Blogger Widgets Sinau Basa Jawa bereng Hanif Rahma: iya

Senin, 16 Desember 2013

iya


iya aku iki ra nduwe apa-apa
sing kok anggo, aku ora bisa ndemek
iya yen didelok saka rupa
awakmu ayu aku elek

aku ora njaluk kok urmati
aku ora kepengin kok ngerteni
aku iki ora le meri
karo kabeh sing kok duweni
nyatane ora kabeh bisa diukur dhuwit
kaya awakmu sing amit-amit

kang tak rangkul durung masthi bisa kok candhak
sanajan sing ana sandhingku dudu barang kak kawak

kabeh iki linuwih larang tinimbang bandha
luwih penting tinimbang rupa
kang ana ing sisihku kang tak arani tresna
tresna saka wong tuwa uga kanca

iya iki sing wis tak gayuh
anggepku kanca, kanggomu mungsuh

Desember 2013

Tidak ada komentar:

Posting Komentar