Blogger Widgets Sinau Basa Jawa bereng Hanif Rahma: Jarene

Senin, 16 Desember 2013

Jarene


Bungahe manah ingsun
Apa kang takpangan
Uga bisa dipangan dening Landa
Apa kang taksandhang
Bisa disandhang dening Landa uga

Rasane ati iki, ora bisa takgambarake
Mung bisa kasimpen ing jero ati
Ananging,
Isine ati iki yen takrasa
Jalaran ingsun ora bisa tangi
Ora bisa melek, ora bisa weruh

Kang ana ing lemahku iki
Ora tenanan takrumati
Wit kang wis katon lemu
Ora takrumat malah takkethok
Kudune ingsun bisa nandur budaya maneh
Kang bisa diundhuh dening putra wayah sesuk

Sajake ati iki iya samar
Nanging…
Bejane mung aku wae sing wis mati atine
Ing jaba kana
Isih akeh kang jarene nguri-uri budaya
Ati iki kudune ayem yen wis akeh kang melek budaya

Nyatane wis akeh kang nandur budaya iki ing lemah liya
Nyatane budaya mau bisa diundhuh dening kulit kang beda
Nyatane budaya mau bisa dirasa dening ilat liya
Bocah ngendi kang ora bungah
Yen budayane dhewe bisa urip ing Negara liya

Desember 2013

Tidak ada komentar:

Posting Komentar