Blogger Widgets Sinau Basa Jawa bereng Hanif Rahma: putih

Senin, 16 Desember 2013

putih


sing putih dudu kulite
sing resik dudu klambine
sing kamaksud dudu ragane
nanging kang apik isi atine

rupa bandha ora bakal ditakokake
sing ayu lan bagus ora dadi nomer siji
emas sak gunung ora dibutuhake
ora bakal dijaluk nalika ketemu Gusti

mung siji sing bakal dijaluk, yaiku ngamal ibadah
kabeh kabagusan sing wis kalaksanan
uga tumindak ala sing ora mung sejinah
bakal dijaluki pertanggungjawaban

dudu mung panganngo sing kudu resik nalika ngadhep
tabungan amal soleh uga kudu mantep
mula siyapke saka saiki
ngubur sing ala kanthi primpen
nandur kabecikan saya akeh

kanthi mangkono, ora mung putih gombal sing kanggo mbuntel
ora mung resik pasuryan nalika yuswane wis cuthel
nanging uga putih resik ati kang digawa
nalika ngadhep kang Maha Kawasa

Desember 2013

Tidak ada komentar:

Posting Komentar