Blogger Widgets Sinau Basa Jawa bereng Hanif Rahma: RUKOHE SIMBOK

Senin, 16 Desember 2013

RUKOHE SIMBOK


“Wiwik, ndang sholat nok,” bengok’e Mbok Mimin kongkon anake sholat.
“Iya Mbok,” semaure anake karo mlayu mlebu.
“Iki rukohe.”
“Ya Mbok.”
Dewi anake Mbok Mimin banjur sholat sawise nganggo rukoh Mbok Mimin kang wis ala banget rupane. Dewi pancen durung duwe rukoh dhewe. Dadine nganggo rukoh simbok’e. Mbok Mimin uga mung duwe rukoh siji thil kuwi. Rukoh kang biyen saka bapak’e nalikane ngepek bojo Mbok Mimin. Saben dinane Mbok Mimin lan Dewi gentenan yen arep sholat. Dadi sholate ora tau jama’ah jalaran mung ana rukoh siji.

“Iki Mbok rukohe,” celathune Dewi sakrampunge sholat.
Rukoh kang dulungke Wiwik kuwi banjur dilempit karo Mbok Mimin.
“Nok, ibu arep menyang pasar, Wiwik gogok ngomah ya,” omonge Mbok Mimin karo ngelus rambute Dewi kang dawa sakbokong.
“Emoh. Wiwik arep melu Mbok wae,” semaure Dewi ra gelem ditinggal Mbokne.
“Gawane Mbok akeh, ana godhong gedhang, ana godhong tela, ana lompong, uga ana gula jawa. Mengko nek Wiwik melu, Mbok ora bisa nggandheng Wiwik.”
“Pokok’e Wiwik melu Mbok. Wiwik emoh nang omah dhewe.”
“Wiwik lak iso ngajak Siti dolan mrene, banjur mengko dijak dolanan pasar-pasaran kaya bendinane kae.”
“Siti ora ning omah kok Mbok.”
“Lha lunga nang ndi?”
“Wingi ngomong karo aku yen Siti arep lunga nang Boyolali.”
“Lha napa nang Boyolali?”
“Ora ngerti Mbok, jarene Siti duwe mbah Boyolali.”
Mbok Mimin banjur manthuk-manthuk.
“Mbok, Wiwik ndherek simbok tindak… tindak… pasar, eh pe… pe… peken mawon ya?” Penjaluke Dewi nganggo basa karo Mbok Mimin.
Mbok Mimin mung ngguyu krungu anake kang wis wolung taun kuwi wis bisa krama raketung sithik uga isih salah-salah.
“Ya Mbok.. . Wiwik melu Mbok wae,” omonge Wiwik karo njawil-njawil pipine Mbok Mimin kang wis ketok kriput jalaran umure sansaya tambah.
“Ya wis, Wiwik melu Mbok nyang pasar, ning aja adoh-adoh saka Mbok ya, mengko ndak ilang.”
“Inggih Mbok,” semaure Dewi karo kethip-kethip mripate.

Mbok Mimin lan Dewi banjur lunga menyang pasar mlaku. Pasar mau adohe ra sepirakna, mung rong kilo.
 Dewi nginthil ibune saka mburi. Jalaran Mbok Mimin nggawa barang kang akeh, Mbok Mimin ora bisa nggandheng si Dewi. Dewi mlaku ning mburine Mbok Mimin, ora wani adoh-adoh saka Mbok Mimin, wedi nak ilang, jalaran wis tau ilang nalika biyen lunga nang pasar. Bejane Dewi ketemu tanggane Mbok Mimin kang paham karo Dewi, dadi Dewi diter nganti omah. Wedi yen ditinggal simbok’e, Dewi cepet-cepet mlayu yen Mbok Mimin wis ketok rada adoh.

