Blogger Widgets Sinau Basa Jawa bereng Hanif Rahma: Lampu abang

Senin, 16 Desember 2013

Lampu abang


Lampu abang kang ana dalan kae wis beda maknane
Saiki ora mung mandheg saben murup lampune
Lampu abang ora mung duwekke wong kang gawa motor
Uga ora mung duwekke wong kang gawa rodha papat
Lampu abang uga kancane wong kang gawa gitar
Lampu abang uga sisihane wong kang gawa sulak
Lampu abang uga panganane sing gawa koran

Wong-wong cilik kae ngrasa seneng yen  murup sing mbranang
Banjur padha nyeraki kang padha udud karo nggujengi bunderan
Sing mbranang ibarat panganan kang akeh diburu wong
Jumedhule ditunggu kawit esuk nganti bengi
Gawe eseme kang padha golek rejeki

November 2013

Tidak ada komentar:

Posting Komentar