Blogger Widgets Sinau Basa Jawa bereng Hanif Rahma: wancine

Senin, 16 Desember 2013

wancine


wis wayahe leren kanggo turu
aku ngerti pancen wis sayah awakmu
aja kok peksa, mendhing dinggo ngaso ndhisik

ketok awakmu wis kesel
ra bisa ditutupi yen atimu mangkel
wis ta! aja maneh mbandel
saiki dadi wancimu kanggo kendel

merema alon-alon, aja maneh ngrasa abot
tinggalana pakaryanmu, wis ra sah dipikir
wis ana anak putu sing bakale nyekel
dadi anak putu isih bisa ngundhuh

percayaa!
anak putumu ora bakal nyia-nyia apa sing wis kok tandur
bakale dijaga kanthi jiwa raga
kanthi mengkono, awakmu bisa ngaso kanthi tentrem
kanthi mengkono uga atimu bisa ayem

wancine merem, nglerenake jiwa ragamu
anak putu wis padha ikhlas
ra usah kuwatir, sangumu wis kadhung akeh
mung karik dedongan saka anak putu
saengga ngasomu dadi kepenak

muga ing panggonmu ngaso saiki
awakmu oleh panggon sing jembar uga padhang

Desember 2013

Tidak ada komentar:

Posting Komentar