Blogger Widgets Sinau Basa Jawa bereng Hanif Rahma: wangsalan

Senin, 09 Desember 2013

wangsalan


Wangsalan iku unen-unen cangkriman nanging dibatang (dibedhèk) dhéwé. Ukarané ora persis nanging mèmper waé. Wangsalan ana kang awujud ukara selarik, bisa uga awujud tembang.
 
Jenisé Wangsalan
1.      Wangsalan lamba
Yaiku wangsalan kang mung isi batangan (tebusan) siji. Unen-unen wangsalan lamba mung saukara kang kadadean saka rong gatra. Gatra kang ngarep isi wangsalan, gatra sing buri isi batangané.
Tuladha: Pindang lulang, kacek apa aku karo kuwe (Pindhang lulang = Krecek)
2.      Wangsalan rangkep (camboran)
Yaiku wangsalan sing isi batangane luwih saka siji. Unen-unene wangsalan rangkep kadadeané saka rong ukara, siji-sijine ukara kadadean saka rong gatra.Ukara kapisan isi wangsalan ukara kapindho isi batangane.
Tuladha: Jenang sela, wader kalen sasonderan. (Apu, sepat) Apurata, yen wonten lepat kawula.
3.      Wangsalan memet
Yaiku wangsalan sing carane nggoleki batangane sarana ngoceki maksuding tetembungane ambal ping pindho.
Tuladha: Uler kambang, yen trima alon-alonan Oncek-oncekan kapisan: Uler kembang maksude lintah Oncek-oncek kapindho: Wanda tali ing tembung lintah, dianggap wancahane tembung kang surasane alon-alonan, yaiku tembung satitahe. Tembung satitahe ateges ora ngaya, mung tumindk sakepenake bae, kanthi alon-alonan.
4.      Wangsalan padinan
Yaiku ana sing nganggo nyebutake batangane, ora ana sing tanpa nyebutake batangane, marga wong-wong sing padha krungu (maca) dianggep wis ngerti maksude (batangane).
Tuladha: Wong kae sajatine wis krungu kandhaku, nanging njangan gori. Gori iku mathuke digudhèg. Njangan gori = nggudhèg. Maksude wangsalan njangan gori yaiku mbudheg, api-api ora krungu.
5.      Wangsalan mawa paungeran tartamtu
Wangsalan mawa paungeran tartamtu kena kaperang dadi loro, yaiku:
a.      Mawa paungeran 4 wanda + 8 wanda
Kang mawa paungeran 4 wanda + 8 wanda iku wangsalan lamba (mung isi batangan siji).Unen-unen mung saukara kang kadadean saka rong gatra.Gatra ngarep 4 wanda, isi wangsalan: gatra buri 8, isi batangane.
Tuladha: Reca kayu, golek kawruh rahayu. (reca kayu = golek)
b.      Mawa paungeran (4 wanda + 8 wanda ) X 2 = 24 wanda
Kang mawa paungeran (4 wanda + 8 wanda) x 2 = 24 wanda yaiku wangsalan rangkep (isi batangan luwih saka siji). Unen-unen rong ukara, saben saukara kadadean saka rong gatra. Ukara kapisan (rong gatra) isi wangsalan, ukara kapindho (rong gatra) isi batangane.
Tuladha:
Sayuk rukun, wulang wido mangsa rowang = 4 wanda + 8 wanda
Sayektine, wit saking bondho kawula = 4 wanda + 8 wanda
Sayuk rukun = saiyeg, saeka praya
Wulang wido mangsa rowang = bido
6.      Wangsalan edi-peni
Yaiku wangsalan sing mawa paungeran .
a. Unen-unene kadadean saka 2 ukara (wangsalan rangkep)
b. Saben saukara kadadean saka 2 gatra (4 wanda + 8 wanda )
c. Ukara kang kapisan (yaiku kang isi wangsalan) mawa purwakanthi guru swara lan purwakanthi basa utawa purwakanthi lumaksita.
Tuladha: Tepi wastra, wastra kang tumprap mustaka. (Kemada,iket) Mumpung mudha, nggegulanga ngiket basa.
7.      Wangsalan kang sinawung ing tembang
Yaiku cacahé wandane lan tibaning swarane ing wekasaning gatrane ora tartemu, sebab kawengku ing guru wilangan lan guru laguning tembang. Guru wilangan lan guru laguning tembang kudu tansah menang, lire: ora kena owah, kudu tansah manut paungeraning tembang.
Tuladha: Sinom
Edane wong keneng guna,
ambatik sinambi nangis,
malam wuntah balabaran,
geni mati muring-muring,
prembenahan mbrebes mili,
gawangan sinendhal putung,
ya talah ta si kakang,
puluh-puluh awak mami,
petis manis wis kudu dadi pocapan.

