Blogger Widgets Sinau Basa Jawa bereng Hanif Rahma: Layang

Minggu, 29 Desember 2013

Layang



Layang yaiku salah sijine alat komunikasi kanggo menehi informasi utawa menehi kabar. Werna-wernaning layang yaiku:
1.      Layang Kitir
layang kitir wujude cerkak aos, mung ngandharake apa perlune. Ora nganggo aturan kaya layang-layang liyane.
2.      Layang Kiriman/ Iber-iber
Layang kang nganggo aturan kang ganep lan ngandharake komplit, apa sing dikarepake penulis, lan mesthi dikirimake.
3.      Layang Ulem
Layang ulem isine ngaturi supaya rawuh marang daleme sing ngaturi, lumrahe layang iki wujude sing nengsemake.
4.      Layang lelayu
Layang kang surasane babagan kasripahan.
5.      Layang Prajanjen
Layang kang ditulis ing kertas segel sing isine prajanjen babagan dol tinuku barang, nyewakake barang, lan liya-liyane.
Peprincening Layang
1.      Satata Basa
Yaiku alamate kang tinuju ing layang.
2.      Adangiyah
Salam pakurmatan, pandonga, pamuji rahayu tumrap kang dikirimi layang.
3.      Purwaka
Isine kabar keslametan, karahayon, kaanan sing kirim layang kanthi cetha.
4.      Surasa Basa/ Isi
Ngandharake bab isine layang kanthi cetha.
5.      Wasana Basa
Isi panutuping layang.
6.      Titi Mangsa
Isine nerangake papan panggonan lan wektu layang ditulis.
7.      Paprenah
Nerangakesesambungane antarane sing ngirim layang karo sing dikirimi layang.
8.      Tapak Asma
Tapak asta utawa tandha tangan sing kirim layang.
9.      Asma Terang
Isine jeneng terang sing kirim layang.

Tuladha
Surabaya, 1 januari 2009
Katur dhumateng
Bapak saha Ibu
ing ndalem

Sembah pangabekti,

           Kanthi serat punika kula ngaturi pirsa bilih kawontenan kula ing Surabaya tansah pinaringan rahayu wilujeng ing pangamoyaning Gusti Ingkang Maha Agung. Ingkang dalem suwun, mugi-mugi kawontenan Bapak dalah Ibu saha kulawarga ing Pacitan ugi mekatana.
         Kajawi ingkang ing nginggil, keng putra ngaturi uninga bilih benjing wekdal liburan semester gasal ing wulan Januari keng putra wonten kegiyatan Study Tour dhateng Pulo Bali. Pramila saking punika keng putra nyuwun kintunan arta kangge mbayar kekirangan tabungan tour lan kangge sangu ingkang cacahanipum Rp 400.000,00. Wondene tampi rapot benjing tanggal 17 Januari 2009. Menawi wonten kalodhangan wekdal keparenga Bapak/Ibu tindak Surabaya mendhet rapot ing sekolahan. Menawi Bapak utawi Ibu repot dipunpendhet Pakdhe boten menapa. Keng putra wangsul dhateng Pacitan, benjing sasampunipun Study Tour dhateng Pulo Bali antawis tanggal 21 Januari 2009.
         Wasana cekap semanten atur kula, mbokbilih wonten kirang langkunging atur, keng putra nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.

Keng putra tuhu tresna

Natasha Maulidha Sukendro


Sumber:
Buku Pratita
http://handikap60.blogspot.com/2013/01/contoh-layangsurat-bahasa-jawa.html

Tidak ada komentar:

Posting Komentar