Blogger Widgets Sinau Basa Jawa bereng Hanif Rahma: TEMBANG KELARAN SAKA BRANG WETAN

Senin, 16 Desember 2013

TEMBANG KELARAN SAKA BRANG WETAN



Dening Rini Tri Puspohardini

Tembang kelaran saka brang wetan
keprungu dumeling lelamatan
ngayutayut
ndudut trenyuh
biyen amung rintih
lirih
saiki salin slaga
sansaya sora, worsuh ing pangundhamana

eling mitraku, eling
sakalir rasa mapan digelar
samekta lamun piniji
geneya sliramu katrem
nyawiji kang rinegem?

suket godhong kadhung ngerteni
mungguhing rasa kang sumlempit
awit keladuk anggonmu njarwani
lumantar gurit

eman mitraku, eman
krana tapis anggonmu ngonceki
sapletik rasa kang sumimpen
kebacut ilang dadi cemplang
ngabar, kalindhih dening ssesumbar
mitraku, kapan baya anggonmu pirsa
muspra ngupakara rasa cuwa
amung bakal ndedawa lara

2003

Tidak ada komentar:

Posting Komentar