Blogger Widgets Sinau Basa Jawa bereng Hanif Rahma: Kudhung

Senin, 16 Desember 2013

Kudhung



ibarate mung gawe kurung
nutupi rambut kang mekungkung
yen ben esuk kono bingung
piye bentuke kudhung

saksuwene ning ngarep kaca
nggolek bentuk kang pas kanggo rupa
kok gubet kene kana
tibane ya mung kaya ngana

malah saya ora mbejaji
sing weruh saya risi
panganggomu sing ngriseni
gawe muntah sing ngerti

awakmu wedi diunekke kuna
mung sangger melu-melu
nanging ora ngerti apa-apa

Desember 2013

Tidak ada komentar:

Posting Komentar