Blogger Widgets Sinau Basa Jawa bereng Hanif Rahma: Upacara Panganten Jawa

Kamis, 26 Desember 2013

Upacara Panganten Jawa

Upacara pengantin inggih menika salah satunggaling acara ingkang kedah dipuntumindakaken menawi tiyang menika badhe gadhah mantu. Wonten masyarakat Jawi, upacara pengantin menika boten namung dipuntumindakaken setunggal dinten kemawon, ananging saged kalih utawa tigang dinten. Sanajan prosesi upacara pengantin menika boten gampil dipuntumindakaken, ananging masyarakat Jawi percados menawi upacara pengantin menika kagungan makna ingkang ageng kangge tiyang ingkang jejodhoan.
            Acara pengantin wonten masyarakat Jawi boten saged menawi nyiapaken sedayanipun namung kepara seminggu rong minggu, ananging sampun kedah dipunsiyapaken kawit sesasi utawa rong sasi saderengipun upacara pengantin. Menika mujudaken menawi mantenan menika boten perkaos ingkang gampil, ananging ngemu makna ingkang ageng.
            Ingkang kedah dipuntumindakaken kaliyan temanten ugi kaluwarga menawi badhe upacara temanten inggih menika nontoni, paningsetan, tarub, tuwuhan, nyantri, siraman, midodareni, ijab, kaliyan panggih. Prosesi menika ingkang badhe dipunandharaken wonten ngandhap menika.
1.      Nontoni
Nontoni inggih menika mirsani sinten tiyang ingkang badhe dipunajak bebojoan. Nontoni menika dipuntummindakaken jalaran menawi jaman kapengker, tiyang jawi ingkang badhe dipunjodhohaken dereng mesthi ngertos sinten ingkang mangkeh dados garwanipun. Nontoni menika dipuntumindakaken kaliyan tiyang jaler. Saking kaluwarga ingkang jaler, ngirim utusan kangge mirsani tiyang estri ingkang badhe dipundadosaken mantu. menawi sampun lajeng pihak ingkang jaler kersa kaliyan calonipun, salajengipun inggih menika acara lamaran.
2.      Paningset
Paningset inggih menika upacara saking kaluwarga jaler maringaken barang ingkang dados simbol pangiket antawis temanten jaler kaliyan temanten estri. Barang ingkang dipunparingaken dhumateng temanten putri kados kalengkapan ibadah, adus, rias, lan sapanunggalanipun.
3.      Tarub
Menawi sampun dipuntumindakaken paningsetan, salajengipun inggih menika tarub. Tarub inggih menika prosesi adat ingkang awujud pasang janur. Janur menika dipunpasang wonten ngajeng saderengipun mlebet latar ingkang gadhah mantu. Janur wau dipunrias kanthi sae lajeng dipundamel kados gapura. Setunggal janur dipunpasang wonten tengen lajeng setunggal malih wonten kiwa, lajeng mangke pucuking janur wau kepanggih wonten tengah.
4.      Tuwuhan
Nalika pasang tarub wau, lajeng dipuntumindakaken pasang tuwuhan. Tuwuhan menika kangge dipunjangkepi tarub. Lajeng ingkang wonten tuwuhan menika awujud tundunan klapa gadhing, klapa ingkang sampun garing, pari ingkang tasih wonten gagange, godhong kemuning, suket alang-alang, godhong kluweh, tebu wulung, gedhang raja ayu ingkang tasih wonten tuntunipun. Menawi sampun pasang tarub, lajeng Bapa Biyung ngagem jarik cakarayam. Tarub menika dipuntumindakaken sareng kaliyan prosesi siraman manten.
5.      Nyantri
Nyantri inggih menika prosesi ingkang awujud nitipaken temanten kakung wonten griyanipun temanten putri. temanten menika wonten griyanipun temanten putri setunggal utawi kalih dinten saderengipun acara nikahan.
6.      Siraman
Acara siraman dilaksanakaken sareng kaliyan pasang tarub. Acara siraman menika tujuwanipun kangge nyuciake temanten. Ingkang dipunginakaken kangge siraman inggih menika kembang setaman, godhong-godhongan, dlingo bengle, klapa ijo ingkang tasih wonten sepetipun, kendhi, mori, lan sapanunggalanipun. Urut-urutanipun acara siraman inggih menika:
a.       Para pinisepuh masuh temanten ngangge toya ingkang sampun dipuncampur kembang.
b.      Temanten mecahaken kendhi.
c.       Temanten putri dipuncukur sekedhik rikmanipun.
d.      Tiyang sepuh temanten putri nggendhong temanten putri.
e.       Tiyang sepuh ngajak dodol dhawet temanten putri.
f.       Tiyang sepuh ndulang putinipun.
7.      Midodareni
Acara midodareni menika dipuntumindakaken nalika ndalu. Nalika midodareni, temanten putri dipunrias kados widadari lajeng boten angsal tilem ngantos tabuh 12 wengi.
8.      Ijab
Acara ijab menika, temanten kakung kaliyan putri ngucapaken janji lajeng saking kaluwarga temanten kakung maringi mas kawin kangge temanten putri.
9.      Panggih
Acara panggih menika acara ingkang pungkasan saking upacara pengantin Jawi. Nalika panggih, wonten urut-urutanipun inggih menika:
a.       Pasrah tinampi, inggih menika masrahaken temanten kakung dhumateng kaluwarga temanten putri.
b.      Pasrah pisang sanggan
c.       Tukar kembang mayang
d.      Balangan gantal, inggih menika temanten kakung kaliyan putri balang-balangan godhong sirih.
e.       Wijidadi, inggih menika temanten kakung ngidak tigan pitik ngangge samparan ingkang tengen.
f.       Junjung derajat, inggih menika temantenkakung ngangkat temanten putri.
g.      Unjukan tirto wening, inggih menika unjukan saking tiyang sepuh temanten putri kangge temanten kalih.
h.      Sinduran, inggih menika Bapa temanten putri nuntun temanten kekalih nuju pelaminan dene Biyung temanten putri ingkang nyampiraken kain sindur.
i.        Pangkon, inggih menika para temanten lungguh dipunpangku dening Bapa temanten putri.
j.        Tanem jero, inggih menika Bapa temanten putri nglungguhaken temanten wonten kursi pelaminan.
k.      Kacar-kucur, inggih menika prosesi ingkang awujud temanten putra ngucuraken beras kuning wonten pangkuwanipun temanten putri.
l.        Dhahar kalimah, inggih menika para temanten dulang-dulangan.
m.    Jemput besan, inggih menika tiyang sepuh temanten putri methuk tiyang sepuh temanten kakung lajeng sareng-sareng nuju pellaminan.
n.      Sungkeman, inggih menika para temanten sungkem kaliyan tiyang sepahipun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar