Blogger Widgets Sinau Basa Jawa bereng Hanif Rahma: GURU KANG SEJATI

Senin, 16 Desember 2013

GURU KANG SEJATI



Dening Imam Khotib Utomo

Aku rumangsa bodho
Ilmu wis cumepak
Ora ana sing jodho
Nagih marang pangeran kang kumebak
Nanging aku ora bodho
Ilmu sing dak tampa
Dak aturake marang wong kang kurang begja
Bisa nampa lan ngaturna
Aku dudu wong pinter
Aku uga dudu wong cerdas
Ananging………
Aku manungsa kang duweni pangrasa
Alamku lan agamaku
Dak sawang ilmu ing jero atiku
Aja rumangsa pinter
Yen awakmu ora tau bodho
Anane wong bodho
Nambahi rasa ana ing donnya
Pinter
Saiki akeh wong sing minteri
Pinter akale nanging ala kelakuane
Saiki akeh uwong kang keminter
Pintere manugsa
Mung pinter sadarma
Pintere ilahi
Pinter kang sejati

Aku kepingin???
Duweni guru kang duweni ilmu sejati
Apa bae piwulangmu bakal dak lakoni
Dak enteni tekamu nganti tekane pati!!!


Bojonegoro, 2010

Tidak ada komentar:

Posting Komentar