Blogger Widgets Sinau Basa Jawa bereng Hanif Rahma: raga

Senin, 16 Desember 2013

raga



ragaku ana ing kene
dene pikirku isih mrana-mrene
pengene ndang tak rampungke
nanging ora gage-gage

rasane raga iku ora kuwat maneh
pengen cepet-cupet bisa mulih
menehi kabar sing bisa gawe bungah
banjur sing krungu bisa sumringah

raga iki kaya durung migunani
seprene durung bisa ngabekti
marang wong-wong sing tak tresnani
gaweyane mung bisa ngrepoti

nganti kapan kaya mangkene?
raga iki urip nanging ra ana gunane
raga iki mlaku nanging kaya mati
apa bakal terus ngene iki?
nganti dipethuk dewa pati

kudune ora mung kaya mayit mlaku
mung medeni wong sing ketemu
mung gawe risi sing weruh
ora bisa mbiyantu sing butuh
mung ngambon-amboni sacerake
ora menehi manfangat kanggo liyane

muga cepet kapungkasan
aja kesuwen dipikir nanging ndang tumandang
dene Gusti menehi gampang
supaya raga iki bisa nggayuh kamenangan

Desember 2013

Tidak ada komentar:

Posting Komentar