Blogger Widgets Sinau Basa Jawa bereng Hanif Rahma: Tembung Entar

Sabtu, 28 Desember 2013

Tembung Entar


Tembung entar yaiku tembung-tembung sing duweni teges ora sabenere. Ing basa Indonesia, diaran ungkapan utawa makna kias. Diarani tembung silih utawa entar amarga pangrakiting tembung ditrepke karo tembung sing dudu cak-cakane.
Tuladha tembung entar
·         Abang kupingé tegesé nesu
·         Abang-abang lambé tegesé Ora tenanan/ lamis
·         Abang rainé tegesé nandhang isin
·         Abot sanggané tegesé rekasa
·         Adol ayu tegesé pamèr ayu
·         Adol kringet tegesé nyambut gawé abot banget
·         Amba jangkahé tegesé akeh usahané
·         Ala jenengé tegesé Ora bisa dipercaya
·         Ati kethul tegesé ora bisa ngrasa
·         Atiné momot tegesé sabar banget
·         Balang liring tegesé nglirik
·         Bening ati tegesé sumèh
·         Buwang tilas tegesé nutupi tumindak ala
·         Bau tengen tegesé wong sing dipercaya
·         Cagak urip tegesé kanggo nyukupi kabutuhan urip
·         Cangkemé gatel tegesé seneng ngrasani
·         Cangkem turah tegesé kakèhan ngomong sing pra perlu
·         Cendhak umuré tegesé gelis mati
·         Cepak jatukramané tegesé cepet oleh jodho
·         Cupet atiné tegesé gampang nesu
·         Cupet pangandel tegesé ora percaya
·         Dawa tangané, tegesé clemer, seneng nyolong.
·         Dawa ususe tegesé sabar
·         Dhedher kautaman tegesé nandur kabecikan
·         Dhuwur atiné tegesé gumedhe
·         Empuk rembugé tegesé kepénak omongané
·         Entek atiné tegesé kuwatir banget
·         Èntheng tangané tegesé seneng milara
·         Gantung kepuh tegesé nyandhang ora ganti-ganti
·         Gantung untu tegesé selak arep mangan
·         Gedhé atiné tegesé teguh, tatag
·         Gilik rembugé tegesé padha sarujuk
·         Gilud kawruh tegesé mempeng sinau
·         Idu geni tegesé omongané mesthi kelakon
·         Ijo matané tegesé seneng dhuwit
·         Ilang klilipé tegesé ilang mungsuhé
·         Jembar kawruhé tegesé pinter
·         Jembar kuburé tegesé mlebu suwarga
·         Jembar segarané, tegesé seneng ngapura kasalahané liyan
·         Kakéhan tangan tegesé kakéhan sing tandang gawé
·         Kaku atiné tegesé gampang nesu
·         Kandel kupingé tegesé ora nggugu pitutur
·         Kuat isin tegesé ora tau isin
·         Lara owah tegesé édan
·         Lunyu ilaté tegesé méncla-ménclé
·         Mata yuyu tegesé gampang nangis
·         Matèni pangan tegesé gawé ilang rejekiné wong liya
·         Métani luput tegesé nggolèki luputé
·         Ngangsu kawruh tegesé meguru
·         Ngemut driji tegesé ora oleh apa-apa
·         Padhang jagaté tegesé katon tentrem
·         Padhang ulaté tegesé sumèh
·         Pingget atiné tegesé kuciwa, serik
·         Puput yuswa tegesé séda
·         Rai gedhèg tegesé ora duwé isin
·         Rengga praja tegesé njaga pribadi
·         Rupak segarané tegesé ora gampang ngapura
·         Sabuk gelang tegesé sugih sawah
·         Sumpek atiné tegesé susah banget
·         Tanpa tilas tegesé ora oléh gawé
·         Tipis lambéné tegesé seneng rerasan
·         Utang pati tegesé gawé patiné liyan
·         Wedi getih tegesé jirih
·         Weteng karèt tegesé akèh mangané

sumber:
1.      Bahan ajar bahasa jawa oleh Daryanto, S.Pd
2.      http://jv.wikipedia.org/wiki/Tembung_%C3%A8ntar

Tidak ada komentar:

Posting Komentar