“Mbok.. Wiwik pengen duwe rukoh,” bengoke Dewi karo mlayu nututi Mbok Mimin kang mlakune cepet.
“Wiwik lak wis duwe rukoh ta cah ayu,” semaure Mbok Mimin ora noleh Dewi.
“Kae lak rukohe Simbok, dudu Wiwik.”
“Ya rukohe Simbok iku uga rukohe Wiwik.”
“Emoh Mbok. Wiwik pengen duwe rukoh dhewe. Rukohe kae kegedhen kok. Rambute Wiwik ketok. Jare Pak Joni kae yen sholat ora oleh ketok rambute Mbok,” critane Wiwik karo Mbok Mimin.
Mbok Mimin ora banjur nyemauri omongane Dewi. Mbok Mimin mikir, pancen rukoh sing ana ngomah isih kegedhen kanggo anake kuwi. Rukoh kuwi kudune kanggo wong gedhe, dudu kanggo Dewi. Mbok Mimin bingung, sajak’e pengen nukokke rukoh kanggo anake kuwi, nanging dhuwite pancen durung ana.
“Mbok, mengko nak Wiwik duwe rukoh dhewe, wiwik karo simbok bisa sholat jama’ah,” pengucape Dewi kang gawe Mbok Mimin ngendhekake jangkahe.

Mbok Mimin banjur ngeling-eling omongane Dewi. Bener kang diomongake Dewi. Yen Dewi duwe rukoh, cah loro mesthi bisa sholat jama’ah. Seumur-umur, Mbok Mimin durung tau jama’ah karo Dewi.
“Mbok, jare Pak Joni, shalat jama’ah kuwi luwih akeh ganjarane.”
Omongane Dewi sansaya ngiris atine Mbok Mimin. Apa kang diomongake dening Dewi bener kabeh. Mbok Mimin antarane seneng lan sedhih krungu omongane Dewi. Seneng jalaran anak’e kang wis sekolah kuwi bisa mudheng apa kang diajarke gurune. Nanging, Mbok Mimin uga sedhih jalaran pangarep-arep anake durung bisa dituruti.
“Mbok, Wiwik kapan ditumbaske rukoh?”
“Besuk ya nok, yen Mbok ana dhuwit.”
“Tenan ya Mbok?” Semaure Dewi mringis. Seneng banget jalaran wis dijanjeni Mbok Mimin bakal ditukokake rukoh. Dewi ora ngerti yen panjaluke mau ora bisa langsung keturutan. Mbok Mimin sajake uga ora pengen janjeni Dewi. Mbok Mimin mung waton semaur, jalaran Dewi yen wis di “yoh-i” wae wis seneng banjur liya dina wis lali, ora nakokke meneh.
***

“Mbok, wingi Pak Joni dhawuh bocah-bocah nggawa rukoh nang sekolahan,” pangucape Dewi nalika lagi tangi turu marang Mbok Mimin kang isih merem.
“Gawe apa nok?” Semaure Mbok Mimin isih ngantuk kang banjur melek.
“Mengko ana praktek sholat Mbok, dadi dikon nggawa rukoh.”
“Ya wis, nggawa rukohe Mbok kae.”
“Lha mengko Mbok sholate nggawa apa?”
“Kowe lak baline sadurunge luhur, dadi Mbok isih bisa nganggo rukohe.”
“Oh iya Mbok. Dadi mengko Wiwik nggawa rukohe nyang sekolah ya Mbok?”
“Iya, digawa wae. Ning saiki ya tangi ta nduk, aja nglendhot Mbok terus. Kae wis adzan shubuh, ayo ndang sholat.”
“Iya Mbok.”
“Sing sholat ndhisik Mbok apa Wiwik?”
“Wiwiiiiiii…………..kk,” semaure karo mluncati Mbok Mimin kang isih turonan lan mudhun saka amben.
Mbok Mimin mung ngguyu weruh anake kang manut banget karo dheweke.
Nunggu Wiwik kang lagi sholat, Mbok Mimin lungo menyang pawon. Daden geni ana luweng kanggo ngliwet lan njangan. Mbok Mimin uga ngedang banyu kanggo Wiwik adus. Wiwik ora tau gelem adus yen ora nganggo banyu anget. Dadi pendhak esuk Mbok Mimin mesthi ngedang banyu kanggo wedang lan gawe adus Wiwik.
“Mbok, Wiwik wis rampung,” bengoke Wiwik saka amben nggone sholat. Amben kang gawe sholat kuwi ya amben kang saben dinane kanggo turu Mbok Mimin lan Dewi. Mbok Mimin mung duwe amben siji. Dadi panggonan kanggo sholat uga gawe turu. Apa meneh omahe Mbok Mimin ngisore durung ditegel apa meneh dikramik. Ngisore isih lemah, temboke uga mung pager saka pring, dene gendhenge wis padha mlorot. Kadhang Mbok Mimin sing mbenekke gendheng-gendheng kang mlorot mau, nanging ya yen lagi ora akeh gaweyan. Jalaran ora ana wong lanang, mbenekake gendheng wae ditandangi karo Mbok Mimin. Mbok Mimin wis ditinggal mati bojone nalika Dewi umur patang tahun. Dadi wis ana patang taun Mbok Mimin nggedheke Dewi dewekan ora ana sisihane.

“Mbok, Wiwik sampun sholat.”
Wiwik mara nang pawon banjur ndhodok ning ngarep luweng.
“Ya iki ditunggu genine. Mbok taksholat.”
“Nggih Mbok.”
Mbok Mimin banjur ninggal Dewi kanggo sholat subuh. Durung suwe njangkah saka panggonan, Dewi wis bengok “Mbok, iki banyune wis anget durung? Wiwik arep pakpung”
“Iya Nduk, wis anget. Teko kok cidhuki nang amber ya.”
Dewi kang wis mudheng karepe Mbok Mimin banjur njupuk ember kang ana mburi omah cerak sumur. Dewi banjur nyidhuki banyu kang isih ana luweng mau nang ember. Ember mau banjur dicangking nang sumur panggonane adus. Sing gawe adus Dewi mung ditutupi pager saka pring kang dhuwure mung sakdhadhane wong gedhe. Dewi kang bendinane adus kono, banjur ucul-ucul wae ora isin. Dheweke ora wedi yen ana sing ngonangi awake lagi adus wewudoh. Jalaran isih cilik, durung duwe isin, dadi Dewi biasa wae yen adus ora nganggo petelesan.
Sawise adus lan nganggo klambi, Dewi banjur marani Mbok Mimin kang ana ngarep omah lagi gaweni sapu saka blarak. Dewi ngulungake jungkat lan karet kanggo ngucir rambute kang dawa. Dewi njaluk pangku Mbok Mimin, dene Mbok Mimin age-age njungkati rambut anake.
“Mbok, di kucir loro sing dhuwur ya Mbok.” penjaluke Dewi karo mringis-mringis jalaran rambute kang lagi dijungkati simboke kuwi krasa pedhes.
Sawise rampung dikucir, Dewi mlebu nang ngomah njupuk sega kanggo sarapan tanpa dikongkon Mbok Mimin. Sawise rampung sarapan, Dewi banjur nemoni Mbok Mimin kang isih nang ngarep omah.
“Mbok, rukohe kok ora ana nang amben,” tembunge Dewi.
“Iki wis taklebokke tasmu Nok.”
“Oh,, ternuwun Mbok.”
“Iya, iya, ya wis ndang mangkat, wis awan.”
***

Jam setengah sanga Pak Joni mlebu kelase Dewi. Pak Joni kang dadi siji-sijine guru agama Islam ing sekolah kuwi kudu mulang nem kelas. Dina kuwi Pak Joni ngajak bocah-bocah kelas siji menyang mushola kang ana ing sisih kiwa sekolah, jalaran sekolah kuwi durung duwe mushola dhewe. Ing mushola, Pak Joni ngongkon bocah-bocah wudhu dhisik banjur nganngo rukoh utawa sarung kang wis digawa. Bocah-bocah banjur nurut wae apa kang diprintahke Pak Joni.
Sawise wudhu, bocah-bocah padha nganggo sarung uga rukoh kang wis digawa. Ana kang isih bingung piye carane nganggo sarung, banjur ditulungi dening Pak Joni. Semono uga karo bocah-bocah kang nganggo rukoh isih ana kang bingung. Pak Joni dina kuwi ngajak Bu Winarni wali kelase Dewi kanggo pelajaran praktek sholat mau, dadi bocah-bocah wedok kang durung bisa nganggo rukoh dibenerake dening Bu Winarni.

“Rukohe Dewi kok ana tembel-tembelane ngono ta. Hahaha,” tembunge Marni nalika weruh Dewi nganggo rukohe.
“Iya, rukohe ya kegedhen. Hahaha,” semaure Tini kang lagi dibenerake rukohe dening Bu Winarni.
Dewi ora semaur. Mung meneng wae. Dewi ndelok kanca-kancane kang padha nganggo rukoh apik, ana kembang-kembange,  rupane isih resik, ora ana tembelane, uga ora kegedhen kaya kang lagi dienggo awake.
Bu Winarni ndelokke Dewi kang tumungkul ora wani nyawang kanca-kancane. Pak Joni uga ndelokke Dewi, bocah ayu kang nganggo rukoh kegedhen mau. Dene Bu Winarni nyeraki Dewi, banjur di delok saka ndhuwur nganti ngisor. Bu Dewi mesem, ora ngguyoni rukohe Dewi kang wis ala, nanging mesem jalaran bocah ing ngarepe kuwi ketok lucu rupane. Dewi wis nganggo rukohe kanti bener, ora kaya liyane kang isih ketok rambute. Dewi wis isa nganggo rukoh mau tanpa ketok rambute. Bolongan sirah kang isih kegedhen mau, wis diwenehi dom kancing, dadine pas karo sirahe.

“Dewi ngagem rukohe sinten?” Pitakone Bu Winarni alon-alon.
“Simbok,” semaure Dewi ora ndelokke Bu Winarni.
“Kok mboten ngagem rukohe Dewi piyambak?”
Dewi meneng. Ora semaur. Malah ndelokke rupane Bu Winarni kang isih nunggu semaure.
“Kenapa nok?” Pitakone Bu Winarni karo ndelokke Dewi kang ketok sedhih malah ketok arep nangis.
Dewi isih ora semaur, malah mlayu, ninggalke Bu Winarni uga kanca-kancane. Dewi metu saka mushola isih nganggo rukoh, nanging lali ora nganggo sepatune. Dewi mlayu ora semaur, uga ora mandhek nalika Pak Joni lan Bu Winarni nyelukke awakke.
Bu Winarni lan Pak Joni malah padha deleng-delengan.
“Pripun Bu?” Pitakone Pak Joni.
“Pak, menawi njenengan kula tilar menapa mboten napa-napa?” Wangsulane Bu Winarni karo isih delok playune Dewi kang wis sansaya adoh.
“Inggih Bu, mboten napa-napa”
Bu Winarni langsung mudhun saka mushola, nganggo sepatune, banjur nyangking sepatune Dewi. Bu Winarni mulih nyang kelas, lan njupuk tase Dewi kang isih keri durung digawa. Sawise nggawa barang-barange Dewi, Bu Winarni banjur njupuk sepedha motor lan lunga menyang omahe Dewi.
***
Wiwik ora langsung bali nyang omahe. Dewi malah njagong ning ngisor wit pelem kang ana ing lapangan. Dewi kerep ning lapangan kuwi yen lagi pelajaran olahraga bareng guru lan kanca-kancane. Lapangan iku ora adoh uga ora cerak saka omahe Dewi.
Dewi isih nangis mesesegen. Rupane abang, uga isih ketok luhe ting dlewer. Pisan-pisan Dewi ngusap irunge nganggo rok abang kang wis teles dening luhe.
Dewi nangis karo nyawang rukoh kang wis dicopot saka awakke. Rukoh mau diglethakke ing ngarepe Dewi lungguh. Dewi mung nangis ora omong apa-apa. Rukoh mau disawang terus tanpa kedhep. Rukoh mau dicandhak banjur ditarik-tarik nganggo tangan kiwa lan tengene nganti tembelane rukoh suwek. Akeh tembelan kang suwek, ndadekake bolonge rukoh. Malah ora mung tembelane sing bolong, nanging ana kang suwek meneh. Rukoh kang wis suwek-suwek dening Dewi banjur dibuang meneh ing ngarepe. Dewi ngadek banjur mlayu lunga, midak rukohe mau. Dewi mlayu tanpa nggatekake rukoh kang wis ala uga tambah reget mau. Rukohe teka ditinggal ing lapangan ngisor wit pelem mau.
***

Mbok Mimin ngeterke Bu Winarni nganti ngarep omah.
“Kula pamit Mbok.”
“Inggih Bu Winarni, ndherekake tindak.”
“Pareng.”
“Mangga, mangga.”
Saklungane Bu Winarni, Mbok Mimin njagong ing ngarep omah, ngenteni Dewi mulih. Ora let suwe, ketok bocah wedok cilik ayu kang mlaku ora nganggo sepatu mara ing Mbok Mimin. Mbok Mimin banjur ngadek.
“Piye nok? Arep maem?”
Sing ditakoni mung gedhek, banjur mlebu omah. Mbok Mimin ngerti yen anakke kuwi bar nangis. Nanging Mbok Mimin ora nakoni sebabe nangis lan bali sekolah ora nganggo sepatu uga ora nyangking tas kaya pas mangkate.
Mbok Mimin mlebu omah banjur njagong ing ngarep meja kang kanggo dekekake sega. Mbok Mimin njupuk sega lan lawuh kang ndhek isuk wis dimasak.
Bar salin klambi, Dewi marani simboke kang lagi lungguh. Dewi njagong ing sisihe Mbok Mimin.
“Wiwik maem ya? Mbok dulang arep?”
Dewi mung manthuk-manthuk. Banjur mangap sakambane supaya sega kang ana tangan simboke bisa mlebu kabeh.
“Malih nduk?” Pitakone Mbok Mimin nalika sega ing piring wis entek.
Sing ditakoni gedhek-gedhek, ngrasa wis warek.
Bar rampung ndulang Dewi, Mbok Mimin metu ning sumur, ngasahi piring kang ntes dianggo. Banjur mlebu meneh nemoni Dewi kang lagi ngombe.
“Maeme enak Wik?”
“Enak Bu,” semaure Dewi kang kawit mau ora ngomong.
Mbok Mimin metu ning ngarep omah kanggo nerusake gaweyane nggawe sapu saka blarak. Dewi nginthil  simboke. Durung oleh siji sada, Dewi wis ngruket Mbok Mimin karo nangis. Mbok Mimin mung meneng wae banjur melu ngruket anake mau.
“Mbok, Wiwik nyuwun ngapura,” omonge Dewi karo nangis.
“Salahmu apa cah ayu?”
“Rukohe Simbok.”
“Rukohe kenapa?”
“Rukohe takbuwang ana lapangan kana kae,” semaure karo nuding arahe lapangan kang ora ketok.
“Ya wis, rapapa. Pancen rukohe wis ala”
“Mboke ora nesu?”
“Lha nesu napa? Wis rapapa. Saiki Wiwik turu wae ya, Wiwik mesthi kesel,” semaure Mbok Mimin karo nglus-elus rambute Dewi.
Dewi nurut-nurut wae karo printahe Mbok Mimin. Awake banjur lunga menyang peturon dhewe. Ngerti yen simboke lagi akeh gaweyan, ora njaluk kelon.
***

Alon-alon tangane Mbok Mimin nylurupake bolah ing dom kang dicekeli ing tangan kiwane. Bola-bali bolah mau diemut, banjur di slurupke nanging ora kena-kena. Sawise nyoba bola-bali, bolah mau bisa slumurup ing dom. Mbok Mimin njupuk gombal cilik kang wis diguntingi nganggo peso jalaran ora duwe gunting. Mbok Mimin ndelehake gombal cilik mau ing gombal werna putih nanging wis ora pati putih, malah wis rada kuning. Ketara yen gombal mau wis lawas. Gombal putih mau akeh kang suwek. Gombal cilik dienggo nembel gombal kang suwek mau, banjur dijait alon-alon.
Dewi kang lagi tangi turu nyedhaki Mbok Mimin kang ora ngerti tekane. Karo isih ngucek-ngucek mripate, Dewi ngadek ing sisihe Mbok Mimin. Weruh Mbok Mimin lagi njait, Dewi cepet-cepet melek, nggatekake apa kang lagi dijait simboke. Weruh kang dijait Mbok Mimin mau, Dewi nangis meneh.
Mbok Mimin kang krungu tangise Dewi, banjur noleh.
“Kenapa Nok?”
Dewi durung semaur.
“Wiwik kenapa nangis?” Pitakone Mbok Mimin.
“Wiwik njaluk ngapura Mbok. Wiwik, Wiwik wis salah karo simbok. Wiwik wis gawe rukohe simbok elik tur reged.”
“Ya wis ora papa. Mengko yen wis dijait iki lak rukohe dadi apik. Bar dijait banjur Mbok kumbah, dadi mengko bisa gawe sholat dzuhur.”
“Wiwik njaluk ngapura Mbok.”
“Iya, iya, uwis aja nangis meneh. Saiki Wiwik lungguh kene, mengko Wiwik sing nylurupke bolahe ya.”
Wiwik ngusapi luhe karo manthuk-manthuk banjur lungguh ing ngarepe Mbok Mimin. Wis rampung anggone jait, Mbok Mimin lan Dewi metu nang sumur kanggo ngumbah rukuh kang reged. Mbok Mimin nimba, dene Dewi sing ngumbah rukohe. Wis rampung ngumbah rukoh, Mbok Mimin banjur memeni rukoh kuwi ing mburi omah.
Nalika rukohe Mbok  Mimin dipepe, wis jam 12 awan. Mbok Mimin lan Dewi nunggu rukohe garing kanggo sholat dzuhur, nanging nganti jam setengah telu, rukohe durung garing jalaran srengengene ora pati panas.
“Mbok, kapan sholate?” Pitakone Dewi kang lagi turu ing pangkonane Mbok Mimin.
“Iya nduk, sedhela meneh.” Semaure Mbok Mimin karo ngulapi kringet kang ana bathuke Dewi.
Nalika Dewi lan Mbok Mimin isih omong-omongan, ana wong kang ndhodhok lawang omahe Mbok Mimin. Mbok Mimin banjur menyat saka peturon, dene Dewi nginthil nang burine.
“Assalamualaikum,” salame tamu mau nalika lawange dibukak dening Mbok Mimin.
“Waalaikumsalam… eh Pak Joni, mangga pak mlebet,” semaure Mbok Mimin karo mesem.
“Nggih Mbok Mimin, matur nuwun. Dewi pundi?”
“Niki pak.”
Dewi banjur metu saka burine Mbok Mimin. Awake kang cilik ketutupan awake Mbok Mimin kang rada lemu, dadi Pak Joni ora weruh.
“Dewi, niki bapak gadhah hadhiah kagem Dewi,” tembunge Pak Joni karo menehake plastik kang dicangking kawit teka mau.
“Niki menapa Pak?” Semaure Dewi karo nampani plastik mau.
Pak Joni ora semaur, mung mesem. Dewi banjur mbukak plastik mau, ditokake isine. Ketok rupane kang seneng, banjur lambene mesem.
“Mbok, Dewi gadhah rukoh sakniki,” tembunge rada bengok lan njingklik-njingklik.
“Iya ta nduk? Terus pripun kalih Pak Joni?”
“Oh.. Pak Joni, matur nuwun,” tembunge Dewi karo mesem, kedhip-kedhip mripate, marai ngguyu sing nyawang.
“Inggih, sami-sami cah ayu.” Pak Joni mesem, banjur noleh ning arahe Mbok Mimin.
“Mbok, niki kagem Mbok Mimin.” Omonge Pak Joni karo ngulungke plastk sijine kang isih dicekel dhewe.
“Menapa niki Pak?” Pitakone Mbok Mimin karo nampa plastik mau.
“Nggih niku Mbok, mugi wonten manfaatipun.”
Mbok Mimin ngetokake barang kang ana njero plastik mau. Mbok Mimin nangis weruh apa kang anan njero plastik. Pak Joni uga menehi rukoh kanggo Mbok Mimin.
“Matur nuwun Pak Joni. Matur nuwun sanget.”
Pak Joni manthuk-manthuk. Ngguyu lan seneng weruh Mbok Mimin lan Dewi kang seneng banget bisa duwe rukoh. Barang kang ora sepirakna kanggo Pak Joni utawa wong-wong liyane, nanging banget regane lan pentinge kanggo Mbok Mimin lan Dewi.
Bibar Pak Joni bali, Mbok Mimin lan Dewi banjur sholat dzuhur. Dzuhur kuwi dadi pengalamane Dewi lan Mbok Mimin bisa sholat jamaah. Dzuhur kuwi uga Mbok Mimin lan Dewi ngrasa yen Gusti pancen mirengake donga-dongane.
Rukohe Mbok Mimin kang wis garing banjur dientas dening Dewi, digawa mlebu lan diwenehake Mbok Mimin. Mbok Mimin nglempit rukoh mau lan didelehke ing njero lemari. Mbok Mimin ora bakal buwang rukoh mau. Rukohe bakal tetep disimpen nganti awake madhep Gusti.

cuthel

Tidak ada komentar:

Posting Komentar