Blogger Widgets Sinau Basa Jawa bereng Hanif Rahma: Tembung Camboran

Jumat, 20 Desember 2013

Tembung Camboran

Tembung camboran yaiku rong tembung utawa luwih kang digandhèng dadi siji ngliwati sawijining prosès morfologi. Prosès morfologi yakuwi prosès owah-owahan saka morfem dadi polimorfem, sing nduwèni kategori lan makna wutuh, saéngga polimeorfem iku disebut tembung. Jroning basa jawa, ana telung prosès morfologi sing disinaoni, yakuwi: prosès wuwuhan (pengimbuhan), prosès rangkep (pengulangan), lan prosès camboran (pemajemukan). Prosès camboran (pemajemukan) yaiku prosès panggabungan morfem dhasar, sing biasa digabung yakuwi lingga karo lingga liyané. Camboran dipérang dadi loro, yaiku: camboran wutuh lan camboran udhar. Camboran wutuh minangka camboran sing konstruksiné digabung, saéngga ngasilaké siji makna. Déné camboran udhar arupa camboran sing konstruksiné kapisah lan maknané isih digabung, saliyané kuwi unsuré isih bisa digolèki.



sumber:
http://jv.wikipedia.org/wiki/Tembung_camboran

Tidak ada komentar:

Posting Komentar