga ora sero. Aku paham suara mau, aku ngerti sapa kang ana ing njaba jendhela kamarku kuwi. Nanging aku tetep isih wedi mbukak jendhela.
“Nduk Rara, saged bikak jendhelanipun? Wonten ingkang badhe kula ngendikakaken kaliyan njenengan.”
Aku banjur mbukak jendhela alon-alon. Nalika jendhela mau tak bukak, aku weruh bocah lanang bagus rupane. Aku ngerti sapa wong kang lagi ana ing ngarepku.
“Dereng sare Nduk?” Pitakone karo munggah ing pinggir jendhela kaya aku mau.
“Dereng mas” semaurku kang isih ngadek ing mburi jendhela.
Aku lan Bagus padha dene meneng. Padha dene ndelokake lintang kang werna-werna rupa lan gedhene.
“Nduk, weruh lintang kang rupane biru kae?” Pitakone karo nuduh salah siji lintang.
“Inggih mas” semaurku delokake lintang kang dituduhake.
“Lintang kae ngelengake aku karo salah siji wong”
“Sinten mas?”
“Ana lah pokok’e”
“Jaler napa estri mas?”
“Estri”
Aku ora semaur jalaran wis ngrasa ngantuk.
“Bocah kae pancen bisa wae gawe aku nandang kangen” critane.
“Huaaaahhh”
“Ngantuk ya Nduk?”
“Eh.. Inggih mas”
“Ya wis, ndang sare mawon”
“Ngapunten mas,”
“Iya ora papa. Jendhelane ditutup ya Nduk”
“Inggih mas” wangsulanku karo nutup jendhela siji.
“Eh, Nduk, mbesuk ana acara apa ora?” Pitakone sadurunge aku nutup jendhela sijine.
“Kadose mboten wonten mas, pripun?”
“Ngancani aku mlaku-mlaku gelem ra?”
“Tabuh pinten mas?”
“Ya mbesuk tak ampiri” jawabe karo lunga ninggalake latar omahku.
Weruh tamuku wis lunga, aku banjur nuju paturonan, ora mikir apa-apa maneh banjur turu nglempus.
***

Esuke nalika aku bar wae adus, ibu mlebu kamarku.
“Meh lunga nang ndi Nduk?”
“Mboten kok bu”
“Tenane?”
“Inggih bu”
“Lha kae wis dampiri karo den Bagus”
“Mas Bagus Bu?”
“Lha iya. Den Bagusmu kae.”
“Mas Bagus sampun mriki bu?”
“Iyaaa.. Mas Bagusmu wis ngampiri. Jare meh ngajaki awakmu lunga.”
“Angsal Bu?”
“Piye ya?” Ibu mikir-mikir. Banjur ngguyu. “Iya, oleh kae cah ayu”
“Bapak pripun Bu?”
“Nalika nak Bagus njaluk ijin, bapakmu sarujuk kok Nduk”
“Enggih Bu?” Takonku mesem.
“iya. Lha kae bapak karo nak Bagus lagi padha unjukan nang ngarep”
Aku ngguya-ngguyu seneng jalaran oleh ijin saka wong tuwaku.
“Ya wis Nduk, ndang ganti klambi, tata-tata, mesakke nak Bagus yen ngenteni suwe.” Pangucape ibu karo metu saka kamarku.
Sawise siap, aku age-age nemoni mas Bagus kang lagi omong-omongan karo bapak ibuku.
“Wis siap Nduk?” Pitakone ibu.
“Sampun Bu”
“Pak, Bu, kula pamit badhe ngajak Rara mlampah-mlampah rumiyin” pamite mas Bagus karo wong tuwaku.
“Ya nang, ngati-ati anggone nggawa motor ya” ngendikane bapak.
“inggih Pak” semaure mas Bagus mesem.
“Eh ya Nduk, aja lali nggawa helm” pesene bapak karo aku.
“Inggih Pak, niki sampun mbeta” semaurku karo nuduhke helm kang wis tak cangking.
Sawise pamit salaman karo bapak ibu, aku banjur munggah ing motore mas Bagus.
“Mas, badhe tindak pundi?” Pitakonku nalika motore wis mlaku.
“Nduk Rara pengene pripun?”
“Kok kula? Lak mas Bagus ingkang ngajak kesah kula”
“Nggih menawi Nduk Rara pengen tindak pundi.”
“Ah, kula mboten ngertos mas. Kula ndherek njenengan mawon.”
Ing dalan, akeh kang tak omongke karo mas Bagus. Aku ngrasa seneng nalika bisa ing cerake mas Bagus. Rasane ati iki ayem sanajan aku lali kabeh kang wis tau tak lakoni bareng mas Bagus.

Saksuwene nyepedha motor wis ana sejam, nanging mas Bagus durung ngandheke motore.
“Mas, napa tasih tebih?”
“Mboten.”
Aku ora semaur, banjur melu nggatekake dalan meneh. Dalan kang rame dening wong-wong kang padha kepengin njlajahi kota Jogja.
Ora nganti 10 menit, mas Bagus ngendhekake motore.
“Wis tekan Nduk”
Aku banjur mudhun saka motor. Sawise menehake helm karo tukang parkir, mas Bagus age-age nggandheng tanganku lan ngajaki aku mlaku. Aku sing digandheng mung manut-manut wae.
“Mas, kok mboten ngendika menawi badhe ngajak kula ting pantai” pangucapku isih digandheng mas Bagus nyeraki banyu pantai.
“Lha tek’e napa?”
“Kula mboten mbeta kaos ganti ta mas. Mangke menawi teles pripun?”
“Ya mengko aku tukokke kaos ya.”
“Ah mas niku kok ngoten.”
“Lha terus piye?” Takone mas Bagus karo mlengo awakku kang kawit mau ana mburine.
Aku kang didelok kaya mengkono malah ora bisa semaur, age-age tumungul. Ngerti aku kang kaya mengkono, mas Bagus nggatekake ngarep meneh.
Mas Bagus ora sida ngajaki aku menyang pinggir pantai, nanging malah menggok ing wong bakul kaos.
“Miliha sing Nduk Rara seneng, mangke mas Bagus sing mbayar” ature mas Bagus karo miluh-milih kaos kang cocok kanggo aku.
Durung aku sumaur, mas Bagus wis nuduhake kaos kang warna biru enom werna kasenenganku. Mas Bagus ora takon apa-apa, mung nuduhake kaos mau banjur lunga menyang kasir kanggo mbayar. Mas Bagus kaya-kaya wis ngerti yen aku bakale sarujuk karo pilihane. Nalika mas Bagus menyang kasir, aku ndelok-ndelok kaos kang werna lan gambare persis karo kang dipilih mas Bagus mau, nanging iki kaos kanggo tiang jaler. Aku banjur njupuk kaos mau lan tak gawa menyang kasir. Mas Bagus kang weruh aku nggawa kaos kuwi mung mesem, banjur mbayari kaos kang tak gawa ora nganggo takon apa-apa karo aku.

Sawise ganti kaos lan clana cekak, aku lan mas Bagus nyeraki banyu kang kawit mau wis ngawe-awe.
“Nduk, aja nengah-nengah lho” bengoke mas Bagus kang isih ana pinggiran.
“Napa ta mas? Menapa njenengan mboten saged nglangi?” Semaurku karo ngguyu ngakak.
Mas Bagus saya nyeraki awakku kang sansaya nengah ing banyu kang jero. Aku mung ngguyu-ngguyu weruh mas Bagus kang ora bisa nyekel awakku. Aku nglangi meneh ing banyu kang luwih jero. Nalika aku ndelok mburi, aku wis ora weruh mas Bagus. Aku clingak-clinguk nggoleki mas Bagus, nanging ora ketemu. Nalika aku wis ora weruh mas Bagus, aku dadi bingung
“Mas Bagus?” Bengokku.
Aku nglangi nuju pinggir, isih karo nggoleki mas Bagus. Aku wedi yen mas Bagus teka-teka klelep. Aku banjur eling wekase mas Bagus, uga semaurku mau.
“Astaghfirullah. Apa mas Bagus ora bisa nglangi?”
“Mas Bagus?” Bengokku isih nggoleki mas Bagus.
Aku mlebu njero banyu, menawa mas Bagus pancen ora bisa nglangi banjur awake klelep.
Ra let suwe aku weruh ana wong lanang ana njero banyu, lan tenan wae, wong mau mas Bagus. Weruh mas Bagus kang wis semaput, aku sansaya kuwatir. Aku wedi mas Bagus kenapa-napa. Nalika kuwi aku kaya-kaya ora pengin kelangan mas Bagus. Aku age-age nyekel awake banjur tak gawa ing pinggir pantai. Wong-wong kang weruh aku lagi nulungi wong klelep, banjur padha nulungi aku lan mbopong awake mas Bagus.
“Mas Bagus” undangku nalika mas Bagus wis diturokke ing pinggir.
Nanging mas Bagus ora semaur, ora melek. Dhadhane mas Bagus wis diteken-teken karo wong lanang kang ana ing kono.  Nanging mas Bagus ora ndang eling. Weruh kang mengkono kuwi aku malah nangis, aku ora pengin kelangan mas Bagus. Aku isih pengen bareng-bereng mas Bagus. Nganti 20menit mas Bagus durung eling. Aku sansaya nangis ora tegel. Wong-wong ing sacedhakku padha ngeneng-nengi, nanging aku ora ngrewes. Pikiranku mung ing mas Bagus kang isih lemes turu ing dhuwurr wedhi.

Wong lanang kang isih nyoba ngetokake banyu saka dhadhane mas Bagus isih durung nyerah. Ra suwe krungu watuke mas Bagus kang banjur ngetokake banyu. Aku sumringah banjur ngekep awake mas Bagus kang isih lemes uga awake rupa wedhi.
“Mas gus, ampun kados mekaten malih. Rara mboten pengin kelangan njenengan” maturku karo nangis.
“Nduk Rara sampun enget kalian kula?” Semaure mas Bagus karo ndeloke rupaku kang kebak dleweran uloh.
Aku mung manthuk nyemauri pitakone mas Bagus. Aku eling yen mas Bagus kuwi sisihanku kang tak tinggal kuliyah ing Surabaya. Aku uga kelingan yen mbiyen mas Bagus wis tau ngajak aku ing pantai iki lan klelep kaya kedadeyan kang entes wae tak lakoni.
“Nduk, mangke kula badhe matur kalian bapak ibu menawi awakedhewe sampun tepang” ature mas Bagus nalika lagi maem ing warung.
“Nggih mas, kula sarujuk, riyen kita dereng estu ngendika kalian bapak ibu menawi sampun tepangan kawit SMA” semaurku mesem.
“Lha iya durung sida matur. Wong rencanane yen Nduk rara wangsul wulan iki, awakedhewe bakal matur bapak ibu Nduk rara, nanging malah Nduk rara amnesia barang kok” ature mas Bagus karo ngguya-ngguyu lan njiwit pipiku kang tengen. Aku mung mesem nanggepi Mas Gus.

cuthel

Tidak ada komentar:

Posting Komentar