Blogger Widgets Sinau Basa Jawa bereng Hanif Rahma: Panggonku

Senin, 16 Desember 2013

Panggonku


Rasane sesek ing ati
Rame ing panggonku saiki
Nanging kerep aku ngrasa sepi
Ramene ora padha dhek jaman biyen
Kanca kang tak duweni saiki
Padha apik’e karo kancaku ndhisik
Nanging rasane ora padha
Atiku kaya durung bisa nampa

Ing panggonku saiki bisa tak arani luwih saka panggonku ndhisik
Nanging ati iki kaya durung ning kene
Atiku isih ing panggonan kang adoh kae
Isih keri ing pucuking kembang kang durung mekruk

Aku isih durung mantep ing panggonku saiki
Aku durung bisa ngrasa tentrem lan ikhlas nampa panggonku saiki
Rasane isih pengen ing panggonku mbiyen
Panggonan kang cilik nanging bisa gawe atiku ngrasa tentrem
Muga ing panggonanku iki, aku bisa luwih krasan

September 2013

Tidak ada komentar:

Posting Komentar