Blogger Widgets Sinau Basa Jawa bereng Hanif Rahma: Sak Jangkahan

Senin, 16 Desember 2013

Sak Jangkahan


Rasane sikil iki wis ora bisa njangkah
Mripat iki uga ora bisa melek meneh
Awak ku remuk ngliwati dalan kang wis taklakoni
Kanggo mlaku sak jangkahan wae aku ora bisa
Apa aku kudu mandheg ing tengah dalan iki?
Apa aku kudu ambruk ing kene
Banjur disampar wong-wong kang bakale liwat
Wong-wong kang durung duwe rasa kesel
Wong-wong kang isih lumaku tanpa mlengo mburi
Wong-wong kang isih kepengen methuk kasuksesane

Sikil iki pancen wis kesel anggone mlangkah
Nanging ati iki isih duwe semangat kanggo nggayuh apa kang dakimpekake
Ati iki isih kepengen nemokake impen-impen kang durung ketemu

Aku ora bakal cukup mung tekan kene
Aku bakal terus mlangkah sanajan sikil iki wis ora bisa njangkah
Aku bakal terus maju ora meneh delok buri
Tujuwanku mung siji yaiku nggayuh impenanku


September 2013

Tidak ada komentar:

Posting Komentar