Blogger Widgets Sinau Basa Jawa bereng Hanif Rahma: Purwakanthi

Minggu, 29 Desember 2013

Purwakanthi



Purwakanthi yaiku unen-unen kang ngemu surasa tembung-tembung kang runtut, runtut swara apadene runtut sastrane
Jinising Purwokanthi ana telu yaiku:
a.       Purwakanthi Guru Swara
Purwakanthi Guru Swara yaiku purwakanthi kang runtut swara wandane.
Tuladha:
1.      Kutuk marani sunduk,
2.      Kocak tandha lukak.
3.      Gemi setiti ngati-ati
4.      Bungah susah iku umrah
5.      Desa mawa cara negara mawa tata
6.      Aku lara paling para
Keterangan: Tuladha no 1 ing tembuk kutuk lan sunduk, iku runtut swara uk. Dene sing no 2 ing tembung kocak lan luka runtut swara ak.
b.      Purwakanthi Guru Sastra
Purwakanthi Guru Sastra yaiku purwakanthi kang runtut sastrane.
Tuladha:
1.      Raden Ajeng Srini pancen rigen, mugen, lan tegen.
2.      Pak Kreta tuku kretu, liwt kreteg Kretasana.
3.      Tata titi tatas titis
4.      Cecer cicir cewet
5.      Kala kula kelas kalih kula kulak kalo
Keterangan: Tuladha no 1 ing tembung rigen mugen lan tegen iku runtut aksara g, dene no 2 runtut aksara t, ana ing tembung Kreta tuku kretu, kreteg kretasana.
c.       Purwakanthi Guru Basa/ Lumaksita
Purwakanthi Guru Basa yaiku purwakanthi kang runtut tembunge.
Tuladha:
1.      Ratih ratu, ratu ing Cakrakembang, kembang Wijaya Kusuma arum gandane.
2.      Tur durung weruh ing rasa, rasa kang satuhu.
3.      Jarwa pinter, pintere satriya ing pringgadani.
4.      Bayem arda, ardane ngrasuk busana.
5.      Kolik priya, priyagung anjani putra.
Ing tuladha no 1 ing tembung Ratih ratu, ratu ing Cakrakembang iku runtut tembung ratu. Ratu ing Cakrakembang, kembang Wijaya Kusuma arum gandane iku runtut ing tembung kembang. Dene sing no 2, Tur durung weruh ing rasa, rasa kang satuhu iku runtut ing tembung rasa.

Sumber:
1.      Bahan ajar bahasa jawa oleh Daryanto, S.Pd
2.      http://jv.wikipedia.org/wiki/Purwakanthi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar