Blogger Widgets Sinau Basa Jawa bereng Hanif Rahma: getih

Senin, 16 Desember 2013

getih

sing abang kae dudu putih
sing abang uga dudu getih
sing nguwasani mung sing sugih
sing ra nduwe mung bisa mulih

sing abang bakale abang terus
dene sing putih kaya ora k’urus
abang-putih kaya-kaya putus
abang-putih sansaya ra bisa nyawiji
siji lan liyane padha nggrundhel ing ati

sing dirasa mung penak’e dhewe, nggugu karepe dhewe
ora mlirik uga ora predhuli liyane

getih sing abang, sansaya kenthel sansaya mbranang
sing dipikir mung piye carane menang
embuh piye carane nggayuh kamenangan
sing penting bisa oleh jagongan

kabeh cara dianggep bener
kaya-kaya ora ana sing mlingker
pikire pancen  awake pinter
jebul-jebul wis keblinger

Desember 2013

Tidak ada komentar:

Posting Komentar