Blogger Widgets Sinau Basa Jawa bereng Hanif Rahma: Njingkrung

Senin, 16 Desember 2013

Njingkrung


Esuk iki srengenge isih umpetan ing mburi lawang
Ora gelem njedhul raketang wis padha diceluk
Isih wae ra gelem metu mbok wis akeh kang nesu
Uga isih wae njingkrung ra obah mbok wis ana sing nyeret
Ora gelem tangi, ora gelem melek

Srengenge iki isih wae ra gelem nyawang liya
Mantep ora obah ketimbang kesampar
Mantep meneng ketimbang dirajang
Isih ra gelem mara sanajan diceluk dening wong gumedhe

 Srengenge iki kakean mikir ra tumandang
Tumandang wae kudu dikomandho
Ah, wis kesel anggone melingke
Sing diwelingke ora gage rekat, dirungu wae paling ora

Srengengene mung meneng wae kaya watu
Watu wae isih isa pecah nalika di thuthuk
Nanging, srengenge iki netep atose

September 2013

Tidak ada komentar:

Posting Komentar