Petis manis = kecap

8.      Wangsalan kang sinawung ing tembang
Yaiku cakepan ing umpak-umpaking gendhing, gerong lan senggakan, kerep kanggo wangsalan (dilagokake dening pesindhen, niyaga utawa bocah-bocah sing padha manembrama).
Tuladha:
Pangkur Lamba (slendro Pantet 9)
Purwaka (buka,Basa)
Kembang adas sumebar neng tengah alas
Tuwas tiwas anglabuhi wong ora waras
Alah bapak, balung jagung saguhku isih janggelan
Wiwit gerong sing baku
Lagu gendhing pangkur lamba
Maweh gumirah wardaya
Tur mathuk kinarya aba
Mlaku bareng ulah raga

Balung jagung = janggel
Janggelan = durung tetep, isih kudu janji maneh, sendhe, bisa uga wurung.

Tuladha wangsalan ing tembang campursari kangen Kangen.
Pitung sasi lawase nggonku ngenteni,
mung sliramu wong bagus kang dadi ati,
rina wengi mung tansah takimpi-impi,
jroning ati kangenku setengah mati,
jenang gula ya mas ya mbok aja lali,
ngelingana rikala jaman semana,
sliramu janji aku setya ngenteni,
lair batin tresnaku terusing ati,
kangen wong kangen ngene-ngene rasane,
rindhu-rindhu tambane kudu ketemu,
klapa mudha enake kanggo rujakan,
leganana aku kang nandhang kasmaran,
mbalung janur wong bagus takanti-anti,
ngusadani wong kangen kang antuk jampi
Carané ngarang wangsalan sing dikarang luwih dhisik, perangan buru (ukara sing isi batangane), banjur ngarang perangan ngarep (ukara sing isi wangsalane). Dadi pangarangé perangan ngarep (ukara kang isi wangsalan) tiba keri.

contoh Wangsalan

1.      Jenang gula, kowe aja lali ( jenang gula : gulali = lali )
2.      Sekar aren, rawuhipun sampun dangu-dangu ( Sekar aren : dangu = dangu )
3.      Njanur gunung, kadingaren ( Janur gunung : Aren = Kadingaren )
4.      Mbalung klapa, geleme mung ethok – ethokan ( Mbalung Klapa : Batok = Ethok – ethok )
5.      Mbalung janur, Paring Usada nggonku nandhang wuyung ( Balung janur : Sada = usada )
6.      Reca kayu, goleka kaweruh rahayu ( Reca kayu : Golekan = goleka )
7.      Ngembang garut nggremeng ora karuwan ( kembang garut = gremeng = nggremeng )
8.      Ngembang kacang, mbesengut ora kalegan ( kembang kacang : besengut =  mbesengut )
9.      Kembang jambu, kemaruk duw dolanan anyar ( kembang jambu : karuk =  kemaruk )
10.  Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso ( Roning mlinjo : so = ngaso ).
11.  Klapa mudha, yen kalegan paringa apura ( klapa mudha : degan = kalegan )
12.  Kembang gembili seneng-seneng oleh rejeki ( kembang gembili : seneng = seneng-seneng )
13.  Witing klapa jawata ing ngarcapada. Salugune wong mudha gelem rekasa. ( witing klapa : glugu = salugune )
14.  Mamet tirta, tirta jawah jro katiga, suka lila lebur luluh labuh praja ( memet tirta : Ngangsu, tirta jawah jro katiga = labuh )
15.  Mbok aja nglemah bengkah ( Nglemah bengkah : tela = nyela-nyela )
16.  Gayung sumur, aja kemba aja mundhu ( Gayung sumur : Timba = Kemba )
17.  Pindhang lulang, kacek apa aku karo kowe ( Pindhang lulang : Krecek = Kacek )
18.  Nggodong garing, esuk – esuk kok wis nglaras ( godong garing : Klaras = nglaras )
19.  Mbalung geni, mbak menawa aku bisa teka ( Balung geni : Mawa = Menawa )
20.  Balung pakel, aja seneng alok-alok ( Balung pakel : Pelok = alok – alok )
21.  Bayem arda, dhasar anteng kang adi luhung ( Bayem arda : Lanteng = anteng )
22.  Kuku gantung, sawangan kang adi luhung ( Kukus gantung : sawang =  sawangan )
23.  Durna putra, ngudiya basa utama ( Durna putra : aswatan = ngudiya )
24.  Bibis tasik, tasik manda winor tirta. Maju mundur tangeh marem kang pinanggya ( bibis tasik : undur – undur ) ( Tasik manda winor tirta : Parem )
25.  Tapas aren, aren arab wijilira tindak tanduk, nora ninggal tata krama ( Tapas aren : duk ) ( Aren arab wijilira : Kurma )
26.  Kancing gelung munggweng dadha, titenana!( Kancing gelung : Peniti = Titenana )
27.  Yen ora nesu, geneyo kowe kok mentil kacang, mrengut terus ( mentil kacang : sungut = mrengut )
28.  Mung pingin nggentha dara ( nggentha dara : sawangan = nyawang )
29.  Kahananmu saiki, jan..mandan rawa ( Mandan rawa : wlingi = mangklingi )
30.  Cipta arda, ardaning tyas mring sasama, tyas susila nor raga ambek jatmika ( Cipta arda : nepsu, ardhaning tyas mring sasama = ambek )

sumber:
1. http://jv.wikipedia.org/wiki/Wangsalan
2. http://kidemangsodron78.wordpress.com/327-2/wangsalan/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar