Blogger Widgets Sinau Basa Jawa bereng Hanif Rahma: Paribasan

Senin, 16 Desember 2013

Paribasan

Paribasan yaiku iku tetembungan utawa ukara saèmper saloka nanging tegesé wantah, dudu pepindhan.
Tuladha paribasan lan artine.

o   Adhang adhang tetese embun (njagakke barang mung trima sak olèh-olèhé)
o   Adigang, adigung, adiguna (wong aja ngandhelaké kaluwihané dhéwé waé). Adigang: kakuwatané. Adigung: gedhéné. Adiguna: kapinterané.
o   Agama ageming aji (agama dadi panuntun marang tingkah laku lan bisa ngatonaké sapa sejatining dhiri)
o   Aja dumeh (sapa waé aja ngagungaké jabatan, kasudibyan, utawa kalungguhané)
o   Aja golek wah, mengko dadi owah (aja mburu marang pandelenganing liyan utawa tumandang kang mung golèk pangaleman. Kabèh mau bisa njalari édan dhéwé)
o   Aji godhong garing utawa aji godhong aking (wis ora ana ajiné babar pisan)
o   Wong sing tumindak culika utawa cidra ing janji biasané banjur ora diajèni déning masarakat saubengé. Saking ora ana ajiné prasasat aji godhong garing.
o   Ajining dhiri dumunung ana ing lathi, ajining raga ana ing busana (aji pamulyaning (kakurmataning) wong ana ing tutur pangucapé). Banjur aji pamulyaning sing njaba ana ing sandhangané sing dienggo.
o   Alon-alon waton kelakon (wong iku ora usah kesusu)
o   Yèn nglakokaké barang iku bisa alon-alon waé, angger kelakon. Yèn kesusu malah ora tekan ing panggonan sing dituju.
o   Ambeg parama arta (ndhisikaké tugas kuwajiban sing utama)
o   Ana catur mungkur (ora gelem ngrungokaké rerasan kang ora becik)
o   Ana dhaulate ora ana begjane (wis arep nemu kabegjan, nanging ora sida)
o   Anak polah bapak kepradah (kelakuané anak iku apa waé sing nanggung wong tuwané)
o   Angon mangsa (golèk wektu kang prayoga kanggo tumindak)
o   Angon ulat ngumbar tangan (nyawang kahanan jalaran arep nyolong utawa tindak culika)
o   Asu belang kalung wang (wong asor nanging sugih)
o   Asu gedhe menang kerahe (wong gedhé lan nduwé panguwasa menang kuwasané)
o   Asu marani gepuk utawa asu marani gebug (njarak marani bebaya)
o   Asu rebutan balung (rebutan barang kang sepélé)
o   Ati bengkong oleh oncong (wong sing nduwé niyat ala olèh dalan)
o   Canthing Jali, tegesé wong kang wis ora bisa diisi menèh pikirané kanggo èlmu.
o   Cathok gawel, tegesé ora diajak rembugan, nanging mèlu-mèlu ngrembug.
o   Car-cor kaya kurang janganan, tegesé ngomong ceplas-ceplos ora dipikir dhisik.
o   Cecak nguntal cagak, tegesé duwé kekarepan sing mokal bisa klakon.
o   Cecak nguntal empyak, tegesé gegayuhan kang ora timbang karo kekuwatané.
o Cedhak kebo gupak utawa Cedhak cèlèng boloten, ateges pawongan kudu bisa wicaksana anggoné kekancan.
o   Cincing-cincing meksa klebus, teges karepé ngirid nanging malah entèk akèh
o   Criwis cawis, tegesé tansah mbantah prentah nanging sumadya nindhakake.
o   Kenès ora ethes: Wong sugih umuk nanging bodho
o   Keplok ora tombok: Wong senengané maido thok, ora gelem mélu cawe-cawe
o   Kére munggah bale: Batur dipek bojo karo bendaran
o   Kere nemoni malem: Wong kang bedhighasan / serakah.
o   Kerot ora duwe untu: Duwe kekarepan ning ora duwé bandha/ wragat
o   Kerubuhan gunung: Wong nemoni kesusahan sing gedhé banget
o   Kesandhung ing rata, kebentus ing tawang: Oleh cilaka sing ora dinyana nyana
o   Ketula-tula ketali: Wong kang tansah nandhang sengsara
o   Kethek saranggon: Kumpulan wong kang tindak ala
o   Kleyang kabur kanginan, ora sanak ora kadang: Wong sing ora duwe panggonan utawa omah sing tetep
o   Klenthing wadah masin: Angel ninggalake pakulinan tumindak ala
o   Kongsi jambul wanen: Nganti tumekan tuwa banget
o   Krokot ing galeng: Wong kang mlarat banget
o   Kriwikan dadi grojogan: Prakara kang maune cilik dadi gedhe
o   Kumenthus ora pecus: Seneng umuk nanging ora sembada
o   Kurung munggah lumbung: Wong asor /cilik didadèkake wong gedhe
o   Kuthuk nggendhong kemiri: Manganggo kang sarwa apik/aji liwat dalan kang mbebayani
o   Kutuk rnarani sunduk utawa ula marani gepuk:Njarag marani bebaya
o   Kuncung nganti temeka gelung: Suwe banget anggone entèni.
o   Lanang kemangi: Wong lanang kang jirih utawa wedhian
o   Rebut balung tanpa isi: Regejegan perkara kang sepélé.
o   Sabaya pati, sabaya mukti rukun nganti tekan ing pati (rukun sampai mati)
o   Sepi ing pamrih rame ing gawe: Seneng tumindak becik marang wong liya tanpa ngarep-arep piwales.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar